dipunraosaken dening paraga Lintang amargi boten remen menawi Bu Padma menggalih Gino saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
“Menggalih apa ta Bu?” pitakone Lintang sing mentas saka pawon njupuk lading, weruh ibune sajak lenger-lenger.
“Kenapa Ibu mesthi mikirake dheweke?” pitakone Lintang ora seneng. “Wong jenenge wong tuwa, yen anak ana masalah ngene-ngene rak ya meksa
mikir.” “Lho, putrane Ibu ki aku apa dheweke?”
“Yak owe. Nanging ….. Durung nganti Bu Padma rampung olehe ngomong, wis disaut dening Lintang :
“Lha yen putrane Ibu ki aku, mesthine ya aku kang dipikirake. Dudu dheweke. Aku sengit yen Ibu tansah nyebut-nyebut wong siji iku wae.” Nalika Prau
Gonjing, 1993: 26
Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang ningali Bu Padma saweg lenger-lenger sajak saweg menggalih Gino. Lajeng Lintang duka marang Bu
Padma amargi tansah menggalih Gino. Lintang boten remen menawi Bu Padma tasih menggalih saha nyebat-nyebat asmanipun Gino.
o. Lintang cubriya marang Bu Padma
Lintang cubriya marang Bu Padma inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud duka. Raos duka ingkang dipunraosaken
dening paraga Lintang amargi cubriya marang Bu Padma saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
“Ibu kang kandha yen aku ana kene?” pitakone karo mingseg-mingseg. Dhadhane isih krasa seseg lan lara. Merga saking bangete rasa
mangkele. Nalika Prau Gonjing, 1993: 34.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos duka marang Bu Padma amargi cubriya bilih Bu Padma ingkang mbocoraken pandhelikanipun
marang Gino, garwanipun.
p. Pembukuan boten tertib
Pembukuan boten tertib inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud duka. Raos duka ingkang dipunraosaken dening paraga
Lintang amargi pembukuan boten tertib saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
“Lho, iki tagihan marang supermarket “Sintal” kok nganti nunggak semene akehe ki priye?” pitakone Lintang marang Santi, karyawan sing
ngurusi soal utang-piutang.
“Anu, Bu. Piyambake semaya wulan ngajeng badhe dipunlunasi sedaya.”
“Kowe kudu sing tegas, Santi. Pembukuanmu kudu tertib. Yen sasi ngarep dheweke nunggak maneh, kiriman sayur lan buah marang
perusahaan kuwi becike distop wae. Kita rugi yen dicara kaya ngene. Kerja sama ya kerja sama. Nanging ya kudu ana timbale balike.”
Lintang ngomel-ngomel. Akhir-akhir iki dheweke pancen malih nyinyir. Ora kaya dhek tas-tasan bukak usaha kae. Dheweke banjur mriksa buku
liyane. Maune isih manthuk-manthuk seneng. Nanging bareng tekan lembar keri, weruh cathetan susu perahe sing produksine selot mrosot,
ulate dadi peteng. Nalika Prau Gonjing, 1993: 90.
Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang saweg mriksa pembukuan utang-piutang. Lintang ngraos duka marang Santi, karyawan ingkang ngurus
babagan utang-piutang amargi ningali pembukuan ingkang boten tertib. Tagihan marang supermarket “Sintal” nunggak ngantos kathah. Lintang ndhawuhi Santi
supados saged tertib pembukuanipun, menawi wulan ngajeng tasih nunggak malih kiriman sayur saha buah kedah dipunstop. Amargi menawi pembukuan boten
tertib usahanipun saged rugi.