Gino boten kersa dhahar

“Priye, Wuk? Tilpun saka bojomu?” ngerti-ngerti ibune wis metu saka kamar, mrepegi dheweke. Krungu ibune takon kaya mangkono iku, Lintang lagi kelingan, sasuwene iki bojone rak ora ngerti ana ngendi dheweke. nanging mara-mara kok ana tilpun saka sing lanang. Banjur sapa kang mbocorake pandhelikane iku? batine Lintang karo age-age ngusapi eluhe. Terus nyawang ibune. Landhep. Nalika Prau Gonjing, 1993: 34. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang bibar nampi tilpun saking Gino. Lintang kemutan sadangunipun wonten ing dalemipun Bu Padma boten wonten ingkang mangertos. Lajeng Lintang ngraos bingung sinten ingkang mbocoraken pandhelikanipun marang Gino.

e. Arta kangge tumbas siti kirang

Arta kangge tumbas siti kirang inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud bingung. Raos bingung amargi arta kangge tumbas siti kirang ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang saged ketingal wonten ing pethikan menika. Hem …. Lintang unjal napas. Landhung. Mripate disawatake adoh nyang ngarep. Nyawang Gunung Ungaran sing isih turu angkler, kemulan pedhut. Wis seminggu iki dheweke manggon neng omahe ponakane Mbok Yem ing Bandhungan, desa ing sikile Gunung Ungaran iku. lintang rumangsa krasan. Merga dhaerah iku hawane adhem, tur adoh saka polusi. Ayem lan tentrem. Lemahe uga gemah ripah loh jinawi. Sakehe tanduran kang diencepake, mesthi thukule. Lintang wis duwe kembang lan sayuran. Katone usaha loro iku prospeke cukup cerah. Ah, mengko yen si jabang bayi wis lair rak gampang. Soal pemasaran dheweke bisa ngrintis. Paling ora khusus sayurane pemasarane bisa kerja sama karo kangmase tunggal Bapak sing mbarep, Langit. Merga dheweke rak nduwe usaha toko swalayan ing pirang- pirang kutha. Kuwi mengko sayur-sayurane bisa disuplay saka kebone. Nanging bareng ngelingi olehe nyang-nyangan lemah calon kanggo omah lan kebone sing nganti saiki isih durung gathuk, Lintang dadi kecut. Jane kari nyang-nyangan dhuwit sepuluh yuta. Sawise iku, lemah pertanian ora kurang saka wolung hektar iku wis bakal dadi duweke. Nanging sing sepuluh yuta iku sing Lintang ora duwe. Kabeh dhana ketambahan depositone ibune wis dikuras entek. Pancen dheweke isih duwe cadhangan dhana liyane, arupa perhiasan lan permatane, sing sasuwene iku arang dienggo. Nanging kuwi rencanane rak kanggo mbangun omah sedherhana lan modhal kanggo miwiti usahane. Hem …. priye, ya? batine Lintang judheg. Dumadakan …. “Mlampah-mlampah, Nak. Kok nggih sampun wungu taksih yahmenten,” panyapane salah siji pendhudhuk kang papagan laku karo dheweke. Nalika Prau Gonjing, 1993: 46. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang saweg nyawang endahing Gunung Ungaran. Ningali bilih papan menika gemah ripah loh jinawi, lajeng Lintang badhe bisnis sekar saha sayuran. Ananging ngemut-emut anggenipun nyang-nyangan siti kangge griya saha kebonipun kirang arta sedasa yuta, Lintang dados kecut. Lintang ngraos bingung amargi arta kangge tumbas siti kirang. Lintang sampun boten gadhah arta malih. Sedaya dhana saha depositonipun Bu Padma sampun dipunkuras telas. Lintang panci tasih gadhah cadhangan perhiasan saha permata, ananging jangkanipun menika kangge mbangun griya saha miwiti usahanipun.

f. Modhal kangge usaha kirang

Modhal kangge usaha kirang inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud bingung. Raos bingung ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi modhal kangge usaha kirang saged ketingal wonten ing pethikan ngandhap menika. “Lha ning modhale priye? Dhuwitmu cukup?” “Ya iku sing rada dadi pikiran. Karepku mbiyen dakgarap mbaka sethithik, karo njajagi pasaran. Nanging bareng aku ketemu Pak Harjuna, iku lho priyayi sing duwe villa ngarep kuwi, dheweke eksportir. Khususe bidhang agrobisnis. Dheweke gelem kerja sama karo awake dhewe. Pikiranku kok dadi owah. Kita kudu ngolah kebun kuwi kanthi intensip. Emane kita kebentus ing nggon modhal, Bu. Dhuwitku ora