Dhasaring Panaliten MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI.
2
Adhedhasar andharan kurikulum, materi sengkalan dados materi enggal ingkang nembe kapacak wonten ing kurikulum 2013 amargi saderengipun dereng
kapacak ing KTSP SMA SMK. Kanthi mekaten, dereng wonten media pasinaon ngengingi materi sengkalan tumrap pasinaon basa Jawi SMA SMK. Pramila,
media pasinaon ngengingi sengkalan dipunbetahaken tumrap pasinaon basa Jawi mliginipun media adhedhasar teknologi informasi.
Teknologi informasi saged kangge media pambiyantu wonten ing proses pasinaon. Wonten ing pasinaon
sengkalan, teknologi informasi
saged dipundadosaken media pasinaon ingkang langkung kreatif, satemah saged
nuwuhaken greget siswa anggenipun sinau materi sengkalan. Materi sengkalan ingkang sipatipun interaktif dipunraos prelu sanget tumrap pasinaon Basa Jawi.
Wonten ing SMA 1 Pakem, panaliti ningali pamulangan basa Jawi saperlu mangertosi kabetahan media pasinaon sengkalan. Saking asilipun observasi
menika nedahaken bilih guru namung ngandharaken materi sengkalan wonten ing ngajeng kelas kanthi cara konvensional. Cara pamulangan konvensional tanpa
ngginakaken media interaktif menika njalari siswa bosen saha ngantuk wonten ing kelas. Media pasinaon ingkang dipunginakaken namung arupi buku saha wacan
sengkalan. Media pasinaon ingkang dipunginakaken satemah njalari kirangipun greget siswa anggenipun sinau materi basa Jawi, mliginipun sengkalan. Siswa
kirang nggatosaken guru ingkang ngandharaken materi satemah njalari asiling pasinaon basa Jawi siswa dados kirang sae. Bab menika, nedahaken prelunipun
kreatifitas guru kangge damel media pasinaon interaktif supados saged nambah greget siswa anggenipun sinau basa Jawi mliginipun bab sengkalan.
3
Sedaya prekawis wonten ing nginggil dados dhasaring panaliti mujudaken media pasinaon mliginipun materi sengkalan ingkang kapetang taksih enggal
lumebet wonten Kurikulum 2013. Media pasinaon ingkang dipundamel inggih menika aplikasi software komputer mawi
Program Adobe Flash CS5. Wontenipun media pasinaon menika, saged
nggampilaken guru kangge
ngandharaken materi saha saged damel siswa langkung greget nyinau materi sengkalan sarta saged njumbuhaken ancasipun kurikulum 2013 kangge mujudaken
pasinaon adhedhasar TIK. Media pasinaon interaktif mawi Program Adobe Flash CS5 kanthi materi
sengkalan dipundamel kanthi tataran-tataran ingkang sampun gumathok saha urut. Media menika ngemu animasi kreatif saha sipatipun interaktif tumrap siswa.
Pramila, ancasing media supados saged narik kawigatosanipun siswa satemah saged ngindhakaken asiling pasinaon basa Jawi siswa kelas XI mliginipun
pasinaon sengkalan. Kangge mujudaken pasinaon ingkang sae, media pasinaon interaktif ugi
kedah gadhah kualitas ingkang sae. Kualitas media pasinaon prelu dipunbiji dening para ahli saderengipun media dipunginakaken ing pawiyatan. Salajengipun
media ugi prelu dipunsuwunaken pamanggih dhumateng guru saha siswa minangka tiyang ingkang nglampahi pasinaon. Kanthi mekaten, media pasinaon
ingkang dipundamel saged nggayuh ancasipun pasinaon kanthi sae amargi kualitasipun media sampun sae.
4