Gino nyidra katresnanipun Lintang

dipunraosaken dening paraga Lintang saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Kanthi tangan gemeter Lintang nothok lawang villa mau. Ameh tengara ngenani tekane. Nalika Prau Gonjing, 1993: 96. Saking pethikan wonten ing nginggil ketingal bilih Lintang ngraos ajrih nalika badhe mlebet wonten ing villa. Raos ajrih menika ketingal saking astanipun ingkang gemeter nalika badhe nothok lawang.

x. Kuwatos Langit bakal mbocoraken papan pandhelikanipun

Kuwatos Langit bakal mbocoraken papan pandhelikanipun inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sumelang. Raos sumelang ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi kuwatos Langit bakal mbocoraken pandhelikanipun saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Kepriye yen Mas Langit nganti mbocorake papan kita iki marang Mas Gino?” Wis, ta. Dakature mengko. Kowe ora perlu kuwatir.” Nalika Prau Gonjing, 1993: 55. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ketingal ngraos sumelang saking pitakenanipun marang Bu Padma. Lintang sumelang menawi Mas Langit mbocoraken papanipun marang Gino. Ananging Bu Padma ngendika bilih Lintang boten perlu sumelang.

y. Lanang dipunculik

Lanang dipunculik inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud cubriya. Raos cubriya ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi Lanang dipunculik saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Gendheng. Iki wis kliwat wates. Dudu pemerasan maneh, nanging perampasan. Mesthi ana pihak njero sing wis khianat. Ngerti yen aku mentas nampa dhuwit akeh, banjur kerja sama karo penjahat, ngrancang penculikan iku. gendheng” Lintang mung ngomel-ngomel. Dheweke curiga karo karo pegawaine. Nanging ora ngerti sapa kang kudu dicurigai wong samono akehe. Dadine dheweke mung bisa ngomel- ngomel. Nalika Prau Gonjing, 1993: 94. Saking pethikan wonten ing nginggil, ketingal bilih Lintang ngraos cubriya marang pegawenipun. Lintang cubriya wonten pihak lebet ingkang khianat, amargi mangertos bilih Lintang bibar nampi arta kathah, lajeng kerja sama kaliyan penjahat kangge nyulik Lanang.

z. Kepengin ngadhepi perkawis kaliyan Gino

Kepengin ngadhepi perkawis kaliyan Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud kemutan marang Gino. Raos kemutan marang Gino ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi kepengin ngadhepi perkawis kaliyan Gino saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Yen wis ngono iku, dheweke banjur kelingan marang bojone sing ditinggalake. Kelingan marang kelembutane, marang kekonyolane, pokoke dheweke mung kelingan marang bab-bab kang apik-apik thok. Atine sansaya kaya direrujit. Ah, upama isih ana Gino ing sisihe, dheweke bisa ngadhepi kawontenan iki bebarengan. Ora ming ijen kaya iki. Penging dheweke nggoleki Gino. Nglaporake bab nasipe anake. Nanging apa wong lanang kuwi percaya yen Lanang anake? Merga sasewene iki dheweke ora nate kandha. Nalika minggat mbiyen kae, dheweke ya ora sempat kandha yen wis mbobot. Oh ….. atine Lintang dadi angkles ora karu-karuan. Nanging dumadakan Simbok mlebu ngulungake surat. Nalika Prau Gonjing, 1993: 95.