Modhal kangge usaha kirang
Saking pethikan wonten ing nginggil, manahipun Lintang kados dipunjuwing-juwing, tega-teganipun priya ingkang tansah dipunbekteni kanthi
tulusing manah tumindak sedheng kaliyan wanita sanes. Batinipun kelara-lara menawi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino.
Lintang kemutan malih nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino, lajeng ngraos sedhih. Raos menika saged dipuntingali saking pethikan wonten ing
ngandhap menika. Nanging soal mbobote kuwi Gino babar pisan durung ngerti. Merga
Lintang pancen durung kandha. Rencanane suk wae yen Gino rampung nganakake pameran gabungan ana Jakarta iku. Dheweke pancen
kepengin gawe surprise. Nanging esuk-esuk nalika ngetokake pakean- pakeane Ginokang reget, ndadak dheweke nemokake barang sialan kang
gawe kemropoke ati. Lintang langsung lunga ngono wae ing kalane sing lanang isih lagi turu kepati. Tanpa rinasa banyu bening wiwit bali nelesi
pipine maneh. Nalika Prau Gonjing, 1993: 9.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang dereng kandha kaliyan Gino menawi saweg mbobot. Jangkanipun Lintang badhe ngendika kaliyan Gino
sasampunipun Gino ngawontenaken pameran wonten ing Jakarta. Ananging enjing-enjing nalika ngedalaken rasukan ingkang reget saking koperipun Gino,
Lintang manggihaken celdam wanita. Lintang langsung kesah saking griya. Manahipun Lintang sedhih sanget menawi kemutan kadadosan menika.
Perkawis kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino boten namung njalari konflik psikis awujud sedhih, ananging ugi konflik
psikis awujud duka. Raos duka ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino saged
ketingal wonten ing pethikan menika.
Tekan njero kamar, Lintang ora sida ngonceki pencit kaya karepe sakawit.
Lading diuncalake
ing ndhuwur
meja, dheweke
terus ngebrukake awake ing ranjang. Tangane ngelus wetenge sing wiwit
katon mblendhuk iku. Ing atine sing paling jero, temene uga ana rasa kangen marang Gino Girindu, bojone. Nanging saben-saben kelingan
marang celdam ing njero koper iku, rasa kangene iku sanalika ilang, malih dadi rasa pangigit-igit. Wis dicoba bala-bali kanggo ngapura
tumindake sing lanang iku, nanging tetep ora bisa. Cilakane, Lintang malah nduweni rasa jijik marang wong lanang kang nate ditresnani iku.
Nalika Prau Gonjing, 1993: 27.
Saking pethikan wonten ing nginggil, dumugi kamar Lintang boten siyos ngonceki pencit kados kekajenganipun sakawit. Lading dipununcalaken wonten
ing nginggil meja. Lintang lajeng ngebrukaken badanipun wonten ing ranjang. Wonten ing manahipun ingkang paling jero, satemenipun Lintang ugi ngraos
kangen marang
Gino, garwanipun.
Ananging menawi
kemutan nalika
manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino, raos kangen menika malih dados rasa pangigit-igit. Sampun dipuncoba ngapura tumindakipun ingkang
garwa, ananging Lintang malah gadhah raos jijik marang tiyang kakung ingkang nate dipuntresnani menika.