Pangertosan Sengkalan MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI.

245 Sengkalan : sangkala + an = sangkalaan - sangkalan amargi hukum sandi Lajeng dados pakulinan, sengkalan. Sangkala : asmaning tiyang, inggih menika Ajisaka nalika taksih timur. b. Miturut Dr. Hazeuw Wonten ing Pararaton Jilid I kaca 14 ingkang dipunkutip dening RM Mangkudimeja ingkang salajengipun dipunkutip malih dening R. Bratakestawa ingkang ngandharaken bilih Sangkalan utawi sengkalan asalipun saking basa Sanskrit Sakakala. Sakakala = saka + kala Saka utawi Isaka : asmanipun tiyang inggih menika Ajisaka Kala : wekdal Dados, sengkalan inggih menika petangan wekdal miturut Saka c. Miturut Bausastra Roorda Sengkalan = saka + kala Saka: Ajisaka inggih menika asmanipun raja ingkang dipunsebut wonten ing Babad Tanah Jawi Kala : wekdal Dados, sengkalan inggih menika petangan wekdal miturut Raja Saka d. Miturut Dr. J. Gonda “ Jav. Senkala chronogram is not convincingly, it is true held to have sprung from o. jav Sakala saka year, date skt. Sakakala the saka era ” Wonten ing basa Jawi sengkalan boten namung ateges seratan wekdal ingkang sinandhi. Sengkalan saestu wonten saking Jawi kuna, sakala, taun Saka, surya kaping, wekdal Saka. 246 e. Kadhang kala layang utawi yayasan dipunpengeti ngangge angka taun. Cara mekaten wau kawiwitan nalika tiyang ngginakaken taun saka. Ukara ingkang ngemu suraos angkaning taun lajeng dipunsebut “Saka kala” utawi “sengkalan” Subalidinata, 1974: 75. f. Dwiraharjo 2008: 135 ngandharaken tegesipun sengkalan inggih menika unen- unen ingkang arupi ukara saha ngemu teges angkaning taun, kajawi mujudaken angka taun ukara sengkalan padatan ugi gadhah teges ingkang wonten sambet rapetipun kalian kedadosan ingkang dipunpengeti. g. Jatirahayu 2010: 58 ngandharaken bilih sengkalan inggih menika tetembungan utawi gambar saged ugi arupi pepethan patung kangge mengeti kedadosan ingkang wigatos ingkang mujudaken angka taun. Satemah sengkalan inggih menika unen-unen ingkang arupi tetembungan frase utawi gambar pepethan patung ingkang ngemu teges angka taun kangge mengeti kedadosan ingkan wigatos.

B. Mula Bukaning Sengkalan

Panganggenipun sengkalan wonten ing salebeting tradhisi panyeratipun sejarah Jawi sampun sepuh sanget, dumugi samenika wonten ing panyeratipun sejarah Jawi ingkang dipunanggep paling sepuh inggih menika sengkalan ingkang dipunserat mawi basa Sansekerta ing prasasti Canggal ingkang dumunung wonten ing Gunung Wukir, Kecamatan Kadiluwih, Kedu Selatan, ungelipun: syruti indrya rasa, kanthi teges taun 654 Ҫ aka. Sengkalan menika kalebet suryasengkala ingkang adhedhasar taun lampahing surya taun Syamsiah. Miturut sejarah suryasengkala langkung rumiyin dipunangge. Dumugi pungkasaning pamarentahan kerajaan Majapahit tiyang 247 Jawi ngginakaken suryasengkala. Nalika jaman Demak wiwit dipunginakan taun Arab kaliyan petangan taun Hijriah ingkang dhasaripun taun lampahing wulan taun komariah, wujudipun dados candra sengkala. Daliman, 2012: 27. Miturut Dwiraharjo 2006: 10 prasasti Canggal menika minangka prasasti ingkang sepuh piyambak. Sumber-sumber sejarah sanesipun bilih saderengipun taun 732 M dereng dipunpanggihi. Pramila dipupendhet dudutan bilih sengkalan dipunangge nalika abad kaping 8 nalika raja-raja saha dinasti Sanjaya. Miturut sumber sejarah prasasti Canggal nedahaken minangka prasasti sepung piyambak ingkang ngemu sengkalan, pramila dudutanipun sengkalan dipunanggep wonten sepisanan nalika 654 Ҫ aka 732 M.

3. Materi Prinsip: Jinisipun Sengkalan

a. Miturut petangan wekdal utawi lampahing taun, Sengkalan kaperang dados kalih :

a Candra Sengkala Inggih menika etangan wekdal miturut lampahing wulan utawi Tarikh Komariyah, tuladhanipun : Taun Hijriyah saha Taun Jawa b Surya Sengkala Inggih menika etangan wekdal miturut lampahing srengenge utawi Tarikh Syamsiyah, tuladhanipun : Taun Masehi

b. Miturut visualisasi

Sengkalan kaperang dados kalih : a Sengkalan Lamba Sengkalan ingkang cacahipun taun ingkang dipunpengeti kawujudan kanthi ngangge tetembungan b Sengkalan Memet

Dokumen yang terkait

AN ANALYSIS ON GRAMMATICAL ERROR IN WRITING MADE BY THE TENTH GRADE OF MULTIMEDIA CLASS IN SMK MUHAMMADIYAH 2 MALANG

26 336 20

PENYESUAIAN SOSIAL SISWA REGULER DENGAN ADANYA ANAK BERKEBUTUHAN KHUSUS DI SD INKLUSI GUGUS 4 SUMBERSARI MALANG

64 523 26

KONSTRUKSI MEDIA TENTANG KETERLIBATAN POLITISI PARTAI DEMOKRAT ANAS URBANINGRUM PADA KASUS KORUPSI PROYEK PEMBANGUNAN KOMPLEK OLAHRAGA DI BUKIT HAMBALANG (Analisis Wacana Koran Harian Pagi Surya edisi 9-12, 16, 18 dan 23 Februari 2013 )

64 565 20

PENERAPAN MEDIA LITERASI DI KALANGAN JURNALIS KAMPUS (Studi pada Jurnalis Unit Aktivitas Pers Kampus Mahasiswa (UKPM) Kavling 10, Koran Bestari, dan Unit Kegitan Pers Mahasiswa (UKPM) Civitas)

105 442 24

PEMAKNAAN BERITA PERKEMBANGAN KOMODITI BERJANGKA PADA PROGRAM ACARA KABAR PASAR DI TV ONE (Analisis Resepsi Pada Karyawan PT Victory International Futures Malang)

18 209 45

MASALAH YANG DIHADAPI SISWA PADA JURUSAN YANG TIDAK SESUAI MINAT

10 183 1

HUBUNGAN SELF EFFICACY DENGAN KESIAPAN KERJA PADA SISWA SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN

13 162 19

AN ANALYSIS OF LANGUAGE CONTENT IN THE SYLLABUS FOR ESP COURSE USING ESP APPROACH THE SECRETARY AND MANAGEMENT PROGRAM BUSINESS TRAINING CENTER (BTC) JEMBER IN ACADEMIC YEAR OF 2000 2001

3 95 76

EFEKTIVITAS PENGAJARAN BAHASA INGGRIS MELALUI MEDIA LAGU BAGI SISWA PROGRAM EARLY LEARNERS DI EF ENGLISH FIRST NUSANTARA JEMBER

10 152 10

IMPLEMENTASI PROGRAM PENYEDIAAN AIR MINUM BERBASIS MASYARAKAT (Studi Deskriptif di Desa Tiris Kecamatan Tiris Kabupaten Probolinggo)

21 177 22