9
BAB II GEGARAN TEORI
A. Sastra
Sastra inggih menika asil olah penggalihing manungsa kangge
nyaluraken ide, penggalih, utawi manahipun ingkang dipunraosaken dening pangripta. Sastra asalipun saking basa Sansekerta; akar tembung sas-, wonten
tembung kriya turunan tegesipun ngarahaken, mucal, maringi pitedah utawi
instruksi. Akhiran –tra biasanipun nedahaken piranti utawi sarana. Dados, sastra inggih menika piranti kangge mucal, buku pitedah, buku instruksi utawi pasinaon
Teeuw, 1988. Pramila kita saged pikantuk kathah seserepan, pitedah, saha ngelmu ingkang saged dipunsinaoni saking sastra.
Sastra menika gambaran saking pagesangan saha penggalih ingkang imajinatif, ingkang dipunandharaken mawi bentuk saha struktur basa. Sastra
nyawisaken “pagesangan”,
saha “pagesangan”
menika kadadosan
saking kenyataan sosial, sanajan karya sastra ugi “niru” alam saha donya subjektif
manungsa Wellek, 1989: 109. Andharan menika nedahaken bilih sastra menika gegayutan kaliyan manungsa saha pagesanganipun. Biasanipun pangripta nyerat
menapa ingkang dipunalami piyambak utawi ingkang kadadosan wonten ing sakiwa tengenipun.
Wellek saha Warren lumantar Wiyatmi, 2010: 14 ngandharaken sekawan pangertosan sastra. Setunggal, sastra inggih menika sedaya ingkang
kaserat utawi kacithak. Kanthi pangertosan mekaten, pramila sedaya ingkang kaserat, saking ilmu menapa kemawon saged dipunsebat sastra. Kalih, sastra
dipunbatesi namung dhateng “mahakarya”, inggih menika buku-buku ingkang dipunanggep sae amargi bentuk saha ekspresi sastranipun. Wonten babagan
menika, kriteria ingkang dipunginakaken inggih menika segi estetis, utawi nilai estetis dipunkombinasikaken kaliyan nilai ilmiah.
Tiga, sastra
dipuntrapaken dhateng
seni sastra,
inggih menika
dipuntingali minangka karya imajinatif. Istilah “sastra imajinatif” gadhah gayutan kaliyan istilah belles letters “seratan ingkang endah saha sopan”, asalipun saking
basa Prancis, kirang langkung kados pangertosan etimologi tembung susastra. Pangertosan ingkang kaping tiga menika nedahaken bilih kita kedah mangertosi
sastra kanthi langkung rumiyin ningali menapa aspek basanipun, inggih menika basa ingkang kados pundi ingkang khas saking sastra. Pramila kedah
dipunbandhingaken maneka ragam basa: basa sastra, basa ilmiah, saha basa sadinten-dinten.
Daiches lumantar Budianta, 2002: 7 ngandharaken bilih Mengacu pada Aristoteles yang melihat sastra sebagai suatu karya yang
“menyampaikan suatu jenis pengetahuan yang tidak bisa disampaikan dengan cara lain”, yakni suatu cara yang memberikan kenikmatan yang
unik dan pengetahuan yang memperkaya wawasan pembacanya. Saking andharanipun Daiches menika, saged dipuntingali bilih sastra
saged maringi seserepan kangge pamaos saha saged maringi kanikmatan ingkang unik.
Seserepan saha kanikmatan ingkang saged dipunpikantuk saking sastra menika dipunwujudaken wonten ing karya sastra. Karya sastra dipunmanfaataken