“Hallo ….?” Lintang ngangkat tilpun mau. Swarane dibingar- bingarake. Nanging saeba kagete, bareng sing nyaut pranyata swara
Lanang. Dudu Lela kaya sing dibayangake.
“Aku neng Bali lagi ana kepentingan, Lintang. Golek obyek kanggo lukisanku. Mungkin seminggu maneh aku lagi mulih. Dakajab sliramu
wis bali.” Swara saka sabrang kang wis banget diapali dening Lintang. Swarane Gino Girindu, bojone.
“Ora” kondurane Lintang karo nahan emosi. Nalika Prau Gonjing, 1993: 34.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang nampi tilpun interlokal saking Denpasar. Lintang ngira billih ingkang tilpun menika Lela, kancanipun
ingkang manggen wonten ing Denpasar. Ananging nalika ngangkat tilpunipun dumadakan Lintang ngraos kaget amargi ingkang nyaut swanten priya ingkang
boten sanes Gino, garwanipun piyambak. Gino ngendika bilih piyambakipun saweg wonten ing Bali. Gino gadhah pangajab supados Lintang sampun kondur
nalika Gino kondur saking Bali mangkih.
k. Lintang bakal nglairaken tanpa ketengga garwa
Lintang bakal nglairaken tanpa ketengga garwa inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sedhih. Raos sedhih ingkang
dipunraosaken dening Lintang amargi bakal nglairaken tanpa ketengga garwa saged ketingal wonten ing pethikan menika.
“Arep mbok jenengi sapa? Kowe wis nyiapke jeneng apa durung?” pitakone Bu Padma maneh.
“Durung,” kondurane Lintang lirih. Atine dumadakan wae krasa sedhih. Bubar sasi iki dheweke bakal nglairake jabang bayine tanpa ketengga
bojo. Tanpa ketengga priya kang nitisake wiji ing wetenge. Nalika Prau Gonjing, 1993: 53.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Bu Padma ndangu Lintang badhe maringi nama sinten kangge calon jabang bayinipun. Lintang mangsuli bilih
dereng nyamektakaken nama kangge jabang bayinipun. Lintang dumadakan ngraos sedhih, amargi badhe nglairaken tanpa ketengga garwa. Tanpa ketengga
priya ingkang nitisaken wiji wonten ing kandhutanipun.
l. Kemutan marang Lanang
Kemutan marang Lanang inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sedhih. Raos sedhih ingkang dipunraosaken dening paraga
Lintang amargi kemutan marang Lanang saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Dienteni, sedina …. rong dina …. nganti ganep seminggu, durung ana surat susulan saka para penculik mau. Lintang atine wis ora kepenak.
Ing wektu kang seminggu iki awake susut akeh banget. Sebab saben- saben kelingan marang anake, dheweke ora kolu mangan, ora kolu
ngombe. Anane mung nangis terus. Lintang lagi nyadhari, yen kabagyan kang dirasakake sasewene iki mung semu. Atine suwung-wung. Dheweke
ngrasakake sepi kang banget ngrerujit ati. Urip tanpa katresnan, tanpa pangarep-arep, jebulane sepal an pait. Ah, Lanang …. Lanang. Ibu ora
kabotan kelangan bandha iki kabeh, waton kowe bali, panguwuhe karo nangis keranta-ranta. Nalika Prau Gonjing, 1993:94.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngentosi serat susulan saking tiyang ingkang nyulik Lanang. Manahipun Lintang sampun boten sekeca,
wekdal seminggu badanipun susut kathah sanget. Lintang boten kolu anggenipun dhahar amargi ngraos sedhih nalika kemutan Lanang ingkang saweg dipunculik.
Lintang namung saged nangis saha saweg nyadhari bilih kabagyan ingkang dipunraosaken sadangunipun menika namung semu kemawon. Lintang ngraos
sepi ingkang banget
ngrerujit manahipun.
Lintang lila kecalan
sedaya bandhanipun ananging Lanang saged kondur wonten ing sisihipun.