Kaget Wujud Konflik Psikis Paragatama Lintang wonten ing Novel
kawontenan, utawi menapa kemawon. Paraga Lintang ugi ngraos ajrih, kados ingkang ketingal wonten ing pehikan menika.
Sijah, ponakane Mbok Yem lagi asah-asah neng mburi nalika dheweke mlebu kolah. Sing diarani kolah iku mung dumadi saka jembangan
gedhe. Separo saka awak jembangan dipendhem ing lemah. Dadi yen adus ya kudu karo ndhodhok. Sadurunge Lintang teka, aling-alinge
kamar mandhi mung saka nam-naman pring kang tipis, kang senebut kepang. Nanging bareng Lintang teka, aling-aling kamar mandhi iku
banjur dikongkong ngganti triplek. Luwih brukut. Mau-maiune Lintang rumangsa canggung adus ing papan kang setengahe rada ngeblak kaya
iku. pikirane tansah ora jenak. Gek-gek mengko ana kang nginjen. Soale dheweke durung kulina ngadhepi kawontenan kaya iki. Wiwit cilik kulina
dimanja. Samubarang sarwa ana. Bareng manggon neng ndesa, dheweke kudu nylarasake karo kawontenan. Nanging suwe-suwe rasane kok ya
biyasa. Lintang wis ora rumangsa canggung maneh. Nalika Prau Gonjing, 1993: 50.
Saking pethikan wonten ing nginggil, kolah wonten ing griyanipun panakanipun Mbok Yem namung dumados saking triplek. Lintang radi canggung
siram wonten ing papan ingkang sepalihipun ngeblak menika. Id ndadosaken paraga Lintang ajrih menawi saweg siram wonten ingkang nginjen, amargi
piyambakipun dereng kulina ngadhepi kawontenan kados mekaten. Paraga Lintang ugi ngraos ajrih nalika badhe kepanggih tiyang ingkang
nyulik Lanang. Raos menika saged dipuntingali saking pethikan menika. Dina H kang ditemtokake, yaiku dina ka sepuluh saka ilange Lanang,
isih esuk Lintang wis budhal. Mung ijen. Polisi wis blokir papan lokasi kanthi sesidheman. Tet jam sepuluh, kanthi tatag Lintang mlebu
pekarangan villa suwung ing pucuk gunung iku. lintang rada kurang percaya yen villa mau suwung. Sebab katone isih kopen. Kiwa tengen
katon resik. Pokoke layak huni. Nanging tekan ngarep lawang dheweke arep notok kok gojag-gajeg. Kepriye yen penculik mengko mblenjani
janji? Utawa para penculik ma uterus nyekel dheweke lan diperkosa, dheweke bisa apa? Sebab wong wadon kuwi. Sepira banggane bisa
ngadhepi komplotan wengis kuwi. Nanging bareng kelingan, yen ana polisi kang memanuk langkahe, Lintang dadi ayem. Dheweke ngucapke
panuwun marang wong kang nglaporake marang polisi iku. upama ora, ah …. Lintang ora bisa mbayangake. Diakoni, dheweke kesusu grusa-
grusu tanpa petung. Terlalu percaya marang penjahat, durung karuan yen atine ora malih sawise nampa dhuwit tebusan. Nalika Prau
Gonjing, 1993: 96.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang badhe kepanggih tiyang ingkang nyulik Lanang. Dumugi ngajeng lawang, Lintang badhe nothok ananging
gojag-gajeg. Id ndadosaken Lintang ajrih menawi samangke penculik mblenjani janji lajeng nyekel saha merkosa piyambakipun. Ananging Lintang kemutan bilih
wonten polisi ingkang njagani wonten njawi, lajeng Lintang ngraos ayem. Ingkang pungkasan paraga Lintang ngraos ajrih nalika badhe mlebet
villa. Raos menika saged dipuntingali saking pethikan menika. Kanthi tangan gemeter Lintang nothok lawang villa mau. Ameh tengara
ngenani tekane. Nalika Prau Gonjing, 1993: 96. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang gemeter nalika badhe
nothok lawang villa. Id ndadosaken Lintang ngraos ajrih marang kawontenan menika.