h. Ngeyelan
Ngeyelan saking tembung ‘ngeyel’ ingkang tegesipun nekad nggugu leresipun piyambak Poerwadarminta, 1939: 383. Tiyang ingkang ngeyelan
inggih menika tiyang ingkang boten kersa nggugu pamanggihipun tiyang sanes, namung nggugu kekajenganipun piyambak. Sipat ngeyelan ingkang dipungadhahi
dening Lintang saged ketingal saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Kowe aja mikir sing werna-werna dhisik. Srantekna nganti bayimu
kuwi lair. Mengko yen wis lair, gampang. Saiki kita mlaku dhisik kaya rencana sakawit.”
“Ning eman, lho Bu, yen lemahe tanpa tanduran.” Lintang isih ngengkel. Nalika Prau Gonjing, 1993: 53.
Saking pethikan
wonten ing
nginggil, sipat
ngeyelan ingkang
dipungadhahi Lintang ketingal nalika Bu Padma ndhawuhi supados Lintang nyrantekaken
bayinipun ngantos
lair rumiyin,
ananging Ego
ingkang dipungadhahi Lintang ndadosaken piyambakipun ngraos eman menawi lemah
wonten ing pekaranganipun nganggur tanpa taneman. Lintang tansah ngengkel kepengin ngurusi bisnisipun, sinaosa Bu Padma sampun boten marengaken. Sipat
ngeyelan Lintang ugi ketingal nalika dipundukani kaliyan Bu Padma, kados pethikan wonten ing ngandhap menika.
“Kene. Tinggalen mangan kana dhisik. Nyusoni bocah ki aja sembrana. Mangan ya kudu ajeg. Kowe arep bisa sagelemu dhewe kaya biyen,
Lintang. Mesakake bayeke,” ujare Bu Padma maneh sawise Lanang wis wareg olehe mimik.
“Wis meh bubuk kok, Bu. Karo meneh Ibu yo sayah. Wis, dakturu-turune pisan.”
“Ora, Kene. Ibu ki ora apa-apa.” Bu Padma ngengkel njaluk putune sing ana gendhonge ibune iku. ”Wis kana, tinggalen maem dhisik kana,”
prentahe marang Lintang sawise Lanang wis ana gendhongane.
“Oh, sik, Bu. Aku arep niliki, apa rantange kanggo wong-wong wis dikirim apa durung,” aloke Lintang karo jumangkah tumuju mess para
karyawan.
“Kuwi rak cukup Mbok Yem sing niliki. Pokoke kowe maem dhisik” Wis, Lintang mengkeret. Pokoke yen ibune wis kandha kaya mangkono
iku wis ora kena dibantah. Kepeksa dheweke mbalik. “Lha Ibu wis dhahar?” pitakone sadurunge jumangkah mlebu omah.
“Ibu mengko-mengko wae, yen Lanang wis bubuk. Wong ora nyusoni wae. Beda kowe. Wis, kana.” Panggusahe.
Tekan njero Lintang ora langsung njujug meja makan. Nanging nggoleki Mbok Yem nyang mburi dhisik. Nalika Prau Gonjing, 1993: 64.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngetingalaken sipat ngeyelanipun nalika dipundhawuhi Bu Padma dhahar rumiyin. Ananging Lintang
boten purun, malah badhe tumuju mess para karyawan ningali rantang kiriman sampun dipunkirim menapa dereng. Bu Padma ngendika bilih ingkang kedah
ningali wonten mess cekap Mbok Yem kemawon, ananging Id ingkang
dipungadhahi Lintang ndadosaken piyambakipun tetep ngeyel ningali mess.
i. Mandiri
Mandiri inggih menika saged madeg piyambak, tanpa bergantung kaliyan tiyang sanes. Tiyang ingkang mandiri, ateges saged nindakaken menapa
kemawon piyambakan tanpa dipunbantu kaliyan tiyang sanes. Sipat mandiri ingkang dipungadhahi Lintang saged ketingal saking pethikan wonten ing
ngandhap menika. Pikirane dheweke kudu enggal bisa mujudake kabeh pepinginane. Bisa
dadi wanita kang sukses senajan tanpa campur tangane Gino. Dheweke selak kepengin bisa mbuktekake, yen diwenehi kesempatan, sejatine
wanita iku uga bisa maju lan ora kalah karo priya. Nalika Prau Gonjing, 1993: 53.
Saking pethikan wonten ing nginggil, sipat mandiri paraga Lintang ketingal nalika kepengin mujudaken pepinginanipun dados wanita ingkang sukses
tanpa campur tanganipun Gino. Super Ego ingkang dipungadhahi Lintang
ndadosaken piyambakipun kepengin mandiri, amargi sejatosipun wanita menika boten kalah kaliyan priya menawi dipunparingi kesempatan.
j. Prigel
Prigel inggih menika cukat sarta trampil utawi pinter Poerwadarminta, 1939: 513. Tiyang ingkang prigel menawi nindakaken menapa kemawon kanthi
sae sarta trampil saha tansah pinter anggenipun ngecakaken sedaya pakaryanipun. Sipat prigel ingkang dipungadhahi paraga Lintang saged dipuntingali saking
pethikan wonten ing ngandhap menika. ORA rinasa, umure Lanang saiki wis jangkep telung taun. Selot gedhe,
tambah pintere nanging nakale uga mundhak. Yen ngomong clewa-clewo lucu. Wong pancen isih cedhal. Bocah cilik iku luwih cedhak marang
eyange tinimbang marang ibune. Soale Lintang tansah sibuk terus. Usaha kang ditangani saiki macem-macem. Ora ming tanduran bisnis
sayuran lan kembang. Nanging dheweke uga nglirik unggas lan ternak tambra karo lele. Lan sapi perah. Nalika Prau Gonjing, 1993: 72.
Saking pethikan wonten ing nginggil, sipat prigel saking paraga Lintang ketingal saking usahanipun ingkang maneka werni kadosta bisnis sayuran, sekar,
unggas, ternak tambra, lele, saha sapi perah. Ego ingkang dipungadhahi Lintang ndadosaken piyambakipun prigel, saengga sedaya bisnis ingkang dipuntindakaken
saged sukses.
k. Srakah
Srakah inggih
menika kumudu
utawi kedah
pikantuk kathah
Poerwadarminta, 1939:
581. Tiyang
ingkang srakah
menawi gadhah