I 01: “ Godhong kemadu niku godhonge gatel sanget, disenggol mawon pungatel
napa meneh dimaem ditingali kan boten wajar nek kondisi boten dijantur, godhong kemadu niku namung kangge atraksi janturan mawon pas
mendem “. Dian:
“ Lajeng makna simbolis degan menika menapa ?” I 01:
“ Maknane nggih simbol keteguhan lan ketabahan, supados manungsa tansah tabah lan kuat ngadepi ujian dhateng Gusti Alloh. “
Dian: “ Maknanipun godhong dhadhap menapa, Mbah ?”
I 01: “ Menawi maknane godhong dhadhap niku ngalambangaken rasa aman,
gadhah arti supados diparingi kehidupan ingkang aman saking sgala godaan gangguan. “
Dian: “ Lajeng menawi maknanipun saking komoh tebu menapa ?”
I 01: “ Nggih maknane meh padha karo wedang kopi pahit, kopi legi. Menawa
komoh tebu niku simbol antebing kalbu artine niat kang kuat lan mantep nglakoni tujuan supados kelaksanen .”
Dian: “ Maknanipun klomoh asem abang menika menapa nggih, Mbah ?”
I 01: “ Komoh asem abang kuwi wedang asem abang sing digodhog karo wedang
panas, maknane sgala sesuatu kang dilakoni karo usaha kang maten supados boten nyesel.”
Dian
:
“ Menawi maknanipun komoh brondong menapa ?” I 01:
“ Komoh brondong niku banyu putih campuran brondong sing digawe saking jipang beras utawa jagung .”
Dian: “ Lajeng wau wonten uripan, maknanipun kados pundi ?”
I 01: “ Uripan niku kados ayam mentah taksih urip lan hasil bumi wonten sayur-
sayuran mentah, maknanipun nggih kangge slametan mawon, syukuran sareng-sareng sawise pementasan. Kembang telon niku kembang sing
jumlahe onten telu, kembang mawar, kanthil, kenanga,sing artine telu kasempurnaan lan kemuliaan urip, nggeh niku sugih banda, ngelmu, lan
kuasa. Kopi legi gadah maksud nggeh legi, artine niku saged ngrasakaken nikmat manis urip teng dunya mriki. Komoh tebu niku artine nglakoni
tujuan, kedah gadah niat sing mantep supados saged kelakon. Komoh asem
abang gadah maksud nek gadah rencana napa gegayuhan kedah direncanakaken mateng amargi supados boten nyesel teng mburine. Sajen
menyan niku sebenere kangge srana ngundang roh-roh leluhur, niki maknane simbol pasrah nyuwun perlindungan saking roh leluhur, kemenyan niki
dibakar sareng-sareng kalih kembang-kembang wau, supados penari Cepetan saged mendem. Godhong dhadhap niku maknane nglambangaken rasa
aman, nyuwun dilindungi maring Gus
ti Alloh saking gangguan lahir batin.”
14. Pertanyaan tentang fungsi kesenian Cepetan bagi warga dusun Condong
Dian: “ Lajeng kegunaan
utawi fungsi kesenian Cepetan kangge sedaya warga mriki menapa?
I 01: “Nggih fungsine niku ya kanggo sarana hiburan mawon, ngrameaken
tontonan pertunjukan Cepetan, pas wonten hajatan teng dusun, amargi warga dusun mriki remen sanget nonton pertunjukan kesenian Cepet.”
Catatan Refleksi CLW 01
1. Dusun Condong termasuk di wilayah pegunungan Condong. Di daerah itu
terdapat gunung Condong yang di puncaknya ada makam Ki Trunojoyo sebagai makam keramat leluhur cikal bakal desa Condong Campur. Kesenian
Cepetan berawal dari gunung Condong, ketika Alm mbah Pranawi mendapat petunjuk spiritual setelah bertapa di puncak gunung tersebut. Beliau yang
menggagas pertama kali mengadakan kesenian Cepetan ynag bisa ditonton oleh warga masyarakat setempat.
2. Asal muasal istilah Cepet itu berasal dari “cepat-cepot” yaitu penutup wajah
manusia yang dicorang-coreng sehingga menyeramkan dan orang menjadi takut. Cepet berwujud raksasa yang suka menggoda manusia. Asal-usul
Topeng Cepetan wujudnya menggambarkan watak manusia yang buruk atau jahat. Asal-usul Kesenian Cepetan di Dusun Condong sudah muncul sejak
1946 dengan tokohnya almarhum Mbah Pranawi.
3. Makna sesajen dalam pertunjukan kesenian Cepetan adalah bertujuan supaya seluruh warga desa setempat memperoleh keselamatan dari Tuhan Yang Maha
Kuasa. Sesajen juga sebagai wujud syukur atas warisan seni budaya leluhur kesenian Cepetan. Sesajen juga bertujuan untuk mengundang arwah roh-roh
leluhur desa yang dikeramatkan di puncak gunung Condong. Sesajen juga sebagai sarana untuk penari Cepetan supaya cepat mengalami kesurupan.
B. Catatan Lapangan Wawancara CLW 02 Informan 02 : Bapak Harjo Suwito
Umur
: 49 tahun Pekerjaan
: Kepala Desa Condong Campur Alamat
: Dusun Condong Desa Condong Campur Hari tanggal : Kamis, 25 Oktober 2012
Tempat : Rumah Pak Harjo Suwito Waktu
: 10.00 - 15.00 WIB Kedudukan
: Pembina Paguyuban Karya Bakti Berikut pernyataan informan 02 Pak Harjo Suwito:
P = Peneliti I = Informan
1. Pertanyaan tentang keadaan wilayah geografis
Dian: ”
Dusun Condong menika mlebet wilayah pundi nggih pak? Lajeng hubunganipun kaliyan kesenian Cepetan kados pundi?
” I 02:
“ Riyen wiwit onten makamme mbah Trunojoyo teng puncak gunung Condong, makam Trunojoyo mulai dikramataken. Saking leluhur desa mriki,
warga Condong riyen kathah sing sami nganut kepercayaan roh-roh leluhur teng puncak gunung Condong. Lajeng kepercayaan niku wau diwujudtaken
wonten upacara-upacara sesembahan kangge roh-roh leluhur kados nyediakaken sajen-sajen teng puncak gunung Condong. Lha nek saking
tradisi upacara sesembahan jaman sakniki saged diwujudtaken lewat
kesenian Cepetan. “
2. Pertanyaan tentang Keadaan Penduduk Demografis Dian:
“ Lajeng umur warga dusun mriki ingkang dados penari Cepetan pripun pak? “ I 02: “ Penari Cepetan teng dusun Condong, rata-rata umure taksih sami enem.
Anggota paguyuban mriki sepertelune pancen tiyang enem. Saniki tiyang enem sing kedah dados generasi penerus saking kesenian Cepetan, amargi
pun sami sepuh kados kula niki. “