Pertanyaan tentang Keadaan Pemerintahan

Dian: “ Peralatan ingkang disiapaken kangge pentas kesenian Cepetan kados menapa ?” I 01: “ Peralatane nggih topeng-topeng cepetan, seperangkat gamelan kalih busana kangge pentas, namung niku mawon. “ Dian: “ Lajeng urutan adegan Kesenian Cepetan menika kados pundi mbah?” I 01 : “ Urutan adegan Cepetan wonten 4, adegan pertama Sesembahan, atraksi Kiprahan, Joged Selingan, Janturan. “ Dian: “ Urutan adegan- adegan kala wau kados menapa, Mbah ?” I 01: “ Adegan kang pertama niku Sesembahan, bar niku atraksi Kiprahan, lajeng Joged Selingan diiringi tembang Banyumasan kados tembang Dawet Ayu, Celeng Mogok, Baturraden, lan badhe prose janturan dirubah dados Slendro patet songo, tembange Eling-eling, Gudril, Ijo-ijo. Lajeng Gendhingan panutup Gunungsari.” Dian: “ Adegan sesembahan menika kados pundi, mbah?” I 01: “ Sajen menika kedah wonten, napa maleh menika kangge srana supados para penari saged kesurupan roh lelembut, lan ugi kangge ngormati Sang Maha Kuasa. Menika kedah wonten saben ngontenaken Cepetan, lan mangkenek sajenne niku pun disiapaken, kula kaleh mbah Karto Rejo rapalaken mantra-mantra gentian, lha bar niku nembe adegan tarian sesembahan. Kiprahan niku biasane diiringi tetabuhan gamelan Banyumasan kangge ngiringi gerakan tarian penari Cepetan. Gerakane niku diulang-diulang nurut tembangane. Iringan joged Selingan dipun iringi gendhing-gendhing kados Samiran, Blendongan, lajeng nek badhe mlebet Janturan digantos Slrendo Patet Songo ngangge tembang Eling-eling, Gudril, lan Ijo- ijo. Lha mangke sing ngge penutup tembang Gunungsari, lajeng pas persiapan jantur niku penimbul bakar kemeyan. ” Dian: “ Adegan janturan menika kados pundi?” I 01: “ Janturan kuwi adegan proses ngundang roh alus utawa pembayu sing jenenge Indang. Proses janturan wau sang penimbul bakar menyan lan areng, lha penari Cepetan mendheme niku manut wujud topeng sing dingge. “ Dian: ” Maksudipun kados pundi Mbah ?”