Pertanyaan tentang Wilayah Dusun Condong Desa Condong Campur Dian:
I 01: ” Kesenian Cepetan biasa dipentasaken nggih pas wonten hajatan teng desa, kadang nggih warga desa sami nanggap Cepetan kangge ngisi hiburan pas
lagi wonten hajatan mantu napa supitan, peringatan pitulas Agustus, taun baru Hijriyah namun tujuane kangge ngramekaken. “
Dian:
” Lajeng pentas Cepetan menika saged dilaksanakaken kapan ? “ I 01:
“ Seringe nggih awan bar bedug tekan sore, antarane jam rolasan tekan jam lima, biasane malah mulai pentase ndalu mulai jam sepuluh tekan jam telu
isuk. Nggih pokoke niku sesuai kalih kesepakatan Paguyuban.”
Dian:
“ Menawi pentasipun ndalu, menapa tetep wonten atraski mendem k
ados
menika, Mbah ?” I 01: “ Nggih tetep wonten Mba, pentase badhe awan napa ndalu tetep wonten
proses janturan mendeman, lha wong sampun disiapaken sajen- sajene.”
Dian : “ Kesenian
Cepetan menika dipunlaksanaaken wonten pundi
Mbah?” I 01:
“ Nggih teng lapangan Balai Desa, kadang teng latar ngarepan umah kula. Nanging pas ditanggapacarahajatan, nggih pentas Cepetan teng griyane
tiyang sing gadah hajatan niku, nggih sing penting nyesuaiken situasi lan kondisi kalih kesepakatan warga mawon.”
Dian: ”
Menawi pentas Cepetan nalika ditanggap saweg mangsa rending, lha
pentasipun menika kados pundi, mbah?” I 01:
” Pentase nggih tetep teng lapangan, nanging ditarub, amargisampun dados kesepakatanPaguyuban.Lha kala wingi, wonten tiyang ingkang gadhah
damel badhe nanggap Cepetan, panggenane wonten dalemipun pak Sujono kangge ngibur kawinan putrinipun ingkang namanipun mba Arum kaliyan
mas Slamet. Panggenan kangge pentas Cepetan wonten lataran griyanipun pak S
ujono ingkang sampun ditarub.” 7. Pertanyaan tentang Prosesi Kesenian Cepetan
Dian: “
Menawi urut-
urutan Kesenian Cepetan menapa kemawon mbah ?” I 01:
“ Urut-urutanipunnggih sapisanan nyiapaken sajen-sajen wau, lajeng nyiapaken peralatan lan
properti kangge pentas.”
Dian: “
Peralatan ingkang disiapaken kangge pentas kesenian Cepetan kados
menapa ?” I 01:
“ Peralatane nggih topeng-topeng cepetan, seperangkat gamelan kalih busana kangge pentas, namung niku mawon. “
Dian: “
Lajeng
urutan adegan Kesenian Cepetan menika kados pundi mbah?” I 01
: “ Urutan adegan Cepetan wonten 4, adegan pertama Sesembahan, atraksi Kiprahan, Joged Selingan, Janturan. “
Dian: “
Urutan adegan-
adegan kala wau kados menapa, Mbah ?” I 01:
“ Adegan kang pertama niku Sesembahan, bar niku atraksi Kiprahan, lajeng Joged Selingan diiringi tembang Banyumasan kados tembang Dawet Ayu,
Celeng Mogok, Baturraden, lan badhe prose janturan dirubah dados Slendro patet songo, tembange Eling-eling, Gudril, Ijo-ijo. Lajeng
Gendhingan panutup Gunungsari.” Dian:
“ Adegan sesembahan menika kados pundi, mbah?” I 01:
“ Sajen menika kedah wonten, napa maleh menika kangge srana supados para penari saged kesurupan roh lelembut, lan ugi kangge ngormati Sang
Maha Kuasa. Menika kedah wonten saben ngontenaken Cepetan, lan mangkenek sajenne niku pun disiapaken, kula kaleh mbah Karto Rejo
rapalaken mantra-mantra gentian, lha bar niku nembe adegan tarian sesembahan. Kiprahan niku biasane diiringi tetabuhan gamelan
Banyumasan kangge ngiringi gerakan tarian penari Cepetan. Gerakane niku diulang-diulang nurut tembangane. Iringan joged Selingan dipun iringi
gendhing-gendhing kados Samiran, Blendongan, lajeng nek badhe mlebet Janturan digantos Slrendo Patet Songo ngangge tembang Eling-eling,
Gudril, lan Ijo- ijo. Lha mangke sing ngge penutup tembang Gunungsari, lajeng pas persiapan jantur niku penimbul bakar kemeyan.
” Dian:
“ Adegan janturan menika kados pundi?” I 01:
“ Janturan kuwi adegan proses ngundang roh alus utawa pembayu sing jenenge Indang. Proses janturan wau sang penimbul bakar menyan lan
areng, lha penari Cepetan mendheme niku manut wujud topeng sing dingge. “
Dian: ” Maksudipun kados pundi Mbah ?”