Perwatakan Paraga Utama Lintang wonten ing Novel
saha saged nuwuhaken perkawis kaliyan tiyang utawi papan pagesangan wonten ing sakiwa tengenipun. Wontenipun gayutan menika, amargi wonten ing cariyos
boten saged narik kawigatosan pamaos tanpa konflik ingkang nggesangaken
cariyos. Paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun
Ardini Pangastuti nglampahi maneka werni konflik psikis, inggih menika gemes, kagol manahipun, bingung, sedhih, duka, kaget, ngraos dipuncidrani, ajrih,
sumelang, cubriya, kemutan marang Gino, saha sumedhot. Konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing
badhe dipunandharaken wonten ing tabel ngandhap menika.
Tabel 2. Data Wujud Konflik Psikis Paraga Lintang wonten ing Novel Nalika
Prau Gonjing Anggitanipun Ardini Pangastuti.
No. Wujud Konflik Psikis
Struktur Kapribaden No. Data
Id Ego
Super Ego 1
Gemes √
√ 1
2 Kagol manahipun
√ √
2 3
Bingung √
√ 3, 13, 17, 20, 26
4 Sedhih
√ √
4, 5, 6, 10, 15 √
√ 16, 21, 28
5 Duka
√ √
7, 8, 9, 12, 14, 6
Kaget √
√ 11, 23, 32
7 Ngraos dipuncidrani
√ √
√ 18
8 Ajrih
√ √
19, 30, 31 9
Sumelang √
√ 22
10 Cubriya
√ √
27 11
Kemutan marang Gino √ √
29 12
Sumedhot √
√ 33
Adhedhasar tabel rangkuman wonten ing nginggil, inggih menika babagan konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang wonten ing
novel Nalika Prau Gonjing, ketingal bilih konflik psikis ingkang asring dipunlampahi inggih menika duka. Duka inggih menika raos boten remen kaliyan
tiyang utawi satunggaling perkawis. Duka ugi saged nyebabaken konflik internal ingkang saged nuwuhaken penyerangan utawi penyiksaan kangge ngobati menapa
ingkang dipunraosaken wonten ing manah. Struktur kapribaden ingkang gadhah konflik inggih menika Id saha Ego. Konflik psikis ingkang asring dipunlampahi
sanesipun duka inggih menika sedhih. Sedhih inggih menika raos susah banget. Struktur kapribaden ingkang gadhah konflik inggih menika Id saha Ego.
Sanesipun duka saha sedhih, kathah konflik psikis ingkang dipunlampahi dening Lintang inggih menika gemes, kagol manahipun, bingung, kaget, ngraos
dipuncidrani, ajrih, sumelang, cubriya, kemutan marang Gino, saha sumedhot. Wonten tabel ing nginggil, wonten kolom struktur kapribaden wonten tandha
√ ,
ateges bilih struktur kapribaden menika langkung dominan. Lajeng tandha √, ateges struktur kapribaden ingkang wonten ing sakiwa-tengenipun.
Struktur kapribaden ingkang gadhah konflik wonten ing konflik psikis gemes inggih menika Id saha Ego, Ego langkung dominan saking Id. Struktur
kapribaden ingkang gadhah konflik wonten ing konflik psikis kagol manahipun inggih menika Id saha Ego, struktur kapribaden Ego langkung dominan saking Id.
Struktur kapribaden ingkang gadhah konflik wonten ing konflik psikis bingung inggih menika Id, saha Ego, Id langkung dominan saking Ego. Struktur
kapribaden ingkang gadhah konflik wonten ing konflik psikis kaget inggih menika
Id saha Ego, wonten ingkang dominan Id ananging wonten ugi ingkang langkung doniman Ego.
Struktur kapribaden ingkang gadhah konflik wonten ing konflik psikis ngraos dipuncidrani inggih menika Id, Ego, saha Super Ego, ingkang langkung
dominan saking tigang struktur menika Super Ego. Struktur kapribaden ingkang gadhah konflik wonten ing konflik psikis ajrih inggih menika Id saha Ego,
struktur ingkang langkung dominan inggih menika Id. Struktur kapribaden ingkang gadhah konflik wonten ing konflik psikis sumelang inggih menika Id
saha Ego, struktur ingkang langkung dominan inggih menika Ego. Struktur kapribaden ingkang gadhah konfllik wonten ing konflik psikis cubriya inggih
menika Id saha Ego, struktur kapribaden ingkang langkung dominan inggih menika Id. Struktur kapribaden ingkang gadhah konflik wonten ing konflik psikis
kemutan marang Gino inggih menika Id saha Ego, struktur ingkang langkung doniman inggih menika Ego. Struktur kapribaden ingkang gadhah konflik wonten
ing konflik psikis sumedhot inggih menika Id saha Ego, struktur ingkang langkung dominan inggih menika Id.