q. Prodhuksi susu mrosot
Prodhuksi susu mrosot inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud duka. Raos duka ingkang dipunraosaken dening paraga
Lintang amargi pradhuksi susu mrosot saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
“Iki geneya prodhuksine susu kok selot dina selot mrosot. Gene kowe kok ora gelem laporan?” pitakone Lintang karo nuding cathetan-cathetan
setoran susu menyang KUD. Uga kang dikonsumsi kanggo karyawan, lan mesthi wae sing diombekake marang pedhet, kabeh dicathet kanthi
tertib.
“Anu, Bu. Kula badhe matur sajakipun Ibu sibuk terus. Lajeng mboten temtu. Mrosotipun prodhuksi susu menika, sebab kathah lembu ingkang
dipunstop. Sampun wancinipun ….” Cahyana ora nerusake guneme. Dheweke mesem.
“Wancinipun ngapa?” pangubere Lintang. “Bunting”
Lintang malih mesem. Ora sida nesu. Lan nganti awan dheweke nerusake anggone mriksa buku-buku. Sawise rampung banjur lunga.
Nalika Prau Gonjing, 1993: 90.
Saking pethikan wonten ing nginggil Lintang saweg mriksani cathetan prodhuksi susu perahipun. Dumadakan Lintang ngraos duka marang pegawenipun
ingkang nama Cahyana, amargi ningali prodhuksi susu ingkang mrosot. Cahyana ngandharaken bilih prodhuksi susu saged mrosot amargi kathah lembu ingkang
dipunstop prodhuksinipun amargi sampun wekdalipun bunting. Lajeng Lintang saged mangertosi kawontenan menika.
r. Kepanggih kaliyan Sinung
Kepanggih kaliyan Sinung inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud kaget. Raos kaget ingkang dipunraosaken dening
paraga Lintang amargi kepanggih kaliyan Sinung saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika.
Lintang lagi arep nglakokake jarane bali nalika dumadakan saka arah mburi keprungu swara tumapake jaran kang banter banget. Prok ….
prok …. prok ….. saka swarane wae bisa dipesthekake, yen jaran kuwi mesthi gagah banget. Lintang banjur noleh.
Atine krasa nratap nalika mripate tabrakan karo wong sing nunggang jaran kuwi.
“Lintang?” pambengoke wong kang numpak jaran mau ora kalah kagete. Wong mau banjur nggeblas ninggalake papan kono. Jarane
diplayokake banter banget. Nganti Lanang merem dhipet merga wedi. Nalika Prau Gonjing, 1993: 76.
Saking pethikan wonten ing nginggil, Lintang saweg mlampah-mlampah nitih jaran kaliyan Lanang. Dumadakan saking wingking wonten swanten
tumapakipun jaran ingkang banter sanget, Lintang banjur noleh. Manahipun kraos nratap nalika ningali tiyang ingkang nitih jaran menika. Lintang kaget sanget
nalika mangertosi bilih ingkang nitih jaran menika Sinung, kancanipun Gino. Sinung nimbali Lintang, ananging Lintang banjur kesah nilar papan menika.
s. Swasana villa boten kados ingkang dipunbayangaken
Swasana villa boten kados ingkang dipunbayangaken inggih menika perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang awujud
kaget. Raos kaget ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang amargi swasana villa boten kados
ingkang dipunbayangaken saged dipuntingali saking pethikan menika. Lintang nyurung lawang mau. Dheweke jumangka mlebu. Nanging lagi
oleh pirang pecak ngono, jangkahe kandheg. Dheweke njenger. Swasana ruwang villa ora kaya dibayangke. Peteng lan singup. Nanging malah
kosok baline. Padhang lan resik. Nalika Prau Gonjing, 1993: 96.