Ego das ich Teori Psikoanalisis saha Struktur Kapribaden Sigmund Freud
ingkang boten dipuntampi, saking alam sadhar saha wangsul wonten ing alam bawah sadhar. Ancas saking sedaya mekanisme pertahanan ego menika kangge
menekan repress utawi nyurung impuls-impuls ingkang ngancam supados saged medal saking alam sadhar.
Sublimasi inggih menika bentuk saking pengalihan. Sublimasi saged kadadosan menawi wonten tindakan-tindakan ingkang gadhah paedah kanthi
sosial ingkang saged nggantos pangraos ingkang boten ngremenaken. Proyeksi kadadosan menawi kita ngadhepi kawontenan utawi perkawis ingkang boten
dipunpengini saha boten saged kita trima kanthi nglimpahaken dhateng alesan sanes. Proyeksi menika saged kadadosan menawi individu nutupi kekiranganipun
saha perkawis ingkang dipunadhepi utawi kalepatanipun dipunlimpahaken dhateng tiyang sanes.
Pengalihan utawi displacement inggih menika pengalihan pangraos boten remen kaliyan objek, dhateng objek sanes ingkang langkung trep.
Rasionalisasi kadadosan menawi motif nyata saking tindak-tanduk individu boten saged dipuntampi dening ego. Motif nyata kasebat dipungantos kaliyan motif
sanes kanthi ancas pembenaran. Rasionalisasi gadhah kalih ancas, inggih menika kangge ngirangi raos kuciwa nalika boten saged nggayuh ancas ingkang
dipunkajengaken saha maringi kita motif ingkang saged dipuntampi dening tindak-tanduk. Reaksi formasi utawi reaction formation inggih menika represi
akibat impuls anxitas ingkang asring bertolak belakang kaliyan tendensi ingkang dipuntekan. Reaksi formasi saged nyegah individu nindakaken perkawis ingkang
ngasilaken anxitas saha asring saged nyegah asikep antisosial.
Wonten kalih interpretasi babagan regresi, ingkang kaping pisan regresi ingkang dipunsebat retrogressive behavior, inggih menika tindak-tanduking
manungsa ingkang kados bocah alit, nangis, saha manja supados saged pikantuk kawigatosan saking tiyang sanes. Ingkang kaping kalih, regresi ingkang
dipunsebat primitivation inggih menika nalika tiyang ingkang sampun dewasa asikep kados tiyang ingkang boten trep kaliyan budaya saha kecalan kontrol
saengga boten wirang gelut kaliyan tiyang sanes. Agresi wonten ingkang awujud langsung saha pengalihan direct
aggression saha displaced aggression. Agresi langsung inggih menika agresi ingkang dipunandharaken kanthi langsung dhateng tiyang utawi objek ingkang
dados sumber frustasi. Kangge tiyang ingkang sampun dewasa, agresi kados mekaten awujud verbal katimbang fisikal. Agresi ingkang dipunalihaken inggih
menika menawi tiyang ngalami frustasi ananging boten saged ngungkapaken kanthi marem dhateng sumber frustasi kasebat amargi boten cetha. Apatis inggih
menika wujud sanes saking reaksi dhateng frustasi, inggiih menika sikep apatis apathy kanthi cara narik dhiri saha asikep pasrah.
Fantasi inggih menika nalika kita ngadhepi perkawis ingkang kathah, kadhang kala kita madosi ‘solusi’ kanthi cara mlebet wonten ing donya khayal,
solusi ingkang adhedhasar fantasi katimbang realitas. Stereotype inggih menika konsekuensi sanes saking frustasi, inggiih menika ngetingalaken tindak-tanduk
ingkang dipun ambali terus-terusan. Tindak-tanduk menika dipun ambali ingkang boten wonten paedahipun saha ketingal aneh.