Rasionalisasi Cara Anggenipun Mungkasi Konflik Psikis Paragatama Lintang wonten

136

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar saking asiling panaliten saha pirembagan ingkang sampun dipunlampahi saged dipunpendhet dudutan kados mekaten. 1. Perwatakan ingkang dipungadhahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti inggih menika nyinyir, tlaten, pangerten, teteg, keras kepala, kaku manahipun, gampil duka, ngeyelan, mandiri, prigel, srakah, saha angkuh. Perwatakan ingkang dipungadhahi dening paraga Lintang paling kathah dipundhorong saking struktur kapribaden Id. 2. Konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti wonten 12 wujud, inggih menika gemes, kagol manahipun, bingung, sedhih, duka, kaget, ngraos dipuncidrani, ajrih, sumelang, cubriya, kemutan marang Gino, saha sumedhot. Saking sedaya konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing, paling kathah dipunsebabaken wontenipun dhorongan saking struktur kapribaden Id. 3. Perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti wonten 27 perkawis, inggih menika Gino boten kersa dhahar, manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino, dipundangu rencananipun Lintang salajengipun, bingung sinten ingkang mbocoraken pandhelikanipun, arta kangge tumbas lemah kirang, modhal kangge usaha kirang, boten mangertos sinten tiyang ing wingkingipun tiyang ingkang ngancam, kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino, kemutan marang bayi wonten ing kandhutanipun, nampi tilpun saking Gino, Lintang bakal nglairaken tanpa ketengga garwa, kemutan marang Lanang, Bu Padma mbelani Gino, boten remen menawi Bu Padma menggalih Gino, Lintang cubriya marang Bu Padma, pembukuan boten tertib, prodhuksi susu mrosot, kepanggih kaliyan Sinung, swasana villa boten kados ingkang dipunbayangaken, Gino nyidra katresnanipun Lintang, papan kangge siram boten sekeca, ajrih menawi penculik mblenjani janji, ajrih badhe mlebet villa, kuwatos Langit bakal mbocoraken papan pandhelikanipun, Lanang dipunculik, kepengin ngadhepi perkawis kaliyan Gino, saha nyawang Gino. Perkawis ingkang asring ndadosaken konflik psikis inggih menika amargi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino. 4. Cara kangge mungkasi konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti inggih menika migunakaken mekanisme pertahanan ego ingkang wonten 8 wujud, inggih menika mekanisme pertahanan ego sublimasi kangge mungkasi konflik psikis awujud gemes saha bingung. Mekanisme pertahanan ego regresi kangge mungkasi konflik psikis awujud kagol manahipun, sedhih, duka, saha sumedhot. Mekanisme pertahanan ego agresi kangge mungkasi konflik psikis awujud bingung, duka, saha cubriya. Mekanisme pertahanan ego proyeksi kangge mungkasi konflik psikis awujud sedhih, bingung, saha duka. Mekanisme pertahanan ego represi kangge mungkasi konflik psikis duka, kaget, sedhih, ajrih, bingung, saha sumelang. Mekanisme pertahanan ego pengalihan kangge mungkasi konflik psikis ngraos dipuncidrani, kaget, saha kemutan marang Gino. Mekanisme pertahanan ego rasionalisasi kangge mungkasi konflik psikis awujud duka. Mekanisme pertahanan ego apatis kangge mungkasi konflik psikis awujud bingung. Anggenipun mungkasi konflik psikis, paraga Lintang asring migunakaken mekanisme pertahanan ego awujud represi.

B. Implikasi

Panaliten menika ngrembag babagan perwatakan, wujud konflik psikis, perkawis ingkang njalari konflik psikis, saha cara anggenipun mungkasi konflik psikis paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti. Panaliten menika dipunkajengaken saged mbiyantu para pamaos karya sastra ngengingi perwatakan ingkang saged paring pangaribawa tumrap wujud konflik psikis saha cara anggenipun mungkasi konflik psikis wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti.

C. Pamrayogi

Adhedhasar saking dudutan saha implikasi wonten ing nginggil, panaliti saged paring pamrayogi mekaten. Amargi ingkang dipuntaliti namung sekedhik, saengga tasih kathah perkawis ingkang saged dipuntaliti wonten ing babagan sastra. Perkawis menika umpaminipun, pangrembakaning kapribaden utawi pitutur wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti.