Kesenian Cepetan boten namung sekedar tontonan mawon. Nanging tontonan niku piyambak, gadhahi makna lan manfaat kangge manungsa,
bahwa tontonan niku seyogyane tuntunan sing maknanengelambangaken lan gambaraken watak utawa sifat cepet sing ala, kita dados manungsa
supados boten niru sifat utawa watak cepet.
Topeng niki dipendhet saking tokoh pewayangan jenenge topeng Dasamuka, gambaraken watak sing ngandelaken angkara murkane. Lha
nek niki nggih dipendhet saking tokoh pewayangan wujude ksatria, kastria niki sing kudune perilakune kados satria, nanging niki ksatria sing mboten
sae, satria nakal. Topeng niki jenenge topeng Kumbakarna, gambaraken watak tiyang nakal boten sae, seneng nglemboni, menange dewek. Topeng
niki jenenge topeng Kumba asmaning Kumba cokelat, watake gambaraken tiyang mbajug. Nek topeng niki jenenge topeng Kumba asmaning Kumba
warna abang, watake niki gambaraken manungsa sing seneng ngendelaken kekutan lan kesaktiane, adigang adigung adiguna.
Kula kinten Sadapalon ingkang biru nggadahi watak maksiat, seneng main medon. Sanese niku nggih remen mabuk-mabukan utawi main
judi lan sanese. Sami kados Sadapalon merah, meh sami watakipun. Namun benten corakipun. Lha nek niki kan gambare sami kados ksatria
tapi ksatria sing nakal namung niki warnane sing benten enten sing warnane biru lan abang, maknane pun nggih sami, watake sami-sami
gambaraken kemaksiatan, demen molimo kados melacur, mabok, nyolong. Topeng niki wujude kados segawon utawa srigala, topeng niki dijenenge
cacinganil, sing uripe ngandelaken taring lan cakarane sing kuat lan landhep, watake niku gambaraken kekuatan sing ngrugikaken kangge
tiyang sanes.”
10. Pertanyaan tentang Perangkat Gamelan
Dian: Perangkat gamelan ingkang diginakaken menapa kemawon?
I 02: “ Perangkat gamelan kesenian Cepetan jaman riyen niku namung seontenne
kados kendang, saron, lan jidur mawon, nanging nek seniki perangkat gamelane sampun lumayan komplit pun onten tambahan kados organ
tunggal, kendang, saron, bonang, kenong, kempul, pekingan, gong, drum jidur supados tambah rame.”
11. Pertanyaan tentang Sesaji Pertunjukan Kesenian Cepetan
Dian
: “ Godhong Kemadu menika kados menapa,
pak
?”
I: 02: “ Godhong Kemadu kuwi godhonge gedhe amba kados godhong sukun
nanging godhonge gatel sanget, kangge atraksi mendem, nek pas mendem niku godhonge dikunyah m
boten krasa gatel.”
Dian:
“
Sajen ingkang diginakaken menapa kemawon?
” I 02:
“Sajen teng pentas kesenian Cepetan niku warni-warni lan gadah makna piyambak-piyambak, sajene niku antawisipun kados jajan pasar, kembang
telon, degan, wedang bening, wedang kopi legi, wedang kopi pahit, komoh tebu, komoh asem abang, cembawukan, uripan, pisang ambon, pisang raja,
godhong kemadu, godhong dhadap.”
12. Pertanyaan tentang Makna Simbolis Sesaji Pertunjukan Kesenian Cepetan
Dian: Sesaji menika tegesipun menapa nggih pak ?
I 02: “ Sajen niku jane wujud syukur kaliyan Gusti Alloh supados diparingi
keslametan lan ugi sajen niku srana kanggo ngundang roh leluhur desa mriki sing dikramataken teng gunung Condong, makamme mbah Trunojoyo lan .
Amargi niku teng pentas Cepetan kedah wonten sajen supados penari Cepetan saged sami mendhem. Pisang setangkep maksudte niku sangu urip
kang lengkap, boten kirang apapun, kang sempurna. Pisang setangkep niku saged pisang ambon lan pisang raja. Pisang ambon gadah makna semangat
sing nggebu-nggebu pengen wujudtaken cita-cita sing dikarepaken, lajeng pisang raja niku maknane saged nglengkapi kabutuhan urip kangge tujuan
cita-cita ingkang luhur.
Wedang bening maknane nek putih niku suci, dados manungsa saene atine resik, ampun iri dengki kalih tiyang-tiyang, boten gadah sifat
takabur. Maknane saking kopi pahit artine kudu siap ngrasakaken pait urip teng dunya. Niki maksudte manungsa niku kudu ngindari pait dunya saking
panggoda sik ngrugekke. Komoh asem abang artine nglakoni sgala sesuatu niku kedah direncanakaken mateng, kinten-kinten artine kados niku wau.
Sing dimaksud komoh tebu niku antebing kalbu, panjenengan supados langkung maremaken gadah niat saene sing kuat lan mantep. Cembawukan
jane niku wedang kopi sing dicampur santen lan gula jawa, lajeng di tambah kalih wedang panas, niki gadah arti kula lan panjenengan kedah dituntut sing
luwes kaliyan lingkungan teng pundi mawon, saged nyesuaikaken diri. Lha nek komoh brondong jane niku banyu putih sing dicampur brondong, sing
didhamel saking jipang beras utawa jagung. Maksudte niku dewek dados manungsa kedah tulus ikhlas nglakoni lan apa anane.
Godhong kemadu niku godhonge gatel sanget, disenggol mawon pun gatel napa meneh dimaem ditingali kan boten wajar nek kahanan boten