Ajrih menawi penculik mblenjani janji Ajrih badhe mlebet villa

Saking pethikan wonten ing nginggil ketingal bilih Lintang ngroas kemutan marang Gino amargi kepengin ngadhepi perkawis icalipun Lanang kaliyan Gino. Lintang kemutan marang kalembutanipun, kekonyolanipun, saha sedaya ingkang sae saking garwanipun menika. Lintang kepengin madosi Gino, kepengin nglaporaken perkawis icalipun Lanang marang Gino. aa. Nyawang Gino Nyawang Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sumedhot. Raos sumedhot ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi nyawang Gino saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Lintang nyawang wong kuru nyekingkring neng ngarepe kuwi. Atine dadi sumedhot. Dheweke ora tahan. Mula wong lanang kuwi ditubruk wani. Nalika Prau Gonjing, 1993: 98. Saking pethikan wonten ing nginggil ketingal bilih Lintang ngraos sumedhot amargi nyawang tiyang kakung ingkang kuru nyekingkring ingkang boten sanes garwanipun piyambak. Lintang boten saged nahan raos sumedhotipun, lajeng dumadakan nubruk Gino.

4. Cara Anggenipun Mungkasi Konflik Psikis Paragatama Lintang wonten

ing Novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti. Paraga wonten ing cariyos gadhah watak ingkang beda antawisipun paraga setunggal kaliyan sanesipun. Watak ingkang beda menika dados salah satunggaling faktor ingkang nyebabaken cara anggenipun mungkasi konflik psikis utawi konflik fisik ingkang dipunlampahi ugi beda-beda. Cara anggenipun mungkasi konflik psikis ingkang dipuntindakaken dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti menika boten sedaya dipunpungkasi, amargi wonten konflik psikis ingkang boten dipunrembag cara anggenipun mungkasi. Wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti menika wonten pinten-pinten cara anggenipun mungkasi konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang. Cara ingkang dipuntindakaken dening paraga Lintang inggih menika sublimasi, regresi, agresi, proyeksi, represi, pengalihan, rasionalisasi, saha apatis. Cara-cara menika badhe dipunandharaken wonten ing ngandhap menika.

a. Sublimasi

Sublimasi inggih menika bentuk saking pengalihan. Sublimasi saged kadadosan menawi wonten tindakan-tindakan ingkang gadhah paedah kanthi sosial ingkang saged nggantos pangraos ingkang boten ngremenaken. Dados, sublimasi ingih menika nggantos raos ingkang boten ngremenaken mawi tumindak ingkang langkung dipuntampi dening masarakat. Mekanisme pertahanan ego sublimasi menika dipunlampahi dening paraga Lintang kangge mungkasi konflik psikis awujud gemes saha bingung. Raos gemes ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi Gino boten kersa dhahar dipunpungkasi kanthi cara ngalahi mendhetaken Gino dhaharan. Wonten ing ngandhap menika pethikan ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang. “Njenengan ki pancen bandel. Bola-bali dikandhani, dhahar aja telat, pancet wae. Saben ndina yen ora diuprak-uprak dhisik ya ora kersa