Manggihaken Perkawis ingkang Njalari Konflik Psikis Paragatama Lintang wonten ing

duwe cadhangan dhana liyane, arupa perhiasan lan permatane, sing sasuwene iku arang dienggo. Nanging kuwi rencanane rak kanggo mbangun omah sedherhana lan modhal kanggo miwiti usahane. Hem …. priye, ya? batine Lintang judheg. Dumadakan …. “Mlampah-mlampah, Nak. Kok nggih sampun wungu taksih yahmenten,” panyapane salah siji pendhudhuk kang papagan laku karo dheweke. Nalika Prau Gonjing, 1993: 46. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang saweg nyawang endahing Gunung Ungaran. Ningali bilih papan menika gemah ripah loh jinawi, lajeng Lintang badhe bisnis sekar saha sayuran. Ananging ngemut-emut anggenipun nyang-nyangan siti kangge griya saha kebonipun kirang arta sedasa yuta, Lintang dados kecut. Lintang ngraos bingung amargi arta kangge tumbas siti kirang. Lintang sampun boten gadhah arta malih. Sedaya dhana saha depositonipun Bu Padma sampun dipunkuras telas. Lintang panci tasih gadhah cadhangan perhiasan saha permata, ananging jangkanipun menika kangge mbangun griya saha miwiti usahanipun.

f. Modhal kangge usaha kirang

Modhal kangge usaha kirang inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud bingung. Raos bingung ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi modhal kangge usaha kirang saged ketingal wonten ing pethikan ngandhap menika. “Lha ning modhale priye? Dhuwitmu cukup?” “Ya iku sing rada dadi pikiran. Karepku mbiyen dakgarap mbaka sethithik, karo njajagi pasaran. Nanging bareng aku ketemu Pak Harjuna, iku lho priyayi sing duwe villa ngarep kuwi, dheweke eksportir. Khususe bidhang agrobisnis. Dheweke gelem kerja sama karo awake dhewe. Pikiranku kok dadi owah. Kita kudu ngolah kebun kuwi kanthi intensip. Emane kita kebentus ing nggon modhal, Bu. Dhuwitku ora cukup yen kanggo nangani pakaryan kanthi gedhen-gedhenan.” Nalika Prau Gonjing, 1993: 52. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang kepanggih kaliyan priyayi ingkang gadhah villa wonten ing ngajeng dalemipun Lintang, ingkang asmanipun Pak Harjuna. Pak Harjuna menika eksportir wonten ing bidhang agrobisnis. Piyambakipun purun kerja sama kaliyan Lintang. Lintang dados ngraos bingung amargi modhal kangge usaha kirang. Arta ingkang dipungadhahi boten cekap menawi kangge pakaryan ingkang ageng.

g. Boten mangertos sinten tiyang ing wingkingipun tiyang ingkang

ngancam Boten mangertos sinten tiyang ing wingkingipun tiyang ingkang ngancam inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud bingung. Raos bingung ingkang dipunraosaken paraga Lintang amargi boten mangertos sinten tiyang ing wingkingipun tiyang ingkang ngancam saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Lintang ora ngerti. Sapa wong kang ana samburine para utusan kang para utusan kang ngancam dheweke iku. yen wong mau jahat, kok ya bebudene apik. Sebab sawise ana kesepakatan mau, let seminggu dheweke wis nampa bayaran jreng. Lan Lintang isih diwenehi wektu telung sasi kanggo ngrampungake urusan karo para karyawane. Nanging yen wong mau apik, kok gelem ngrampas usahane? batine Lintang. “Ah. Mangka aku kena hukum karma. Sebab lemah iki mbiyene olehku tuku uga kanthi cara peksan,” parupuse Lintang pungkasane. Sebab dheweke emoh mumet – mumet mikiri soal iku maneh. Dheweke wis sadar sawise dituturi ibune werna – werna. Mula kabeh pacoban ya ditampa kanthi iklas. Urip iki wis ana kang ngatur. Manungsa mung kari nglakoni. Nalika Prau Gonjing, 1993: 93. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos bingung amargi boten mangertos sinten tiyang ing wingkingipun tiyang ingkang ngancam