Ngeyelan Perwatakan Paragatama Lintang wonten ing Novel
pepengingan kedah dipunturuti. Menawi gadhah menapa kemawon boten cekap sekedhik, menapa-menapa kedah kathah. Kangge mujudaken pepenginanipun
menika, tiyang ingkang srakah asring migunakaken sedaya cara, boten peduli cara menika saged damel rugi tiyang sanes menapa boten. Paraga Lintang ugi gadhah
sipat srakah, sipat menika saged dipuntingali wonten ing pethikan menika. “Ah, lahan sayur wis pas, Bu. Rasah diuwih-uwih. Aku arep nemoni
Kang Kardi.” “Arep ngapa?”
“Nakokake lemah kulon pager wae sapa sing duwe. Yen oleh arep daktuku.”
“Kowe aja srakah, Lintang. Ora apik mbujuk-mbujuk wong kongkon adol omah. Aja dupeh kowe duwe dhuwit. Ibu ora setuju yen kang ngono
caramu.”
“Aku ora mbujuk kok, Bu. Mung nakokake. Yen dheweke gelem ngedol lemah iku, aku gelem nuku kanthi rega kang luwih larang.”
“Kuwi padha wae, Lintang. Wis, ta. Ibu ora seneng yen caramu ngono kuwi. Ambisi kena-kena wae. Merga wong tanpa ambisi ya ora bisa
maju. Nanging aja kebangeten. Yen kebangeten kuwi jenenge ambisius. Sikap ambisius bisa nyurung wong tumindak srakah. Dheweke bakal
menghalalkan segala cara kanggo ngleksanakake maksude.”
Nalika Prau Gonjing, 1993: 73.
Saking pethikan wonten ing nginggil, sipat srakah saking paraga Lintang ketingal nalika badhe numbas siti kangge tambah bisnisipun.
Id ingkang dipungadhahi paraga Lintang ndadosaken piyambakipun wantun numbas siti
wonten ing kilen pager kanthi regi awis supados saged nuruti sipat srakahipun. Ananging Bu Padma ngemutaken Lintang supados boten dados tiyang ingkang
srakah saha ambisius. Sipat srakah ingkang dipungadhahi paraga Lintang ugi ketingal saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Karo nyawang kandhang jaran sing ora adoh ing ngarepe, angen- angene Gino bali direnggani dening wewayangane Lintang. Hem …. yen
manut keterangan sing sempat dikumpulake mau bengi, saka wong-wong sing bisa dipercaya, kesugihane Lintang kuwi wis tumpuk undhung.
Sebab usaha kang ditangani pancen macem-macem. Nanging ana siji bab sing Gino rada ora pati percaya karo keterangane wong-wong kuwi.
Jare Lintang olehe tuku lemah pertanian kuwi kanthi cara peksan. Ah, mosoh iya? Gino wis suwe kenal karo Lintang. Lan mesthi wae dheweke
uga ngenal watak wantune. Mula angel dipercaya yen Lintang kang alus bebudene iku gelem main peksan kaya kang dicritakake wong-wong iku.
Nalika Prau Gonjing, 1993: 89.
Saking pethikan wonten ing nginggil, paraga Lintang anggenipun tumbas siti pertanian kanthi cara peksan. Cara menika ngetingalaken bilih paraga
Lintang gadhah sipat srakah kanthi migunakaken cara-cara ingkang boten sae kangge nggayuh kasuksesanipun.