Kemutan marang Lanang Perkawis ingkang Njalari Konflik Psikis Paragatama Lintang wonten ing

Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos duka marang Bu Padma amargi cubriya bilih Bu Padma ingkang mbocoraken pandhelikanipun marang Gino, garwanipun.

p. Pembukuan boten tertib

Pembukuan boten tertib inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud duka. Raos duka ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi pembukuan boten tertib saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Lho, iki tagihan marang supermarket “Sintal” kok nganti nunggak semene akehe ki priye?” pitakone Lintang marang Santi, karyawan sing ngurusi soal utang-piutang. “Anu, Bu. Piyambake semaya wulan ngajeng badhe dipunlunasi sedaya.” “Kowe kudu sing tegas, Santi. Pembukuanmu kudu tertib. Yen sasi ngarep dheweke nunggak maneh, kiriman sayur lan buah marang perusahaan kuwi becike distop wae. Kita rugi yen dicara kaya ngene. Kerja sama ya kerja sama. Nanging ya kudu ana timbale balike.” Lintang ngomel-ngomel. Akhir-akhir iki dheweke pancen malih nyinyir. Ora kaya dhek tas-tasan bukak usaha kae. Dheweke banjur mriksa buku liyane. Maune isih manthuk-manthuk seneng. Nanging bareng tekan lembar keri, weruh cathetan susu perahe sing produksine selot mrosot, ulate dadi peteng. Nalika Prau Gonjing, 1993: 90. Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang saweg mriksa pembukuan utang-piutang. Lintang ngraos duka marang Santi, karyawan ingkang ngurus babagan utang-piutang amargi ningali pembukuan ingkang boten tertib. Tagihan marang supermarket “Sintal” nunggak ngantos kathah. Lintang ndhawuhi Santi supados saged tertib pembukuanipun, menawi wulan ngajeng tasih nunggak malih kiriman sayur saha buah kedah dipunstop. Amargi menawi pembukuan boten tertib usahanipun saged rugi.

q. Prodhuksi susu mrosot

Prodhuksi susu mrosot inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud duka. Raos duka ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi pradhuksi susu mrosot saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Iki geneya prodhuksine susu kok selot dina selot mrosot. Gene kowe kok ora gelem laporan?” pitakone Lintang karo nuding cathetan-cathetan setoran susu menyang KUD. Uga kang dikonsumsi kanggo karyawan, lan mesthi wae sing diombekake marang pedhet, kabeh dicathet kanthi tertib. “Anu, Bu. Kula badhe matur sajakipun Ibu sibuk terus. Lajeng mboten temtu. Mrosotipun prodhuksi susu menika, sebab kathah lembu ingkang dipunstop. Sampun wancinipun ….” Cahyana ora nerusake guneme. Dheweke mesem. “Wancinipun ngapa?” pangubere Lintang. “Bunting” Lintang malih mesem. Ora sida nesu. Lan nganti awan dheweke nerusake anggone mriksa buku-buku. Sawise rampung banjur lunga. Nalika Prau Gonjing, 1993: 90. Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang saweg mriksani cathetan prodhuksi susu perahipun. Dumadakan Lintang ngraos duka marang pegawenipun ingkang nama Cahyana, amargi ningali prodhuksi susu ingkang mrosot. Cahyana ngandharaken bilih prodhuksi susu saged mrosot amargi kathah lembu ingkang dipunstop prodhuksinipun amargi sampun wekdalipun bunting. Lajeng Lintang saged mangertosi kawontenan menika.

r. Kepanggih kaliyan Sinung

Kepanggih kaliyan Sinung inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud kaget. Raos kaget ingkang dipunraosaken dening