kaliyan ukuman. Super ego inggih menika cabang moral utawi cabang kaadilan saking kapribaden.
2. Mekanisme Pertahanan Ego
Mekanisme pertahanan saged kadadosan amargi wontenipun dorongan utawi pangraos ingkang boten ngremenaken kangge madosi objek ingkang saged
nggantos pangraos ingkang boten ngremenaken kala wau kaliyan pangraos ingkang
langkung ngremenaken.
Freud lumantar
Minderop, 2011:
29 migunakaken istilah mekanisme pertahanan adhedhasar wonten proses alam
bawah sadhar tiyang ingkang mempertahankan proses kala wau saking anxitas kecemasan; mekanisme menika kangge njagi saking ancaman-ancaman
eksternal utawi wontenipun impuls-impuls ingkang tuwuh saking anxitas internal kanthi mendistorsi realitas ngangge maneka werni cara.
Wonten ing teori kapribaden, mekanisme pertahanan menika minangka karakteristik ingkang kiyat wonten ing dhiri pribadi saben tiyang. Mekanisme
pertahanan menika ugi boten namung nggambaraken kapribaden kanthi umum, ananging
ugi saged
mangaribawani pangrembakaning
kapribaden. Freud
lumantar Minderop, 2011: 32 nyebataken bilih mekanisme pertahanan menika wonten maneka werni, inggih menika represi, sublimasi, proyeksi, pengalihan,
rasionalisasi, reaksi formasi, regresi, agresi saha apatis, sarta fantasi saha stereotype.
Represi inggih menika mekanisme pertahanan ego ingkang paling kiyat saha wiyar. Tugas represi inggih menika nyurung medal impuls-impuls id
ingkang boten dipuntampi, saking alam sadhar saha wangsul wonten ing alam bawah sadhar. Ancas saking sedaya mekanisme pertahanan ego menika kangge
menekan repress utawi nyurung impuls-impuls ingkang ngancam supados saged medal saking alam sadhar.
Sublimasi inggih menika bentuk saking pengalihan. Sublimasi saged kadadosan menawi wonten tindakan-tindakan ingkang gadhah paedah kanthi
sosial ingkang saged nggantos pangraos ingkang boten ngremenaken. Proyeksi kadadosan menawi kita ngadhepi kawontenan utawi perkawis ingkang boten
dipunpengini saha boten saged kita trima kanthi nglimpahaken dhateng alesan sanes. Proyeksi menika saged kadadosan menawi individu nutupi kekiranganipun
saha perkawis ingkang dipunadhepi utawi kalepatanipun dipunlimpahaken dhateng tiyang sanes.
Pengalihan utawi displacement inggih menika pengalihan pangraos boten remen kaliyan objek, dhateng objek sanes ingkang langkung trep.
Rasionalisasi kadadosan menawi motif nyata saking tindak-tanduk individu boten saged dipuntampi dening ego. Motif nyata kasebat dipungantos kaliyan motif
sanes kanthi ancas pembenaran. Rasionalisasi gadhah kalih ancas, inggih menika kangge ngirangi raos kuciwa nalika boten saged nggayuh ancas ingkang
dipunkajengaken saha maringi kita motif ingkang saged dipuntampi dening tindak-tanduk. Reaksi formasi utawi reaction formation inggih menika represi
akibat impuls anxitas ingkang asring bertolak belakang kaliyan tendensi ingkang dipuntekan. Reaksi formasi saged nyegah individu nindakaken perkawis ingkang
ngasilaken anxitas saha asring saged nyegah asikep antisosial.