Lintang cubriya marang Bu Padma

paraga Lintang amargi kepanggih kaliyan Sinung saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Lintang lagi arep nglakokake jarane bali nalika dumadakan saka arah mburi keprungu swara tumapake jaran kang banter banget. Prok …. prok …. prok ….. saka swarane wae bisa dipesthekake, yen jaran kuwi mesthi gagah banget. Lintang banjur noleh. Atine krasa nratap nalika mripate tabrakan karo wong sing nunggang jaran kuwi. “Lintang?” pambengoke wong kang numpak jaran mau ora kalah kagete. Wong mau banjur nggeblas ninggalake papan kono. Jarane diplayokake banter banget. Nganti Lanang merem dhipet merga wedi. Nalika Prau Gonjing, 1993: 76. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang saweg mlampah-mlampah nitih jaran kaliyan Lanang. Dumadakan saking wingking wonten swanten tumapakipun jaran ingkang banter sanget, Lintang banjur noleh. Manahipun kraos nratap nalika ningali tiyang ingkang nitih jaran menika. Lintang kaget sanget nalika mangertosi bilih ingkang nitih jaran menika Sinung, kancanipun Gino. Sinung nimbali Lintang, ananging Lintang banjur kesah nilar papan menika.

s. Swasana villa boten kados ingkang dipunbayangaken

Swasana villa boten kados ingkang dipunbayangaken inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud kaget. Raos kaget ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi swasana villa boten kados ingkang dipunbayangaken saged dipuntingali saking pethikan menika. Lintang nyurung lawang mau. Dheweke jumangka mlebu. Nanging lagi oleh pirang pecak ngono, jangkahe kandheg. Dheweke njenger. Swasana ruwang villa ora kaya dibayangke. Peteng lan singup. Nanging malah kosok baline. Padhang lan resik. Nalika Prau Gonjing, 1993: 96. Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang badhe mlebet wonten ing villa kangge kepanggih penculikipun Lanang. Lintang ngraos kaget nalika mriksani swasana ruwang villa ingkang boten kados ingkang dipunbayangaken saderengipun. Villa katon padhang saha resik, boten peteng saha singup kados ingkang dipunbayangaken.

t. Gino nyidra katresnanipun Lintang

Gino nyidra katresnanipun Lintang inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud ngraos dipuncidrani. Raos dipuncidrani dening Gino ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang saged ketingal saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Lintang meneng. Mbok Yem pancen wis lola. Bojo ora duwe, mati nalika jaman agresi. Anak uga durung sempat duwe. Siji-sijine keluargane ya mung ponakane iki. Jane wektu kuwi Mbok Yem isih enom. Isih akeh sing gelem saupama kepengin rabi maneh. Wong najan pembantu, rupane Mbok Yem ya rada melek, kok. Nanging Mbok Yem puguh ora gelem. Sebab dheweke wis janji prasetya karo bojone sing mati, ora niyat omah- omah maneh ing sisa uripe. Ah, katresnan pancen endah sauger ora dikhianati, upama Gino Girindu ora ngianati kasetiane, Lintang uga bakal tetep setya kapan wae, senajan upamane Gino ndhisiki murut ing kasidan jati. Dheweke lila urip ijen nganti selawas-lawase, merga nuhoni kasetyan mau. Nanging saiki critane wis seje. Wong lanang kang ditresnani, kang dipasrahi jiwa raga wis ngianati dheweke. Apa iya dheweke klakon tetep ngugemi kasetyan marang wong lanang sing kaya iku? “Mangga Den Lintang, pohongipun mumpung taksih anget.” Lintang nggragap krungu swarane Mbok Yem sing ngladekake pohong ana ngarepe. Nalika Prau Gonjing, 1993: 48. Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang saweg ngraosaken bilih katresnan menika sauger endah menawi boten dipunkhianati. Saupama Gino boten ngianati kasetyanipun, Lintang ugi bakal setya salawasipun. Ananging samenika