Super Ego das uber ich

Wonten kalih interpretasi babagan regresi, ingkang kaping pisan regresi ingkang dipunsebat retrogressive behavior, inggih menika tindak-tanduking manungsa ingkang kados bocah alit, nangis, saha manja supados saged pikantuk kawigatosan saking tiyang sanes. Ingkang kaping kalih, regresi ingkang dipunsebat primitivation inggih menika nalika tiyang ingkang sampun dewasa asikep kados tiyang ingkang boten trep kaliyan budaya saha kecalan kontrol saengga boten wirang gelut kaliyan tiyang sanes. Agresi wonten ingkang awujud langsung saha pengalihan direct aggression saha displaced aggression. Agresi langsung inggih menika agresi ingkang dipunandharaken kanthi langsung dhateng tiyang utawi objek ingkang dados sumber frustasi. Kangge tiyang ingkang sampun dewasa, agresi kados mekaten awujud verbal katimbang fisikal. Agresi ingkang dipunalihaken inggih menika menawi tiyang ngalami frustasi ananging boten saged ngungkapaken kanthi marem dhateng sumber frustasi kasebat amargi boten cetha. Apatis inggih menika wujud sanes saking reaksi dhateng frustasi, inggiih menika sikep apatis apathy kanthi cara narik dhiri saha asikep pasrah. Fantasi inggih menika nalika kita ngadhepi perkawis ingkang kathah, kadhang kala kita madosi ‘solusi’ kanthi cara mlebet wonten ing donya khayal, solusi ingkang adhedhasar fantasi katimbang realitas. Stereotype inggih menika konsekuensi sanes saking frustasi, inggiih menika ngetingalaken tindak-tanduk ingkang dipun ambali terus-terusan. Tindak-tanduk menika dipun ambali ingkang boten wonten paedahipun saha ketingal aneh.

E. Panaliten Ingkang Jumbuh

Panaliten ingkang dipuntindakaken menika jumbuh kaliyan panaliten ingkang dipuntindakaken dening Murniatun Hidayah wonten ing taun 2013 kanthi irah-irahan Konflik Psikologis Paragatama Wanita wonten ing Cerbung Ara-ara Cengkar Tanpa Pinggir Anggitanipun Adinda AS ing Kalawarti Djaka Lodang Edisi 31 Juli – 20 November 2010. Panaliten menika sami-sami naliti babagan konflik pisikis ingkang dipunlampahi dening paraga utama wonten ing novel. Bedanipun, panaliten menika boten naliti perwatakan ingkang dipungadhahi dening paragatama. Panaliten sanesipun ingkang jumbuh kaliyan panaliten menika inggih menika ingkang dipuntindakaken dening Wahyu Arum Wijayanti wonten ing taun 2014 kanthi irah-irahan Konflik Psikis Wanita Jawa ing Novel Kenja ing Palagan Anggitanipun Soedharmo KD. Panaliten menika ugi naliti babagan perwatakan saha konflik psikis, bedanipun inggih menika panaliten menika naliti sedaya paraga wanitanipun, boten namung paragatama.