Lintang amargi Lanang dipunculik saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
“Gendheng. Iki wis kliwat wates. Dudu pemerasan maneh, nanging perampasan. Mesthi ana pihak njero sing wis khianat. Ngerti yen aku
mentas nampa dhuwit akeh, banjur kerja sama karo penjahat, ngrancang penculikan iku. gendheng” Lintang mung ngomel-ngomel. Dheweke
curiga karo karo pegawaine. Nanging ora ngerti sapa kang kudu dicurigai wong samono akehe. Dadine dheweke mung bisa ngomel-
ngomel. Nalika Prau Gonjing, 1993: 94.
Saking pethikan wonten ing nginggil, ketingal bilih Lintang ngraos cubriya marang pegawenipun. Lintang cubriya wonten pihak lebet ingkang
khianat, amargi mangertos bilih Lintang bibar nampi arta kathah, lajeng kerja sama kaliyan penjahat kangge nyulik Lanang.
z. Kepengin ngadhepi perkawis kaliyan Gino
Kepengin ngadhepi perkawis kaliyan Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud
kemutan marang Gino. Raos kemutan marang Gino ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi
kepengin ngadhepi perkawis kaliyan Gino saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Yen wis ngono iku, dheweke banjur kelingan marang bojone sing ditinggalake. Kelingan marang kelembutane, marang kekonyolane,
pokoke dheweke mung kelingan marang bab-bab kang apik-apik thok. Atine sansaya kaya direrujit. Ah, upama isih ana Gino ing sisihe,
dheweke bisa ngadhepi kawontenan iki bebarengan. Ora ming ijen kaya iki. Penging dheweke nggoleki Gino. Nglaporake bab nasipe anake.
Nanging apa wong lanang kuwi percaya yen Lanang anake? Merga sasewene iki dheweke ora nate kandha. Nalika minggat mbiyen kae,
dheweke ya ora sempat kandha yen wis mbobot. Oh ….. atine Lintang dadi angkles ora karu-karuan. Nanging dumadakan Simbok mlebu
ngulungake surat. Nalika Prau Gonjing, 1993: 95.
Saking pethikan wonten ing nginggil ketingal bilih Lintang ngroas kemutan marang Gino amargi kepengin ngadhepi perkawis icalipun Lanang
kaliyan Gino. Lintang kemutan marang kalembutanipun, kekonyolanipun, saha sedaya ingkang sae saking garwanipun menika. Lintang kepengin madosi Gino,
kepengin nglaporaken perkawis icalipun Lanang marang Gino.
aa. Nyawang Gino
Nyawang Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sumedhot. Raos sumedhot ingkang dipunraosaken dening paraga
Lintang amargi nyawang Gino saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Lintang nyawang wong kuru nyekingkring neng ngarepe kuwi. Atine dadi sumedhot. Dheweke ora tahan. Mula wong lanang kuwi ditubruk wani.
Nalika Prau Gonjing, 1993: 98.
Saking pethikan wonten ing nginggil ketingal bilih Lintang ngraos sumedhot amargi nyawang tiyang kakung ingkang kuru nyekingkring ingkang
boten sanes
garwanipun piyambak.
Lintang boten
saged nahan
raos sumedhotipun, lajeng dumadakan nubruk Gino.
4. Cara Anggenipun Mungkasi Konflik Psikis Paragatama Lintang wonten
ing Novel
Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti.
Paraga wonten ing cariyos gadhah watak ingkang beda antawisipun paraga setunggal kaliyan sanesipun. Watak ingkang beda menika dados salah
satunggaling faktor ingkang nyebabaken cara anggenipun mungkasi konflik psikis utawi konflik fisik ingkang dipunlampahi ugi beda-beda. Cara anggenipun