Nyinyir Perwatakan Paragatama Lintang wonten ing Novel

Padma. Piyambakipun langkung milih kesah saking dalemipun Bu Padma katimbang kedah kondur wonten ing griyanipun.

e. Ndableg

Ndableg inggih menika boten ngrewes ing pakon Poerwadarminta, 1939: 62. Dados, ndableg inggih menika nggugu kekajenganipun piyambak, boten kersa nampi pamanggihipun tiyang sanes. Sipat ndableg ingkang dipungadhahi dening Lintang saged ketingal saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Hem … ” dheweke unjal ambegan landhung. Banjur kandhane lirih, “Kowe kan ngerti ta, Wuk. Adhimu ki kerase ngudubilah. Yen duwe kekarepan, ora ana kang bisa menggak. Kanggo njagani bab sing ora-ora, mula Ibu kepeksa dora marang Gino.” Nalika Prau Gonjing, 1993: 12. Saking pethikan wonten ing nginggil, Bu Padma nedahaken bilih Lintang menika gadhah watak ingkang keras. Menawi gadhah kekajengan, boten wonten ingkang saged nahan. Id ingkang ndadosaken Lintang mentingaken kekajenganipun piyambak, tanpa menggalih pamanggihipun tiyang sanes.

f. Mutungan

Mutungan utawi kaku manahipun inggih menika gampil nepsunipun utawi Poerwadarminta, 1939: 181. Dados, mutungan tegesipun gampil nesu utawi mutung tanpa menggalih ingkang sanyatanipun, namung nuruti kekajenganipun piyambak. Sipat mutungan ingkang dipungadhahi dening Lintang saged ketingal saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Aku ora nyalahake sliramu, Nak. Sing kebangeten ki pancen Lintang. Atine kaku kaya watu, ora kena diluk,” sementane Bu Padma karo nguculi rangkulane. Wong loro banjur lungguh adhep-adhepan ing kursi tamu. Nanging Gino ora wani ngangkat raine, nantang panyawange Bu Padma. Dheweke mung tumungkul, nyawang jobin. Dumadakan ora ngerti, kudu ngomong kepriye marang mara tuwane wadon kuwi. Nalika Prau Gonjing, 1993: 15 Saking pethikan wonten ing nginggil, watak mutungan saking Lintang ketingal saking pamanggihipun Bu Padma. Id ingkang dipungadhahi Lintang ndadosaken piyambakipun boten purun mirengaken Bu Padma ingkang ndhawuhi Lintang kondur dhateng griyanipun Gino. Lintang tetep mutung boten purun kondur amargi sampun manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino. Sipat mutungan ugi ketingal wonten ing pethikan menika. Bu Padma gedheg-gedheg karo ngelus dhadha. Oh, bocah kok kakune ora jamak. Gek sapa ta sing diturun? Wong swargi bapake ki masiya kaku ning ya ora kebangeten kaya kuwi, batine. Nalika Prau Gonjing, 1993: 26. Bu Padma boten ngira menawi Lintang gadhah sipat mutungan, amargi Bu Padma saha swargi Bapakipun Lintang boten wonten ingkang gadhah sipat kados mekaten. Nalika Lintang bibar nampi tilpun saking Gino, ugi ngetingalaken sipat mutungan. Sipat menika saged dipuntingali wonten ing pethikan menika. Klik Tilpun langsung dibanting dening Lintang. Tangise ambrol tanpa bisa dibendung maneh. Tangis merga mangkel. Kurangajar sing lanang kuwi. Dheweke ngakoni salah, nanging isih jual mahal. Mungkin upamaa dipethuk, dheweke isih mikir ping sewu dhisik yen kongkon mulih. Rasa serike isih during mendha. Dheweke isih mbutuhake wektu kang dawa kanggo nglalekake atine sing kebacut rengka iku. Apa maneh iki mung dihubungi liwat tilpun. Huh Aja ngimpi. Aja gembagus dhisik. Ora bakal aku bali lan ngrerepa njaluk diwelasi. Ora bakal najan tanpa priya, aku bisa urip. Arep dakbuktekake Batine Lintang kemrungsung. Mangkele karo sing lanang pancen tekan mbun-bunan. Nalika Prau Gonjing, 1993: 34. Sasampunipun nampi tilpun saking Gino ingkang ndhawuhi Lintang kondur piyambak dhateng griyanipun Gino amargi Gino saweg wonten ing Bali, Lintang dumadakan duka saha mangkel manahipun. Manahipun tetep kaku, boten