Dipundangu rencana salajengipun Bingung sinten ingkang mbocoraken pandhelikanipun

cukup yen kanggo nangani pakaryan kanthi gedhen-gedhenan.” Nalika Prau Gonjing, 1993: 52. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang kepanggih kaliyan priyayi ingkang gadhah villa wonten ing ngajeng dalemipun Lintang, ingkang asmanipun Pak Harjuna. Pak Harjuna menika eksportir wonten ing bidhang agrobisnis. Piyambakipun purun kerja sama kaliyan Lintang. Lintang dados ngraos bingung amargi modhal kangge usaha kirang. Arta ingkang dipungadhahi boten cekap menawi kangge pakaryan ingkang ageng.

g. Boten mangertos sinten tiyang ing wingkingipun tiyang ingkang

ngancam Boten mangertos sinten tiyang ing wingkingipun tiyang ingkang ngancam inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud bingung. Raos bingung ingkang dipunraosaken paraga Lintang amargi boten mangertos sinten tiyang ing wingkingipun tiyang ingkang ngancam saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Lintang ora ngerti. Sapa wong kang ana samburine para utusan kang para utusan kang ngancam dheweke iku. yen wong mau jahat, kok ya bebudene apik. Sebab sawise ana kesepakatan mau, let seminggu dheweke wis nampa bayaran jreng. Lan Lintang isih diwenehi wektu telung sasi kanggo ngrampungake urusan karo para karyawane. Nanging yen wong mau apik, kok gelem ngrampas usahane? batine Lintang. “Ah. Mangka aku kena hukum karma. Sebab lemah iki mbiyene olehku tuku uga kanthi cara peksan,” parupuse Lintang pungkasane. Sebab dheweke emoh mumet – mumet mikiri soal iku maneh. Dheweke wis sadar sawise dituturi ibune werna – werna. Mula kabeh pacoban ya ditampa kanthi iklas. Urip iki wis ana kang ngatur. Manungsa mung kari nglakoni. Nalika Prau Gonjing, 1993: 93. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos bingung amargi boten mangertos sinten tiyang ing wingkingipun tiyang ingkang ngancam piyambakipun. Menawi tiyang menika jahat, ananging bebudenipun sae. Menawi tiyang menika bebudenipun sae, ananging tega ngrampas usahanipun.

h. Kemutan nalika manggihaken

celdam wonten ing koperipun Gino Kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sedhih saha duka. Raos bingung ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino saged dipuntingali wonten ing pethikan menika. “Lha nanging sapa sing ora serik, wong lagi mbobot ditinggal slewengan karo wadon liya. Sapa sing bisa nampa yen wong lanang kang sasuwene iki tansah dibekteni tega tumindah culika kanthi nyolok mata.” Luhe Lintang bali tumetes kelingan marang celdam kang ditemokake neng njero kopere bojone. Ora ana kang luwih lara saliyane dikhianati dening wong kang paling ditresnani. Nalika Prau Gonjing, 1993: 8. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos sedhih amargi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino. Nalika manggihaken Lintang saweg mbobot, manahipun kelara-lara sanget. Garwa ingkang tansah dipunbekteni tega tumindak culika kanthi ngianati tresnanipun. Raos sedhih amargi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino ugi ketingal wonten ing pethikan menika. Lintang mung manthuk. Lan terus langsung nggloso ing ranjange. Awake rasane lemes banget sawise kanggo lutak-lutak. Lan krasa saya lemes bareng kelingan marang bojone. Atine isih krasa lara kaya dijuwing- juwing saben-saben kelingan celdam ing njero kopere sing lanang. Ah, kok tega-tega guru laki kang tansah dibekteni kanthi tulusing ati iku tumindak sedheng karo wanita liya ing kawontenan dheweke lagi mbobot kaya iku, batine Lintang kelara-lara. Nalika Prau Gonjing, 1993: 9.