B. Catatan Lapangan Wawancara CLW 02 Informan 02 : Bapak Harjo Suwito
Umur
: 49 tahun Pekerjaan
: Kepala Desa Condong Campur Alamat
: Dusun Condong Desa Condong Campur Hari tanggal : Kamis, 25 Oktober 2012
Tempat : Rumah Pak Harjo Suwito Waktu
: 10.00 - 15.00 WIB Kedudukan
: Pembina Paguyuban Karya Bakti Berikut pernyataan informan 02 Pak Harjo Suwito:
P = Peneliti I = Informan
1. Pertanyaan tentang keadaan wilayah geografis
Dian: ”
Dusun Condong menika mlebet wilayah pundi nggih pak? Lajeng hubunganipun kaliyan kesenian Cepetan kados pundi?
” I 02:
“ Riyen wiwit onten makamme mbah Trunojoyo teng puncak gunung Condong, makam Trunojoyo mulai dikramataken. Saking leluhur desa mriki,
warga Condong riyen kathah sing sami nganut kepercayaan roh-roh leluhur teng puncak gunung Condong. Lajeng kepercayaan niku wau diwujudtaken
wonten upacara-upacara sesembahan kangge roh-roh leluhur kados nyediakaken sajen-sajen teng puncak gunung Condong. Lha nek saking
tradisi upacara sesembahan jaman sakniki saged diwujudtaken lewat
kesenian Cepetan. “
2. Pertanyaan tentang Keadaan Penduduk Demografis Dian:
“ Lajeng umur warga dusun mriki ingkang dados penari Cepetan pripun pak? “ I 02: “ Penari Cepetan teng dusun Condong, rata-rata umure taksih sami enem.
Anggota paguyuban mriki sepertelune pancen tiyang enem. Saniki tiyang enem sing kedah dados generasi penerus saking kesenian Cepetan, amargi
pun sami sepuh kados kula niki. “
3. Pertanyaan tentang Keadaan Pemerintahan
Dian : “
Dukungan pemerintah kangge kesenian Cepetan menapa mawon pak ?
” I 02:
“ Samenika sebagian warga katah sami minat latihan nari topeng Cepetan teng balai desa. Dukungan pamerintah desa sing pun nyediakaken balai desa
kangge papan latihan nari Cepetan niku supados kanggo ngupayaken lan ngembangaken potensi kesenian Cepetan wonten desa Condong Campur
kangge warga mriki, amargi kesenian Cepetan niki namung wonten teng dusun Condong desa Condong Campur, supados kesenian Cepetan dados
pusat kesenian budaya tradisional wonten kecamatan Sruweng kabupaten
Kebumen.“
4. Pertanyaan tentang Asal Muasal Istilah Cepet
Dian: “
Pak, badhe nyuwun pirsa, tegese istilah Cepet niku menapa
? ”
I 02 : “Kulo boten ngertos asal usulipun Cepet menika saking pundi, lan ngantos
saged disebut makaten. Kula ngertosipun Cepet menika saking“cepat-cepot,
nggih menika rupanipun ingkang dicorang-coreng supados tiyang-tiyang dados ajrih.”
5. Pertanyaan tentang asal usul kesenian Cepetan
Dian: “
Badhe nyuwun pirsa pak, kados pundi asal-usulipun kesenian Cepetan wonten dusun Condong menika ?
I 02: “Kesenian Cepetan wonten dusun Condong menika dipunwiwiti kirang
langkung taun 1946 saksampunipun Indonesia Merdeka, senajan kula dereng lair nanging cerita niku sampun wonten.”
Dian :”
Ingkang sapisanan ngontenaken Kesenian Cepetan wonten dusun Condong menika sinten, Mbah? Lan wiwit kapan kesenian Cepetan dikenal
masyarakat dusun Condong ?” I 02:
“Kesenian Cepetan wonten dusun Condong menika dipunwiwiti kirang langkung taun 1946 saksampunipun Indonesia Merdeka, senajan kula dereng
lair nanging cerita niku sampun wonten.”
6. Pertanyaan tentang waktu dan tempat pelaksanaan kesenian Cepetan
Dian: “ Wedal kalihan teng pundi
nggih pak, ingkang nganakaken pertunjukan Cepetan menika ?
I 02: ”Lha kala wingi enten tiyang sing lagi ndhuwe gawe hajatan nikahan, nanggap
Cepetan ugi, teng daleme Pak Sujono ingkang saweg nikahaken putrine sing namine Mba Arum, lokasi pementasan nggih teng latarripun, sing pun ditarub.
Nggih supados tamu-tamu saged ningali tarian Cepetan secara langsung. Panggenan kanggo nganakaken kesenian Cepetan biasane nggih teng Balai
Desa, kadang teng latare griya kula, nek pas wonten hajatan enten sing nangga
p cepeten, nggih dianakaken teng dalemme tiyang niku.” 7. Pertanyaan tentang Prosesi Kesenian Cepetan
Dian: “
Adegan pertunjukan Cepetan menika kados pundi, pak
?” I 02:
” Sajen menika saene sing komplit. Kedah wonten kembang telon lan jajan pasar kaleh wedang komoh, kembang lan kemenyan, supados penarine sami
mendem pas atraksi badhe di jantur, lajeng mangke onten sajen kangge slametan bar bubar Cepetan kados uripan mentah kados sayur-sayuran niku
wau dilebetaken wonten rinjing. Adegan kiprahan niku gerakanne diulang- ulang, sing dadi pokok antawis gerakan pacak gulu, nyingsetaken sabuk,
pincangan, lajeng sabetan miturut iringan tabuhan gamelan lan tembange. Nek saweg joged selingan, penimbul bakar kemenyan kangge persiapan
mlebet proses Jantur supados penari Cepetan mendhem. “ Dian:
“
Warga mriki kok seneng nonton Cepetan wonten menapa nggih Pak
? “ I 02:
“ Nek miturut kula, warga pancen seneng nonton Cepetan, amargi mendhemme niku dados puncake tarian Cepetan. Tarian Cepetan niki
atraksi mendehemme niku temenan boten digawe-gawe, penarine niku boten sami sadar, topeng sing dingge kaliyan penari mangke nek pas lagi
mendem persis kados wujud topenge niku wau, lha mangke nek pun mendeme ndadi lajeng diobati kalih penimbulcarane niku disembur utawa
ditimbul diwacakaken donga-
donga mantra.“
8. Pertanyaan tentang Pelaku Kesenian Cepetan
Dian: ”
Lajeng Penimbul menika menapa pak ,
lan tugasipun menapa kemawon ?”