Teteg Perwatakan Paragatama Lintang wonten ing Novel

purun nuruti menapa ingkang dipundhawuhaken dening Gino. Lintang boten badhe kondur, piyambakipun badhe mbuktekaken bilih piyambakipun saged gesang tanpa priya wonten ing sisihipun.

g. Gampil Duka

Duka utawi nesu inggih menika muring Poerwadarminta, 1939: 343. Dados, gampil duka inggih menika gampil nesu utawi muring. Tiyang ingkang gampil duka biyasanipun dipunsebabaken wonten satunggaling perkawis ingkang boten trep kaliyan manahipun, saengga saged ndukani tiyang sanes ingkang dados sumber dukanipun. Sipat gampil duka ingkang dipungadhahi dening Lintang saged ketingal saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Menggalih apa ta Bu?” pitakone Lintang sing mentas saka pawon njupuk lading, weruh ibune sajak lenger-lenger. “Kenapa Ibu mesthi mikirake dheweke?” pitakone Lintang ora seneng. “Wong jenenge wong tuwa, yen anak ana masalah ngene-ngene rak ya meksa mikir.” “Lho, putrane Ibu ki aku apa dheweke?” “Yak owe. Nanging ….. Durung nganti Bu Padma rampung olehe ngomong, wis disaut dening Lintang : “Lha yen putrane Ibu ki aku, mesthine ya aku kang dipikirake. Dudu dheweke. Aku sengit yen Ibu tansah nyebut-nyebut wong siji iku wae.” Nalika Prau Gonjing, 1993: 26 Saking pethikan wonten ing nginggil, watak gampil duka saking Lintang ketingal nalika Bu Padma saweg menggalih Gino. Id ingkang dipungadhahi Lintang ndadosaken Lintang dumadakan duka marang Bu Padma, amargi piyambakipun boten remen menawi Bu Padma menggalih saha nyebat asmanipun Gino.

h. Ngeyelan

Ngeyelan saking tembung ‘ngeyel’ ingkang tegesipun nekad nggugu leresipun piyambak Poerwadarminta, 1939: 383. Tiyang ingkang ngeyelan inggih menika tiyang ingkang boten kersa nggugu pamanggihipun tiyang sanes, namung nggugu kekajenganipun piyambak. Sipat ngeyelan ingkang dipungadhahi dening Lintang saged ketingal saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Kowe aja mikir sing werna-werna dhisik. Srantekna nganti bayimu kuwi lair. Mengko yen wis lair, gampang. Saiki kita mlaku dhisik kaya rencana sakawit.” “Ning eman, lho Bu, yen lemahe tanpa tanduran.” Lintang isih ngengkel. Nalika Prau Gonjing, 1993: 53. Saking pethikan wonten ing nginggil, sipat ngeyelan ingkang dipungadhahi Lintang ketingal nalika Bu Padma ndhawuhi supados Lintang nyrantekaken bayinipun ngantos lair rumiyin, ananging Ego ingkang dipungadhahi Lintang ndadosaken piyambakipun ngraos eman menawi lemah wonten ing pekaranganipun nganggur tanpa taneman. Lintang tansah ngengkel kepengin ngurusi bisnisipun, sinaosa Bu Padma sampun boten marengaken. Sipat ngeyelan Lintang ugi ketingal nalika dipundukani kaliyan Bu Padma, kados pethikan wonten ing ngandhap menika. “Kene. Tinggalen mangan kana dhisik. Nyusoni bocah ki aja sembrana. Mangan ya kudu ajeg. Kowe arep bisa sagelemu dhewe kaya biyen, Lintang. Mesakake bayeke,” ujare Bu Padma maneh sawise Lanang wis wareg olehe mimik. “Wis meh bubuk kok, Bu. Karo meneh Ibu yo sayah. Wis, dakturu-turune pisan.” “Ora, Kene. Ibu ki ora apa-apa.” Bu Padma ngengkel njaluk putune sing ana gendhonge ibune iku. ”Wis kana, tinggalen maem dhisik kana,” prentahe marang Lintang sawise Lanang wis ana gendhongane.