Gemes Wujud Konflik Psikis Paragatama Lintang wonten ing Novel

Krungu ibune takon kaya mangkono iku, Lintang lagi kelingan, sasuwene iki bojone rak ora ngerti ana ngendi dheweke. Nanging mara-mara kok ana tilpun saka sing lanang. Banjur sapa kang mbocorake pandhelikane iku? batine Lintang karo age-age ngusapi eluhe. Terus nyawang ibune. Landhep. Nalika Prau Gonjing, 1993: 34. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos bingung amargi Gino saged mangertos papan pandhelikanipun. Sadangunipun Lintang wonten ing dalemipun Bu Padma, boten wonten ingkang mangertos. Id ndadosaken Lintang ngraos bingung saengga cubriya dhateng Bu Padma. Raos bingung ugi ketingal wonten ing pethikan wonten ing ngandhap menika. Hem …. Lintang unjal napas. Landhung. Mripate disawatake adoh nyang ngarep. Nyawang Gunung Ungaran sing isih turu angkler, kemulan pedhut. Wis seminggu iki dheweke manggon neng omahe ponakane Mbok Yem ing Bandhungan, desa ing sikile Gunung Ungaran iku. lintang rumangsa krasan. Merga dhaerah iku hawane adhem, tur adoh saka polusi. Ayem lan tentrem. Lemahe uga gemah ripah loh jinawi. Sakehe tanduran kang diencepake, mesthi thukule. Lintang wis duwe kembang lan sayuran. Katone usaha loro iku prospeke cukup cerah. Ah, mengko yen si jabang bay iwis lair rak gampang. Soal pemasaran dheweke bisa ngrintis. Paling ora khusus sayurane pemasarane bisa kerja sama karo kangmase tunggal Bapak sing mbarep, Langit. Merga dheweke rak nduwe usaha toko swalayan ing pirang- pirang kutha. Kuwi mengko sayur-sayurane bisa disuplay saka kebone. Nanging bareng ngelingi olehe nyang-nyangan lemah calon kanggo omah lan kebone sing nganti saiki isih durung gathuk, Lintang dadi kecut. Jane kari nyang-nyangan dhuwit sepuluh yuta. Sawise iku, lemah pertanian ora kurang saka wolung hektar iku wis bakal dadi duweke. Nanging sing sepuluh yuta iku sing Lintang ora duwe. Kabeh dhana ketambahan depositone ibune wis dikuras entek. Pancen dheweke isih duwe cadhangan dhana liyane, arupa perhiasan lan permatane, sing sasuwene iku arang dienggo. Nanging kuwi rencanane rak kanggo mbangun omah sedherhana lan modhal kanggo miwiti usahane. Hem …. priye, ya? batine Lintang judheg. Dumadakan …. “Mlampah-mlampah, Nak. Kok nggih sampun wungu taksih yahmenten,” panyapane salah siji pendhudhuk kang papagan laku karo dheweke. Nalika Prau Gonjing, 1993: 46 Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos bingung amargi anggenipun nyang-nyangan siti pertanian kangge bisnisipun kirang sedasa yuta. Sedaya dhana saha depositonipun Bu Padma sampun dipunginakaken. Pancen Lintang tasih gadhah simpenan arupi perhiasan saha permata, ananging menika kangge mbangun griya saha miwiti usahanipun. Id ndadosaken Lintang bingung badhe kados pundi anggenipun nyekapi kekirangan ingkang sedaya yuta menika. Sasampunipun Lintang nindakaken usahanipun, Lintang ugi ngraos bingung amargi kekirangan modhal. Raos bingung menika saged dipuntingali wonten ing pethikan menika. “Lha ning modhale priye? Dhuwitmu cukup?” “Ya iku sing rada dadi pikiran. Karepku mbiyen dakgarap mbaka sethithik, karo njajagi pasaran. Nanging bareng aku ketemu Pak Harjuna, iku lho priyayi sing duwe villa ngarep kuwi, dheweke eksportir. Khususe bidhang agrobisnis. Dheweke gelem kerja sama karo awake dhewe. Pikiranku kok dadi owah. Kita kudu ngolah kebun kuwi kanthi intensip. Emane kita kebentus ing nggon modhal, Bu. Dhuwitku ora cukup yen kanggo nangani pakaryan kanthi gedhen-gedhenan.” Nalika Prau Gonjing, 1993: 52. Saking pethikan wonten ing nginggil, sejatosipun Lintang badhe garap usahanipun sekedhik mbaka sekedhik. Ananging sasampunipun kepanggih kaliyan Pak Harjuna ingkang dados eksportir, Lintang dipunajak kerja sama kaliyan Pak Harjuna. Id ndadosaken Lintang ngraos bingung amargi kekirangan modhal kangge nangani usaha kanthi ageng. Raos bingung ugi dipunraosaken dening Lintang nalika wonten tiyang ingkang ngancam piyambakipun. Raos menika saged dipuntingali saking pethikan menika. Lintang ora ngerti. Sapa wong kang ana samburine para utusan kang ngancam dheweke iku. yen wong mau jahat, kok ya bebudene apik. Sebab