Cubriya Kemutan marang Gino

pindhah saka lungguhe yen kepengin mangan …. Nalika Prau Gonjing, 1993: 1. Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang saweg ngendika marang Gino. Lintang ngraos gemes dhateng Gino amargi Gino bandel sanget. Sampun bola-bali dipunkandhani dening Lintang menawi dhahar ampun telat, ananging Gino boten kersa dhahar menawi dereng dipunuprak-uprak dening Lintang.

b. Manggihaken

celdam wonten ing koperipun Gino Manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud kagol manahipun. Lintang ngraos kagol manahipun amargi manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Ana kang nyaranake, supaya Gino nglapurake ilange bojone kuwi menyang polisi. Ah, mengko dhisik. Iki rak urusan pribadi antarane dheweke lan Lintang.lungane Lintang wis jelas, merga kagol atine karana ngonangi anane celdam ing kopere iku. Geneya dheweke kudu nglibatake polisi barang? Apa yen wis dilimpahake marang polisi, kabeh urusane mesthi bakal beres? Durung karuan. Mula Gino milih meneng lan digoleki dhewe alon-alon. Sukur-sukur Lintang enggal lilih atine lanterus kelingan ngomah. Ah, saiba mulyane yen wanita kinasih iku bali ing sisihe kaya wingi uni. Gino arep njelasake masalah celdam iku amrih Lintang ora nduweni praduga sing ora-ora marang dheweke. Yen perlu Sinung arep diundang, dikon dadi saksi, yen olehe nyleweng kuwi temene ora dikarepake ….. Nalika Prau Gonjing, 1993: 4. Saking pethikan wonten ing nginggil, wonten ingkang nyaranaken supados Gino nglaporaken icalipun Lintang dhateng polisi, ananging Gino boten kersa amargi kesahipun Lintang menika sampun cetha, inggih menika kagol manahipun amargi manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino. Pramila Gino milih mendel saha dipunpadosi piyambak alon-alon.

c. Dipundangu rencana salajengipun

Dipundangu rencana salajengipun inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud bingung. Raos bingung ingkang dipunraosaken dening Lintang amargi dipundangu rencana salajengipun saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. “Banjur rencanamu priye, Wuk?” pitakone Bu Padma sawise sawatara amem. “Hem …. embuh, Bu. Aku isih bingung.” Lintang unjal ambeganlandhung. “Apa ora luwih becik kowe bali wae, Wuk. Mesakake bayi sing ana wetengmu yen kowe nekat lunga. Dheweke mengko lair tanpa ketengga bapa. Wis ta, Ibu kang ngatur. Paling ora gengsimu ora bakal mudhun yen kowe bali marang, bojomu,” pangarih-arihe Bu Padma. “Aku yen wis muni ora ya tetep ora, Bu. Luwih becik aku mati tinimbang kudu bali. Yen Ibu ora kersa dakdhereki, aku ya tak lunga sing adoh.” Nalika Prau Gonjing, 1993: 8. Saking pethikan wonten ing nginggil, Bu Padma maringi pitakenan dhateng Lintang babagan rencana ingkang badhe dipuntindakaken salajengipun. Ananging Lintang ngraos bingung amargi Lintang dereng mangertos menapa ingkang badhe dipuntindakaken. Bu Padma maringi panyaruwe supados Lintang kondur kemawon wonten griyanipun Gino, ananging Lintang boten kersa.

d. Bingung sinten ingkang mbocoraken pandhelikanipun

Bingung sinten ingkang mbocoraken pandhelikanipun inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud bingung. Raos bingung ingkang dipunraosaken Lintang amargi boten mangertos sinten ingkang mbocoraken pandhelikanipun saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.