v. Ajrih menawi penculik mblenjani janji
Ajrih menawi penculik mblenjani janji inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud ajrih. Raos ajrih ingkang dipunraosaken
dening paraga Lintang amargi ajrih menawi penculik mblenjani janji saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Dina H kang ditemtokake, yaiku dina ka sepuluh saka ilange Lanang, isih esuk Lintang wis budhal. Mung ijen. Polisi wis blokir papan lokasi
kanthi sesidheman. Tet jam sepuluh, kanthi tatag Lintang mlebu pekarangan villa suwung ing pucuk gunung iku. lintang rada kurang
percaya yen villa mau suwung. Sebab katone isih kopen. Kiwa tengen katon resik. Pokoke layak huni. Nanging tekan ngarep lawang dheweke
arep notok kok gojag-gajeg. Kepriye yen penculik mengko mblenjani janji? Utawa para penculik ma uterus nyekel dheweke lan diperkosa,
dheweke bisa apa? Sebab wong wadon kuwi. Sepira banggane bisa ngadhepi komplotan wengis kuwi. Nanging bareng kelingan, yen ana
polisi kang memanuk langkahe, Lintang dadi ayem. Dheweke ngucapke panuwun marang wong kang nglaporake marang polisi iku. upama ora,
ah …. Lintang ora bisa mbayangake. Diakoni, dheweke kesusu grusa- grusu tanpa petung. Terlalu percaya marang penjahat, durung karuan
yen atine ora malih sawise nampa dhuwit tebusan. Nalika Prau Gonjing, 1993: 96.
Saking pethikan wonten ing nginggil saged dipunmangertosi bilih Lintang ngraos ajrih menawi penculik mblenjani janji. Dinten H ingkang sampun
dipuntemtokaken dening penculik, Lintang budhal badhe tindak dhateng villa ingkang sampun dipuntemtokaken. Dumugi ngajeng lawang Lintang gojag-gajeg,
Lintang ajrih menawi samangke penculik mblenjani janji lajeng merkosa Lintang. Ananging bareng kemutan menawi wonten polisi ingkang ngawasi wonten ing
njawi, Lintang lajeng nerasaken jangkahipun.
w. Ajrih badhe mlebet villa
Ajrih badhe mlebet villa inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud ajrih. Raos ajrih nalika badhe mlebet villa ingkang
dipunraosaken dening paraga Lintang saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Kanthi tangan gemeter Lintang nothok lawang villa mau. Ameh tengara ngenani tekane. Nalika Prau Gonjing, 1993: 96.
Saking pethikan wonten ing nginggil ketingal bilih Lintang ngraos ajrih nalika badhe mlebet wonten ing villa. Raos ajrih menika ketingal saking astanipun
ingkang gemeter nalika badhe nothok lawang.
x. Kuwatos Langit bakal mbocoraken papan pandhelikanipun
Kuwatos Langit bakal mbocoraken papan pandhelikanipun inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sumelang. Raos
sumelang ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi kuwatos Langit bakal mbocoraken pandhelikanipun saged dipuntingali saking pethikan wonten
ing ngandhap menika. “Kepriye yen Mas Langit nganti mbocorake papan kita iki marang Mas
Gino?” Wis, ta. Dakature mengko. Kowe ora perlu kuwatir.” Nalika Prau
Gonjing, 1993: 55.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ketingal ngraos sumelang saking pitakenanipun marang Bu Padma. Lintang sumelang menawi Mas Langit
mbocoraken papanipun marang Gino. Ananging Bu Padma ngendika bilih Lintang boten perlu sumelang.
y. Lanang dipunculik
Lanang dipunculik inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud cubriya. Raos cubriya ingkang dipunraosaken dening paraga