Pertanyaan tentang Potensi Kesenian di Dusun Condong
Dian: “
Peralatan ingkang disiapaken kangge pentas kesenian Cepetan kados
menapa ?” I 01:
“ Peralatane nggih topeng-topeng cepetan, seperangkat gamelan kalih busana kangge pentas, namung niku mawon. “
Dian: “
Lajeng
urutan adegan Kesenian Cepetan menika kados pundi mbah?” I 01
: “ Urutan adegan Cepetan wonten 4, adegan pertama Sesembahan, atraksi Kiprahan, Joged Selingan, Janturan. “
Dian: “
Urutan adegan-
adegan kala wau kados menapa, Mbah ?” I 01:
“ Adegan kang pertama niku Sesembahan, bar niku atraksi Kiprahan, lajeng Joged Selingan diiringi tembang Banyumasan kados tembang Dawet Ayu,
Celeng Mogok, Baturraden, lan badhe prose janturan dirubah dados Slendro patet songo, tembange Eling-eling, Gudril, Ijo-ijo. Lajeng
Gendhingan panutup Gunungsari.” Dian:
“ Adegan sesembahan menika kados pundi, mbah?” I 01:
“ Sajen menika kedah wonten, napa maleh menika kangge srana supados para penari saged kesurupan roh lelembut, lan ugi kangge ngormati Sang
Maha Kuasa. Menika kedah wonten saben ngontenaken Cepetan, lan mangkenek sajenne niku pun disiapaken, kula kaleh mbah Karto Rejo
rapalaken mantra-mantra gentian, lha bar niku nembe adegan tarian sesembahan. Kiprahan niku biasane diiringi tetabuhan gamelan
Banyumasan kangge ngiringi gerakan tarian penari Cepetan. Gerakane niku diulang-diulang nurut tembangane. Iringan joged Selingan dipun iringi
gendhing-gendhing kados Samiran, Blendongan, lajeng nek badhe mlebet Janturan digantos Slrendo Patet Songo ngangge tembang Eling-eling,
Gudril, lan Ijo- ijo. Lha mangke sing ngge penutup tembang Gunungsari, lajeng pas persiapan jantur niku penimbul bakar kemeyan.
” Dian:
“ Adegan janturan menika kados pundi?” I 01:
“ Janturan kuwi adegan proses ngundang roh alus utawa pembayu sing jenenge Indang. Proses janturan wau sang penimbul bakar menyan lan
areng, lha penari Cepetan mendheme niku manut wujud topeng sing dingge. “
Dian: ” Maksudipun kados pundi Mbah ?”
I 01 : “ Nggih mekaten, kesenian Cepetan niku kan tarian topeng kang gambaraken
wujud topeng-topeng kang ala. Nalika proses janturan, para penari Cepet sampun sami mendem, nanging mendeme niki tingkahe sami kaliyan
topeng kang dingge penari-penari niku. Nggih misale, penari Cepet niku ngangge topeng wujude Kethek, wujude kados tingkah kethek, senenge
nggih mangani kacang, gedhang.“ Dian: “
Lajeng gendhing ingkang diginaaken Kesenian Cepetan menapa kemawon ?” I 01:
“ Gendhing pembukane ngangge gendhing Samiran lajeng dilanjutaken Blendongan, diiringi selingan tembang Banyumasan kados Dawet Ayu,
Celeng Mogok, Baturraden lan badhe proses Janturan dirubah dados Slendro patet songo tembangipun Eling-eling, Gudril, Ijo-ijo, Gendhingan
panutup menika Gunungsari.” Dian:
“
Kesenian Cepetan menika, menapa wonten prosesi khusus ingkang kedah
dipunlaksanaaken ?” I 01 :
“ Nek prosesi khusus boten wonten, namung bar rampung pentas diparingi arahan mawon saking Ketua Paguyuban kangge para penari diwajibkan
adus kramas supados buang energi negatif bar mendeman kala wau.”