Pertanyaan tentang Perangkat Gamelan Pertanyaan tentang Sesaji Pertunjukan Kesenian Cepetan

Kumbakarna niki watake licik, seneng nipu terus boten bertanggung jawab artine mlayu saking masalah, intine niku boten gelem terus terang boten jujur. Sangertose kula niku, Kumba warni abang niki pancen adigang adigung adiguna, amargi ngarasa mampu, kuat, kuasa. Pokoke ngrasa paling sgala-sgalane. Sadapalon biru lan merah sami mawon. Kalihipun sami-sami maksiat. Seneng melacur, mabuk, main judi, nyolong lan minum obatan-obatan. Nek niki lakon ketoprak, wujudte topeng luthung utawa kethek, topeng niki ndhuweni watak gambaraken wong sing seneng nyolong kangge kepentingane dewek. Segawon utawa Cacinganil watake rakus lan ganas ngandalaken kekuasaan kangge kejahatan.”

13. Pertanyaan tentang Makna Simbolis Sesaji Pertunjukan Kesenian Cepetan

Dian: “ Sesaji menika tegesipun menapa nggih mbah ? I 01 : “ Sajen nang pentas Cepetan gadhah tujuan supados angsal keslametan saking Gusti Alloh. Nek wonten persembahan kangge leluhur niku, tujuane kangge wujud syukur kaliyan leluhur sing sampun maringi warisan kabudayan seni Cepetan.Sajen niku jane wujud syukur kaliyan Gusti Alloh supados diparingi keslametan lan ugi sajen niku srana kanggo ngundang roh leluhur desa mriki sing dikramataken teng gunung Condong, makamme mbah Trunojoyo. Amargi niku teng pentas Cepetan kedah wonten sajen supados penari Cepetan saged sami mendhem.” Dian: “ Lajeng maknanipun simbolis sesaji - sesaji kala wau menapa nggih Mbah ?” I 01 : “ Nggih werna-werna maknane, Mba. “ Dian: “ Lajeng maknanipun jajan pasar menapa ?” I 01: “ Nggih jajan pasar niku kathah jenise, enten jipang, lanting, jadah, lepet, kacang kulit, bengkoang, maknane niku namung nglambangaken satu kesatuan utuh supados boten meda- bedani, boten sami musuhan. “ Dian: “ Maknanipun wedang bening, wedang kopi pahit, kopi legi, wedang teh menika menapa Mbah ?” I 01: “ Wedang bening utawa wedang putih nglambangaken kasucian, wedang kopi pahit maknane kepahitan urip kang dihadapi manungsa, lajeng kopi legi niku maknane ng lambangaken kasenangan .” Dian: Maknanipun godhong kemadu menapa? ” I 01: “ Godhong kemadu niku godhonge gatel sanget, disenggol mawon pungatel napa meneh dimaem ditingali kan boten wajar nek kondisi boten dijantur, godhong kemadu niku namung kangge atraksi janturan mawon pas mendem “. Dian: “ Lajeng makna simbolis degan menika menapa ?” I 01: “ Maknane nggih simbol keteguhan lan ketabahan, supados manungsa tansah tabah lan kuat ngadepi ujian dhateng Gusti Alloh. “ Dian: “ Maknanipun godhong dhadhap menapa, Mbah ?” I 01: “ Menawi maknane godhong dhadhap niku ngalambangaken rasa aman, gadhah arti supados diparingi kehidupan ingkang aman saking sgala godaan gangguan. “ Dian: “ Lajeng menawi maknanipun saking komoh tebu menapa ?” I 01: “ Nggih maknane meh padha karo wedang kopi pahit, kopi legi. Menawa komoh tebu niku simbol antebing kalbu artine niat kang kuat lan mantep nglakoni tujuan supados kelaksanen .” Dian: “ Maknanipun klomoh asem abang menika menapa nggih, Mbah ?” I 01: “ Komoh asem abang kuwi wedang asem abang sing digodhog karo wedang panas, maknane sgala sesuatu kang dilakoni karo usaha kang maten supados boten nyesel.” Dian : “ Menawi maknanipun komoh brondong menapa ?” I 01: “ Komoh brondong niku banyu putih campuran brondong sing digawe saking jipang beras utawa jagung .” Dian: “ Lajeng wau wonten uripan, maknanipun kados pundi ?” I 01: “ Uripan niku kados ayam mentah taksih urip lan hasil bumi wonten sayur- sayuran mentah, maknanipun nggih kangge slametan mawon, syukuran sareng-sareng sawise pementasan. Kembang telon niku kembang sing jumlahe onten telu, kembang mawar, kanthil, kenanga,sing artine telu kasempurnaan lan kemuliaan urip, nggeh niku sugih banda, ngelmu, lan kuasa. Kopi legi gadah maksud nggeh legi, artine niku saged ngrasakaken nikmat manis urip teng dunya mriki. Komoh tebu niku artine nglakoni tujuan, kedah gadah niat sing mantep supados saged kelakon. Komoh asem