Caranipun Nganalisis Caranipun Ngesahaken

Gino madosi Lintang dhateng pundi-pundi, ananging boten kapanggih. Sejatosipun Lintang namung ndhelik wonten dalemipun Bu Padma, marasepuhipun Gino. Ananging Bu Padma boten maringi pirsa dhateng Gino menawi Lintang wonten ing griyanipun. Lintang ngraos sedhih sanget amargi kadadosan menika, menapa malih samenika Lintang saweg mbobot putranipun Gino. Ananging Gino dereng mangertos babagan mbobotipun Lintang, amargi sejatosipun Lintang badhe damel surprise dhateng Gino nalika kondur saking Jakarta. Dereng siyos anggenipun damel surprise, Lintang malah manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino. Sampun ngantos sewulan Lintang kesah saking griya, Gino ngraos judheg sanget. Piyambakipun rumaos kecalan saestu, ngantos pakaryanipun dados kaco saha boten saged konsentrasi amargi menggalih Lintang kemawon. Dinten- dintenipun namung telas kangge ngalamun, ngantos badanipun kuru kados tiyang sakit. Mangertos kawontenanipun Gino ingkang kados mekaten, Bu Padma boten tega, lajeng maringi pirsa Gino bilih Lintang wonten ing dalemipun Bu Padma. Ngantos wulan ngajengipun, Bu Padma ngantu-antu sanget rawuhipun Gino wonten ing dalemipun Bu Padma, ananging Gino boten njedhul-njedhul. Bu Padma kuwatos amargi kandhutanipun Lintang sampun saya ageng. Gino ingkang samenika saweg wonten ing Bali, nilpun Lintang kangge nyuwun supados saderengipun Gino kondur saking Bali, Lintang sampun kondur dhateng griyanipun. Ananging Lintang boten kersa kondur, Lintang malah ngraos mangkel kaliyan Gino amargi namung dipunhubungi mawi tilpun. Lintang sampun mutusaken badhe kesah saking dalemipun Bu Padma. Lintang saha Bu Padma kesah kaliyan Mbok Yem, dhateng Ungaran. Lintang manggen wonten ing dalemipun ponakanipun Mbok Yem. Wonten ing papan ingkang subur menika, jangkanipun Lintang badhe bisnis sayuran saha sekar, ananging Bu Padma boten marengaken. Bu Padma ndhawuhi Lintang supados nyrantekaken bayi wonten ing kandhutanipun rumiyin. Sasampunipun Lintang nglairaken bayinipun, ingkang dipunparingi nama Lanang, Lintang lajeng miwiti usahanipun ngantos dados sukses. Usaha ingkang dipuntangani dening Lintang maneka werni, boten namung sayuran kaliyan sekar, ananging ugi unggas saha ternak tambra, lele, saha sapi perah. Sedaya usahanipun sukses, menapa ingkang dipunkajengaken dening Lintang saged katurutan. Lintang samenika gesang mulya kaliyan Bu Padma saha Lanang, senajan tanpa Gino, garwanipun. Ngantos wonten ing sawijining dinten, wonten tiyang ingkang ngancam Lintang. Tiyang menika ndhawuhi Lintang supados nyade siti pekarangan ingkang kangge usaha. Dereng rampung pacoban ingkang dipunlampahi dening Lintang, bibar nampi arta saking anggenipun nyade pekarangan, Lanang dipunculik. Penculikipun nyuwun tebusan ingkang kathah. Lintang ngraos sedhih sanget kecalan Lanang, piyambakipun lila menawi bandhanipun telas, ananging Lanang saged wangsul malih wonten ing sisihipun. Penculikipun Lanang nyuwun supados Lintang sowan wonten ing sawijining villa. Nalika Lintang dumugi wonten ing villa, Lintang kaget sanget, amargi Lintang ningali kawontenan wonten ing villa boten kados ingkang dipunbayangaken saderengipun. Lintang ningali Lanang saweg dolanan kaliyan priya ingkang sampun boten asing malih, inggih menika Gino, garwanipun piyambak. Lintang sumedhot ningali kawontenan menika, lajeng piyambakipun nyuwun pangapura dhateng Gino.

2. Perwatakan Paraga Utama Lintang wonten ing Novel

Nalika Prau Gonjing Anggitanipun Ardini Pangastuti. Perwatakan inggih menika gambaraning kualitas paraga ingkang arupi sipat lair saha batin manungsa ingkang mangaribawani penggalih saha tindak- tandukipun, saengga saged mbedakaken kaliyan paraga sanesipun. Watak saking paraga dipungambaraken dening pangripta mawi pocapan saha tindak-tanduk paraga ingkang saged dipuntingali saking narasi, dialog utawi monolog para paraganipun. Perwatakan ingkang dipungadhahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing dipuntingali saking teori psikoanalisis Sigmund Freud inggih menika nyinyir, tlaten, pangerten, teteg, ndableg, mutungan, gampil duka, ngeyelan, mandiri, prigel, srakah, saha angkuh. Wonten ing ngandhap menika asiling panaliten perwatakan paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti. Tabel 1. Data Perwatakan Paraga Lintang wonten ing Novel Nalika Prau Gonjing Anggitanipun Ardini Pangastuti No Perwatakan Struktur Kapribaden No. Data Id Ego Super Ego 1 Nyinyir √ 1 2 Tlaten √ 2