Pertanyaan tentang Asal Muasal Istilah Cepet

Kesenian Cepetan boten namung sekedar tontonan mawon. Nanging tontonan niku piyambak, gadhahi makna lan manfaat kangge manungsa, bahwa tontonan niku seyogyane tuntunan sing maknanengelambangaken lan gambaraken watak utawa sifat cepet sing ala, kita dados manungsa supados boten niru sifat utawa watak cepet. Topeng niki dipendhet saking tokoh pewayangan jenenge topeng Dasamuka, gambaraken watak sing ngandelaken angkara murkane. Lha nek niki nggih dipendhet saking tokoh pewayangan wujude ksatria, kastria niki sing kudune perilakune kados satria, nanging niki ksatria sing mboten sae, satria nakal. Topeng niki jenenge topeng Kumbakarna, gambaraken watak tiyang nakal boten sae, seneng nglemboni, menange dewek. Topeng niki jenenge topeng Kumba asmaning Kumba cokelat, watake gambaraken tiyang mbajug. Nek topeng niki jenenge topeng Kumba asmaning Kumba warna abang, watake niki gambaraken manungsa sing seneng ngendelaken kekutan lan kesaktiane, adigang adigung adiguna. Kula kinten Sadapalon ingkang biru nggadahi watak maksiat, seneng main medon. Sanese niku nggih remen mabuk-mabukan utawi main judi lan sanese. Sami kados Sadapalon merah, meh sami watakipun. Namun benten corakipun. Lha nek niki kan gambare sami kados ksatria tapi ksatria sing nakal namung niki warnane sing benten enten sing warnane biru lan abang, maknane pun nggih sami, watake sami-sami gambaraken kemaksiatan, demen molimo kados melacur, mabok, nyolong. Topeng niki wujude kados segawon utawa srigala, topeng niki dijenenge cacinganil, sing uripe ngandelaken taring lan cakarane sing kuat lan landhep, watake niku gambaraken kekuatan sing ngrugikaken kangge tiyang sanes.”

10. Pertanyaan tentang Perangkat Gamelan

Dian: Perangkat gamelan ingkang diginakaken menapa kemawon? I 02: “ Perangkat gamelan kesenian Cepetan jaman riyen niku namung seontenne kados kendang, saron, lan jidur mawon, nanging nek seniki perangkat gamelane sampun lumayan komplit pun onten tambahan kados organ tunggal, kendang, saron, bonang, kenong, kempul, pekingan, gong, drum jidur supados tambah rame.”

11. Pertanyaan tentang Sesaji Pertunjukan Kesenian Cepetan

Dian : “ Godhong Kemadu menika kados menapa, pak ?”