Pertanyaan tentang fungsi kesenian Cepetan bagi warga dusun Condong

6. Pertanyaan tentang waktu dan tempat pelaksanaan kesenian Cepetan

Dian: “ Wedal kalihan teng pundi nggih pak, ingkang nganakaken pertunjukan Cepetan menika ? I 02: ”Lha kala wingi enten tiyang sing lagi ndhuwe gawe hajatan nikahan, nanggap Cepetan ugi, teng daleme Pak Sujono ingkang saweg nikahaken putrine sing namine Mba Arum, lokasi pementasan nggih teng latarripun, sing pun ditarub. Nggih supados tamu-tamu saged ningali tarian Cepetan secara langsung. Panggenan kanggo nganakaken kesenian Cepetan biasane nggih teng Balai Desa, kadang teng latare griya kula, nek pas wonten hajatan enten sing nangga p cepeten, nggih dianakaken teng dalemme tiyang niku.” 7. Pertanyaan tentang Prosesi Kesenian Cepetan Dian: “ Adegan pertunjukan Cepetan menika kados pundi, pak ?” I 02: ” Sajen menika saene sing komplit. Kedah wonten kembang telon lan jajan pasar kaleh wedang komoh, kembang lan kemenyan, supados penarine sami mendem pas atraksi badhe di jantur, lajeng mangke onten sajen kangge slametan bar bubar Cepetan kados uripan mentah kados sayur-sayuran niku wau dilebetaken wonten rinjing. Adegan kiprahan niku gerakanne diulang- ulang, sing dadi pokok antawis gerakan pacak gulu, nyingsetaken sabuk, pincangan, lajeng sabetan miturut iringan tabuhan gamelan lan tembange. Nek saweg joged selingan, penimbul bakar kemenyan kangge persiapan mlebet proses Jantur supados penari Cepetan mendhem. “ Dian: “ Warga mriki kok seneng nonton Cepetan wonten menapa nggih Pak ? “ I 02: “ Nek miturut kula, warga pancen seneng nonton Cepetan, amargi mendhemme niku dados puncake tarian Cepetan. Tarian Cepetan niki atraksi mendehemme niku temenan boten digawe-gawe, penarine niku boten sami sadar, topeng sing dingge kaliyan penari mangke nek pas lagi mendem persis kados wujud topenge niku wau, lha mangke nek pun mendeme ndadi lajeng diobati kalih penimbulcarane niku disembur utawa ditimbul diwacakaken donga- donga mantra.“

8. Pertanyaan tentang Pelaku Kesenian Cepetan

Dian: ” Lajeng Penimbul menika menapa pak , lan tugasipun menapa kemawon ?” I 02 : “ Penimbul kuwi wong sing ngatur lan nyiapaken sajen kanggo mbakar kemenyan lan areng proses arep janturan, sakurunge penari dirasuki roh alus, ya sakurunge mendem. “ Dian: “ Lajeng sinten kemawon ingkang dados penari Cepetan ?” I 02: ” Ya para pemuda desa mriki, Bapak-bapak nggih wonten sing nderek namung setunggal .” 9.Pertanyaan Makna Simbolis Wujud dan Karakter Topeng Cepetan Dian: “ Lajeng makna simbolis topeng Cepetan menika sedaya menapa, Pak ?” I 02: “ Nggih kados wau, Mba. Topeng-topeng kang diginaaken penari Cepetan, sedaya nglambangaken karakter lan prilaku manungsa kang ala. Nggih supados kita dados mangsa ngindari sifat-sifat kang ala, kang disimbolaken karo wujud topeng sing dilakonaken para penari Kesenian Cepetan.Topeng niki dipendhet saking tokoh pewayangan jenenge topeng Dasamuka, gambaraken watak sing ngandelaken angkara murkane. Lha nek niki nggih dipendhet saking tokoh pewangan wujude ksatria, kastria niki sing kudune perilakune kados satria, nanging niki ksatria sing mboten sae, satria nakal. topeng niki jenenge topeng Kumbakarna, gambaraken watak tiyang nakal boten sae, seneng nglemboni, menange dewe. Topeng niki jenenge topeng Kumba asmaning Kumba cokelat, watake gambaraken tiyang mbajug. Nek topeng niki jenenge topeng Kumba asmaning Kumba warna abang, watake niki gambaraken manungsa sing seneng ngendelaken kekutan lan kesaktiane, adigang adigung adiguna. Lha nek niki kan gambare sami kados ksatria tapi ksatria sing nakal namung niki warnane sing benten enten sing warnane biru lan abang, maknane pun nggih sami, watake sami-sami gambaraken kemaksiatan, demen molimo kados melacur, mabok, mencuri. Nek niki lakon ketoprak, wujudte topeng luthung utawa kethek, topeng niki ndhuweni watak gambaraken wong sing seneng nyolong kangge kepentingane dewek.Topeng niki wujude kados segawon utawa srigala, topeng niki dijenenge cacinganil, sing uripe ngandelaken taring lan cakarane sing kuat lan landhep, watake niku gambaraken kekuatan sing ngrugikaken kangge tiyang sanes. Nggih pancen enten bedane, wujudte topeng cepetan riyin kalih sakniki, nek riyin niku bentuk cepetane taksih langkung sederhana namung sejenis mawon topeng raksasa niku, saking busana penarine taksih ngagem kaos ireng polos utawa klambi sing didhamel saking karung beras warna coklat.