Mandiri Perwatakan Paragatama Lintang wonten ing Novel

Karo nyawang kandhang jaran sing ora adoh ing ngarepe, angen- angene Gino bali direnggani dening wewayangane Lintang. Hem …. yen manut keterangan sing sempat dikumpulake mau bengi, saka wong-wong sing bisa dipercaya, kesugihane Lintang kuwi wis tumpuk undhung. Sebab usaha kang ditangani pancen macem-macem. Nanging ana siji bab sing Gino rada ora pati percaya karo keterangane wong-wong kuwi. Jare Lintang olehe tuku lemah pertanian kuwi kanthi cara peksan. Ah, mosoh iya? Gino wis suwe kenal karo Lintang. Lan mesthi wae dheweke uga ngenal watak wantune. Mula angel dipercaya yen Lintang kang alus bebudene iku gelem main peksan kaya kang dicritakake wong-wong iku. Nalika Prau Gonjing, 1993: 89. Saking pethikan wonten ing nginggil, paraga Lintang anggenipun tumbas siti pertanian kanthi cara peksan. Cara menika ngetingalaken bilih paraga Lintang gadhah sipat srakah kanthi migunakaken cara-cara ingkang boten sae kangge nggayuh kasuksesanipun.

l. Angkuh

Angkuh inggih menika sipat ingkang gumedhe utawi boten semanak Poerwadarminta, 1939: 16. Tiyang ingkang gadhah sipat angkuh boten kersa srawung kaliyan tiyang sanes. Paraga Lintang ugi gadhah sipat angkuh, sipat menika saged dipuntingali saking pethikan wonten ing ngandhap menika. Sapungkure Beja, Sinung bali lenger-lenger maneh. Kumlebat wewayangane Lintang kang numpak jaran karo bocah cilik. Banjur wanita iku mundur lan terus nggeblas nalika disapa. Geneya dheweke kayane kok ngindhaki aku? Pitakonan iku tansah ngreridhu pikirane. Ah, bah Apa pedhuliku? Ora dikenal dheweke ya ora patheken Pamupune Sinung pungkasane merga dheweke emoh yen pikirane tansah diribeti dening wadon ayu kang angkuh iku. Nalika Prau Gonjing, 1993: 82. Saking pethikan wonten ing nginggil, sipat angkuh ingkang dipungadhahi paraga Lintang ketingal nalika piyambakipun kepanggih Sinung. Nalika Sinung nyapa Lintang, dumadakan Lintang malah langsung kesah tanpa peduli kaliyan Sinung. Id ndadosaken Lintang angkuh saengga boten nanggepi panyapanipun Sinung.

2. Wujud Konflik Psikis Paragatama Lintang wonten ing Novel

Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti. Saking prastawa-prastawa ingkang kadadosan wonten ing cariyos, saged mujudaken konflik ingkang kompleks ingkang saged narik kawigatosan pamaos. Jinising konflik wonten ingkang konflik psikis utawi batin saha konflik fisik. Konflik psikis inggih menika konflik ingkang kadadosan wonten ing manahipun paraga. Konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti inggih menika.

a. Gemes

Gemes inggih menika raos ngigit-igit banget Poerwadarminta, 1939: 142. Raos gemes saged dipunraosaken marang satunggaling perkawis utawi marang tiyang sanes. Raos gemes ingkang dipunraosaken dening paraga Lintang ketingal wonten ing pethikan menika. “Njenengan ki pancen bandel. Bola-bali dikandhani, dhahar aja telat, pancet wae. Saben ndina yen ora diuprak-uprak dhisik ya ora kersa dhahar. Hehm … aku gemes. Wong bandel kok dipek dhewe. Mengko yen mag-e kumat ya lagi krasa.” Driji alus kuwi mampir ing pupune. Gino mlengeh. Banjur klunuh-klunuh marani wastapel. Nyabun tangane sing gubrat cat minyak. Lintang wis ngenteni ana mburine karo siap kain lap. Kanthi tlaten wanita iku nunggoni dheweke mangan sega rampadan sing diladekake. Gino pancen duwe kebiyasaan elek. Yen wis kadhung asyik nglukis, dheweke bisa lali sakabehe. Mangan, ngombe …. wis pokoke mengko ngerti-ngerti wetenge banjur krasa lara. Lha priye, yen wis kadhung oleh tengah-tengah ngono kuwi arep ninggal eman-eman. Mengko mundhak kaco. Lintang banjur duwe iguh pratikel. Angger wayahe mangan, Gino isih katon asyik karo lukisane, wanita iku banjur ngalahi njupukake sega salawuhe komplit karo buah lan ngombene, diladekake marang Gino ing njero studio. Dadi Gino wis ora perlu