dereng nyamektakaken nama kangge jabang bayinipun. Lintang dumadakan ngraos sedhih, amargi badhe nglairaken tanpa ketengga garwa. Tanpa ketengga
priya ingkang nitisaken wiji wonten ing kandhutanipun.
l. Kemutan marang Lanang
Kemutan marang Lanang inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud sedhih. Raos sedhih ingkang dipunraosaken dening paraga
Lintang amargi kemutan marang Lanang saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Dienteni, sedina …. rong dina …. nganti ganep seminggu, durung ana surat susulan saka para penculik mau. Lintang atine wis ora kepenak.
Ing wektu kang seminggu iki awake susut akeh banget. Sebab saben- saben kelingan marang anake, dheweke ora kolu mangan, ora kolu
ngombe. Anane mung nangis terus. Lintang lagi nyadhari, yen kabagyan kang dirasakake sasewene iki mung semu. Atine suwung-wung. Dheweke
ngrasakake sepi kang banget ngrerujit ati. Urip tanpa katresnan, tanpa pangarep-arep, jebulane sepal an pait. Ah, Lanang …. Lanang. Ibu ora
kabotan kelangan bandha iki kabeh, waton kowe bali, panguwuhe karo nangis keranta-ranta. Nalika Prau Gonjing, 1993:94.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang ngentosi serat susulan saking tiyang ingkang nyulik Lanang. Manahipun Lintang sampun boten sekeca,
wekdal seminggu badanipun susut kathah sanget. Lintang boten kolu anggenipun dhahar amargi ngraos sedhih nalika kemutan Lanang ingkang saweg dipunculik.
Lintang namung saged nangis saha saweg nyadhari bilih kabagyan ingkang dipunraosaken sadangunipun menika namung semu kemawon. Lintang ngraos
sepi ingkang banget
ngrerujit manahipun.
Lintang lila kecalan
sedaya bandhanipun ananging Lanang saged kondur wonten ing sisihipun.
m. Bu Padma mbelani Gino
Bu Padma mbelani Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud duka. Raos duka ingkang dipunraosaken dening paraga
Lintang amargi Bu Padma mbelani Gino saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
“Wis, Wuk. Ora perlu ditangisi. Wong lanang pancen angel dipahami. Paribasan neng ngomah wis dipakani wareg, neng ndalan nemu gereh ya
isih gelem mangan. Mula sing sabar, Wuk. Tur maneh, Ibu yakin yen bojomu olehe tumindak mangkonomung merga khilap. Jajal ta pikiren
nganggo ati kang wenning, dheweke lagi adoh ing paran, luwih saka rong minggu ora ketengga bojo. Mesthine dheweke rumangsa kesepen.
Bab iki mesthine kowe ya kudu bisa mahami, Wuk. Aja mung nyalahake wae,” ngendikane Bu Padma akeh-akeh.
“Ibu mbelani dheweke?” panutuhe Lintang ing sela-selaning tangise. “Yen mbelani ngono, ora. Na ….” Nalika Prau Gonjing, 1993: 10.
Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang saweg nangis, lajeng Bu Padma ngendika bilih boten perlu nangis amargi tiyang kakung menika pancen
susah dipunpahami. Bu Padma ndhawuhi Lintang menggalih kanthi wenning, bilih menapa ingkang dipuntindakaken dening garwanipun menika amargi khilap.
Gino saweg tebih wonten ing paran langkung saking kalih minggu, mesthi piyambakipun ngraos kesepen. Bu Padma ndhawuhi supados Lintang saged
mangertosi perkawis menika, boten namung nyalahaken Gino. Ananging Lintang malah duka amargi ngraos Bu Padma mbelani Gino.
n. Boten remen menawi Bu Padma menggalih Gino
Boten remen menawi Bu Padma menggalih Gino inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud duka. Raos duka ingkang
dipunraosaken dening paraga Lintang amargi boten remen menawi Bu Padma menggalih Gino saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
“Menggalih apa ta Bu?” pitakone Lintang sing mentas saka pawon njupuk lading, weruh ibune sajak lenger-lenger.
“Kenapa Ibu mesthi mikirake dheweke?” pitakone Lintang ora seneng. “Wong jenenge wong tuwa, yen anak ana masalah ngene-ngene rak ya meksa
mikir.” “Lho, putrane Ibu ki aku apa dheweke?”
“Yak owe. Nanging ….. Durung nganti Bu Padma rampung olehe ngomong, wis disaut dening Lintang :
“Lha yen putrane Ibu ki aku, mesthine ya aku kang dipikirake. Dudu dheweke. Aku sengit yen Ibu tansah nyebut-nyebut wong siji iku wae.” Nalika Prau
Gonjing, 1993: 26
Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang ningali Bu Padma saweg lenger-lenger sajak saweg menggalih Gino. Lajeng Lintang duka marang Bu
Padma amargi tansah menggalih Gino. Lintang boten remen menawi Bu Padma tasih menggalih saha nyebat-nyebat asmanipun Gino.
o. Lintang cubriya marang Bu Padma
Lintang cubriya marang Bu Padma inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud duka. Raos duka ingkang dipunraosaken
dening paraga Lintang amargi cubriya marang Bu Padma saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
“Ibu kang kandha yen aku ana kene?” pitakone karo mingseg-mingseg. Dhadhane isih krasa seseg lan lara. Merga saking bangete rasa
mangkele. Nalika Prau Gonjing, 1993: 34.