Arta kangge tumbas siti kirang

piyambakipun. Menawi tiyang menika jahat, ananging bebudenipun sae. Menawi tiyang menika bebudenipun sae, ananging tega ngrampas usahanipun.

h. Kemutan nalika manggihaken

celdam wonten ing koperipun Gino Kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sedhih saha duka. Raos bingung ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino saged dipuntingali wonten ing pethikan menika. “Lha nanging sapa sing ora serik, wong lagi mbobot ditinggal slewengan karo wadon liya. Sapa sing bisa nampa yen wong lanang kang sasuwene iki tansah dibekteni tega tumindah culika kanthi nyolok mata.” Luhe Lintang bali tumetes kelingan marang celdam kang ditemokake neng njero kopere bojone. Ora ana kang luwih lara saliyane dikhianati dening wong kang paling ditresnani. Nalika Prau Gonjing, 1993: 8. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngraos sedhih amargi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino. Nalika manggihaken Lintang saweg mbobot, manahipun kelara-lara sanget. Garwa ingkang tansah dipunbekteni tega tumindak culika kanthi ngianati tresnanipun. Raos sedhih amargi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino ugi ketingal wonten ing pethikan menika. Lintang mung manthuk. Lan terus langsung nggloso ing ranjange. Awake rasane lemes banget sawise kanggo lutak-lutak. Lan krasa saya lemes bareng kelingan marang bojone. Atine isih krasa lara kaya dijuwing- juwing saben-saben kelingan celdam ing njero kopere sing lanang. Ah, kok tega-tega guru laki kang tansah dibekteni kanthi tulusing ati iku tumindak sedheng karo wanita liya ing kawontenan dheweke lagi mbobot kaya iku, batine Lintang kelara-lara. Nalika Prau Gonjing, 1993: 9. Saking pethikan wonten ing nginggil, manahipun Lintang kados dipunjuwing-juwing, tega-teganipun priya ingkang tansah dipunbekteni kanthi tulusing manah tumindak sedheng kaliyan wanita sanes. Batinipun kelara-lara menawi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino. Lintang kemutan malih nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino, lajeng ngraos sedhih. Raos menika saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Nanging soal mbobote kuwi Gino babar pisan durung ngerti. Merga Lintang pancen durung kandha. Rencanane suk wae yen Gino rampung nganakake pameran gabungan ana Jakarta iku. Dheweke pancen kepengin gawe surprise. Nanging esuk-esuk nalika ngetokake pakean- pakeane Ginokang reget, ndadak dheweke nemokake barang sialan kang gawe kemropoke ati. Lintang langsung lunga ngono wae ing kalane sing lanang isih lagi turu kepati. Tanpa rinasa banyu bening wiwit bali nelesi pipine maneh. Nalika Prau Gonjing, 1993: 9. Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang dereng kandha kaliyan Gino menawi saweg mbobot. Jangkanipun Lintang badhe ngendika kaliyan Gino sasampunipun Gino ngawontenaken pameran wonten ing Jakarta. Ananging enjing-enjing nalika ngedalaken rasukan ingkang reget saking koperipun Gino, Lintang manggihaken celdam wanita. Lintang langsung kesah saking griya. Manahipun Lintang sedhih sanget menawi kemutan kadadosan menika. Perkawis kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino boten namung njalari konflik psikis awujud sedhih, ananging ugi konflik psikis awujud duka. Raos duka ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi kemutan nalika manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino saged ketingal wonten ing pethikan menika.