Gampil Duka Perwatakan Paragatama Lintang wonten ing Novel

Saking pethikan wonten ing nginggil, sipat mandiri paraga Lintang ketingal nalika kepengin mujudaken pepinginanipun dados wanita ingkang sukses tanpa campur tanganipun Gino. Super Ego ingkang dipungadhahi Lintang ndadosaken piyambakipun kepengin mandiri, amargi sejatosipun wanita menika boten kalah kaliyan priya menawi dipunparingi kesempatan.

j. Prigel

Prigel inggih menika cukat sarta trampil utawi pinter Poerwadarminta, 1939: 513. Tiyang ingkang prigel menawi nindakaken menapa kemawon kanthi sae sarta trampil saha tansah pinter anggenipun ngecakaken sedaya pakaryanipun. Sipat prigel ingkang dipungadhahi paraga Lintang saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. ORA rinasa, umure Lanang saiki wis jangkep telung taun. Selot gedhe, tambah pintere nanging nakale uga mundhak. Yen ngomong clewa-clewo lucu. Wong pancen isih cedhal. Bocah cilik iku luwih cedhak marang eyange tinimbang marang ibune. Soale Lintang tansah sibuk terus. Usaha kang ditangani saiki macem-macem. Ora ming tanduran bisnis sayuran lan kembang. Nanging dheweke uga nglirik unggas lan ternak tambra karo lele. Lan sapi perah. Nalika Prau Gonjing, 1993: 72. Saking pethikan wonten ing nginggil, sipat prigel saking paraga Lintang ketingal saking usahanipun ingkang maneka werni kadosta bisnis sayuran, sekar, unggas, ternak tambra, lele, saha sapi perah. Ego ingkang dipungadhahi Lintang ndadosaken piyambakipun prigel, saengga sedaya bisnis ingkang dipuntindakaken saged sukses.

k. Srakah

Srakah inggih menika kumudu utawi kedah pikantuk kathah Poerwadarminta, 1939: 581. Tiyang ingkang srakah menawi gadhah pepengingan kedah dipunturuti. Menawi gadhah menapa kemawon boten cekap sekedhik, menapa-menapa kedah kathah. Kangge mujudaken pepenginanipun menika, tiyang ingkang srakah asring migunakaken sedaya cara, boten peduli cara menika saged damel rugi tiyang sanes menapa boten. Paraga Lintang ugi gadhah sipat srakah, sipat menika saged dipuntingali wonten ing pethikan menika. “Ah, lahan sayur wis pas, Bu. Rasah diuwih-uwih. Aku arep nemoni Kang Kardi.” “Arep ngapa?” “Nakokake lemah kulon pager wae sapa sing duwe. Yen oleh arep daktuku.” “Kowe aja srakah, Lintang. Ora apik mbujuk-mbujuk wong kongkon adol omah. Aja dupeh kowe duwe dhuwit. Ibu ora setuju yen kang ngono caramu.” “Aku ora mbujuk kok, Bu. Mung nakokake. Yen dheweke gelem ngedol lemah iku, aku gelem nuku kanthi rega kang luwih larang.” “Kuwi padha wae, Lintang. Wis, ta. Ibu ora seneng yen caramu ngono kuwi. Ambisi kena-kena wae. Merga wong tanpa ambisi ya ora bisa maju. Nanging aja kebangeten. Yen kebangeten kuwi jenenge ambisius. Sikap ambisius bisa nyurung wong tumindak srakah. Dheweke bakal menghalalkan segala cara kanggo ngleksanakake maksude.” Nalika Prau Gonjing, 1993: 73. Saking pethikan wonten ing nginggil, sipat srakah saking paraga Lintang ketingal nalika badhe numbas siti kangge tambah bisnisipun. Id ingkang dipungadhahi paraga Lintang ndadosaken piyambakipun wantun numbas siti wonten ing kilen pager kanthi regi awis supados saged nuruti sipat srakahipun. Ananging Bu Padma ngemutaken Lintang supados boten dados tiyang ingkang srakah saha ambisius. Sipat srakah ingkang dipungadhahi paraga Lintang ugi ketingal saking pethikan wonten ing ngandhap menika.