Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang badhe mlebet wonten ing villa kangge kepanggih penculikipun Lanang. Lintang ngraos kaget nalika
mriksani swasana ruwang villa ingkang boten kados ingkang dipunbayangaken saderengipun. Villa katon padhang saha resik, boten peteng saha singup kados
ingkang dipunbayangaken.
t. Gino nyidra katresnanipun Lintang
Gino nyidra katresnanipun Lintang inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud ngraos dipuncidrani. Raos dipuncidrani
dening Gino ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang saged ketingal saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Lintang meneng. Mbok Yem pancen wis lola. Bojo ora duwe, mati nalika jaman agresi. Anak uga durung sempat duwe. Siji-sijine keluargane ya
mung ponakane iki. Jane wektu kuwi Mbok Yem isih enom. Isih akeh sing gelem saupama kepengin rabi maneh. Wong najan pembantu, rupane
Mbok Yem ya rada melek, kok. Nanging Mbok Yem puguh ora gelem. Sebab dheweke wis janji prasetya karo bojone sing mati, ora niyat omah-
omah maneh ing sisa uripe. Ah, katresnan pancen endah sauger ora dikhianati, upama Gino Girindu ora ngianati kasetiane, Lintang uga
bakal tetep setya kapan wae, senajan upamane Gino ndhisiki murut ing kasidan jati. Dheweke lila urip ijen nganti selawas-lawase, merga nuhoni
kasetyan mau. Nanging saiki critane wis seje. Wong lanang kang ditresnani, kang dipasrahi jiwa raga wis ngianati dheweke. Apa iya
dheweke klakon tetep ngugemi kasetyan marang wong lanang sing kaya iku?
“Mangga Den Lintang, pohongipun mumpung taksih anget.” Lintang nggragap krungu swarane Mbok Yem sing ngladekake pohong
ana ngarepe. Nalika Prau Gonjing, 1993: 48.
Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang saweg ngraosaken bilih katresnan menika sauger endah menawi boten dipunkhianati. Saupama Gino boten
ngianati kasetyanipun, Lintang ugi bakal setya salawasipun. Ananging samenika
kawontenanipun sampun beda, tiyang kakung ingkang tansah dipuntresnani, ingkang dipunpasrahi jiwa raga tega ngianati piyambakipun. Lintang ngraos
dipuncidrani dening Gino kanthi ngianati katresnanipun.
u. Papan kangge siram boten sekeca
Papan kangge siram boten sekeca inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud ajrih. Raos ajrih ingkang dipunraosaken
dening paraga Lintang amargi papan kangge siram boten sekeca saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Sijah, ponakane Mbok Yem lagi asah-asah neng mburi nalika dheweke mlebu kolah. Sing diarani kolah iku mung dumadi saka jembangan
gedhe. Separo saka awak jembangan dipendhem ing lemah. Dadi yen adus ya kudu karo ndhodhok. Sadurunge Lintang teka, aling-alinge
kamar mandhi mung saka nam-naman pring kang tipis, kang senebut kepang. Nanging bareng Lintang teka, aling-aling kamar mandhi iku
banjur dikongkong ngganti triplek. Luwih brukut. Mau-maiune Lintang rumangsa canggung adus ing papan kang setengahe rada ngeblak kaya
iku. pikirane tansah ora jenak. Gek-gek mengko ana kang nginjen. Soale dheweke durung kulina ngadhepi kawontenan kaya iki. Wiwit cilik kulina
dimanja. Samubarang sarwa ana. Bareng manggon neng ndesa, dheweke kudu nylarasake karo kawontenan. Nanging suwe-suwe rasane kok ya
biyasa. Lintang wis ora rumangsa canggung maneh.
Nalika Prau Gonjing, 1993: 50.
Saking pethikan wonten ing ngingil, saged dipunmangertosi bilih Lintang ngraos ajrih amargi papan kangge siram boten sekeca. Papan ingkang dipunarani
kolah menika dipundamel saking triplek ingkang sepalihipun radi ngeblak. Wiwitanipun Lintang ngraos canggung siram wonten ing papan menika,
panggalihipun tansah boten jenak. Lintang ajrih menawi nalika piyambakipun siram wonten ingkang nginjen. Ananging dangu-dangu Lintang sampun ngraos
biyasa kaliyan papan kangge siram menika.