Kagol Manahipun Wujud Konflik Psikis Paragatama Lintang wonten ing Novel
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos bingung amargi anggenipun nyang-nyangan siti pertanian kangge bisnisipun kirang sedasa yuta.
Sedaya dhana saha depositonipun Bu Padma sampun dipunginakaken. Pancen Lintang tasih gadhah simpenan arupi perhiasan saha permata, ananging menika
kangge mbangun griya saha miwiti usahanipun. Id ndadosaken Lintang bingung badhe kados pundi anggenipun nyekapi kekirangan ingkang sedaya yuta menika.
Sasampunipun Lintang nindakaken usahanipun, Lintang ugi ngraos bingung amargi kekirangan modhal. Raos bingung menika saged dipuntingali
wonten ing pethikan menika. “Lha ning modhale priye? Dhuwitmu cukup?”
“Ya iku sing rada dadi pikiran. Karepku mbiyen dakgarap mbaka sethithik, karo
njajagi pasaran. Nanging bareng aku ketemu Pak Harjuna, iku lho priyayi sing duwe villa ngarep kuwi, dheweke eksportir.
Khususe bidhang agrobisnis. Dheweke gelem kerja sama karo awake dhewe. Pikiranku kok dadi owah. Kita kudu ngolah kebun kuwi kanthi
intensip. Emane kita kebentus ing nggon modhal, Bu. Dhuwitku ora cukup yen kanggo nangani pakaryan kanthi gedhen-gedhenan.” Nalika
Prau Gonjing, 1993: 52.
Saking pethikan wonten ing nginggil, sejatosipun Lintang badhe garap usahanipun sekedhik mbaka sekedhik. Ananging sasampunipun kepanggih
kaliyan Pak Harjuna ingkang dados eksportir, Lintang dipunajak kerja sama kaliyan Pak Harjuna. Id ndadosaken Lintang ngraos bingung amargi kekirangan
modhal kangge nangani usaha kanthi ageng. Raos bingung ugi dipunraosaken dening Lintang nalika wonten tiyang ingkang ngancam piyambakipun. Raos
menika saged dipuntingali saking pethikan menika. Lintang ora ngerti. Sapa wong kang ana samburine para utusan kang
ngancam dheweke iku. yen wong mau jahat, kok ya bebudene apik. Sebab
sawise ana kesepakatan mau, let seminggu dheweke wis nampa bayaran jreng.
Lan Lintang
isih diwenehi
wektu telung
sasi kanggo
ngrampungake urusan karo para karyawane. Nanging yen wong mau apik, kok gelem ngrampas usahane? batine Lintang.
“Ah. Mangka aku kena hukum karma. Sebab lemah iki mbiyene olehku tuku uga kanthi cara peksan,” parupuse Lintang pungkasane. Sebab
dheweke emoh mumet – mumet mikiri soal iku maneh. Dheweke wis sadar sawise dituturi ibune werna – werna. Mula kabeh pacoban ya
ditampa kanthi iklas. Urip iki wis ana kang ngatur. Manungsa mung kari nglakoni. Nalika Prau Gonjing, 1993:93.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang dipunancam kaliyan tiyang ingkang boten dipuntepang. Id ndadosaken Lintang ngraos bingung sinten
ingkang wonten ing sawingkingipun utusan ingkang ngancam piyambakipun. Menawi tiyang menika jahat, ananging bebudenipun sae, menawi tiyang menika
sae ananging tega ngrampas usahanipun.