Tekan njero kamar, Lintang ora sida ngonceki pencit kaya karepe sakawit.
Lading diuncalake
ing ndhuwur
meja, dheweke
terus ngebrukake awake ing ranjang. Tangane ngelus wetenge sing wiwit
katon mblendhuk iku. Ing atine sing paling jero, temene uga ana rasa kangen marang Gino Girindu, bojone. Nanging saben-saben kelingan
marang celdam ing njero koper iku, rasa kangene iku sanalika ilang, malih dadi rasa pangigit-igit. Wis dicoba bala-bali kanggo ngapura
tumindake sing lanang iku, nanging tetep ora bisa. Cilakane, Lintang malah nduweni rasa jijik marang wong lanang kang nate ditresnani iku.
Nalika Prau Gonjing, 1993: 27.
Saking pethikan wonten ing nginggil, dumugi kamar Lintang boten siyos ngonceki pencit kados kekajenganipun sakawit. Lading dipununcalaken wonten
ing nginggil meja. Lintang lajeng ngebrukaken badanipun wonten ing ranjang. Wonten ing manahipun ingkang paling jero, satemenipun Lintang ugi ngraos
kangen marang
Gino, garwanipun.
Ananging menawi
kemutan nalika
manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino, raos kangen menika malih dados rasa pangigit-igit. Sampun dipuncoba ngapura tumindakipun ingkang
garwa, ananging Lintang malah gadhah raos jijik marang tiyang kakung ingkang nate dipuntresnani menika.
i. Kemutan marang bayi wonten ing kandhutanipun
Kemutan marang bayi wonten ing kandhutanipun inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sedhih. Raos sedhih
ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi kemutan marang bayi wonten ing kandhutanipun saged dipuntingali saking pethikan wonten ing
ngandhap menika. Terus terang, dheweke uga rumangsa kesiksa marang perasaane iki. Apa
maneh yen ngelingi bayi sing ana kandhutane. Ah . . . . Lintang bisane mung nangis. Arep sambat sapa? Ibune katone wiwit nyalahake dheweke
lan mbelani Gino. Oh, Lintang ora mudheng, geneya ibune ora gelem mangerteni marang perasaane. Nalika Prau Gonjing, 1993: 27.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos kesiksa sanget pangraosipun. Menapa malih menawi kemutan marang bayi wonten ing
kandhutanipun, Lintang namung saged nangis amargi sedhih. Lintang bingung badhe sambat kaliyan sinten. Ibunipun ketingal mbelani Gino saha nyalahaken
Lintang. Bu Padma boten saged mangertosi marang pangraosipun Lintang.
j. Nampi tilpun saking Gino
Nampi tilpun saking Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sedhih, duka, saha kaget. Raos sedhih ingkang
dipunraosaken dening paraga Lintang amargi nampi tilpun saking Gino saged ketingal wonten ing pethikan ngandhap menika.
“Nanging Ibu apa ngerti apa kang dikandhaake mentas mau?” pitakone Lintang karo saya nggugguk tangise. Atine kelara-lara yen kelingan apa
kang diucapake Gino ing tilpun nembe mau.
“Lho ana apa? Kandha apa dheweke?” Bu Padma kaget. Kanthi pedhot-pedhot, Lintang banjur nyritaake apa kang diomongake
Gino mentas mau. Nalika Prau Gonjing, 1993: 35.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang bibar nampi tilpun saking Gino. Lintang nyariosaken menapa ingkang dipunngendikakaken Gino wonten
ing tilpun kala wau dhateng Bu Padma. Bibar nampi tilpun saking Gino, Lintang sedhih sanget, manahipun kelara-lara menawi kemutan menapa ingkang
dipunngendikakaken dening Gino. Lintang ugi ngraos sedhih kados pethikan wonten ing ngandhap menika amargi nampi tilpun saking Gino.