Tlaten Pangerten Perwatakan Paragatama Lintang wonten ing Novel
Padma. Dheweke mung tumungkul, nyawang jobin. Dumadakan ora ngerti, kudu ngomong kepriye marang mara tuwane wadon kuwi. Nalika
Prau Gonjing, 1993: 15
Saking pethikan wonten ing nginggil, watak mutungan saking Lintang ketingal saking pamanggihipun Bu Padma.
Id ingkang dipungadhahi Lintang ndadosaken piyambakipun boten purun mirengaken Bu Padma ingkang ndhawuhi
Lintang kondur dhateng griyanipun Gino. Lintang tetep mutung boten purun kondur amargi sampun manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino. Sipat
mutungan ugi ketingal wonten ing pethikan menika. Bu Padma gedheg-gedheg karo ngelus dhadha. Oh, bocah kok kakune
ora jamak. Gek sapa ta sing diturun? Wong swargi bapake ki masiya kaku ning ya ora kebangeten kaya kuwi, batine. Nalika Prau Gonjing,
1993: 26.
Bu Padma boten ngira menawi Lintang gadhah sipat mutungan, amargi Bu Padma saha swargi Bapakipun Lintang boten wonten ingkang gadhah sipat
kados mekaten. Nalika Lintang bibar nampi tilpun saking Gino, ugi ngetingalaken sipat mutungan. Sipat menika saged dipuntingali wonten ing pethikan menika.
Klik Tilpun langsung dibanting dening Lintang. Tangise ambrol tanpa bisa dibendung maneh. Tangis merga mangkel. Kurangajar sing lanang
kuwi. Dheweke ngakoni salah, nanging isih jual mahal. Mungkin upamaa dipethuk, dheweke isih mikir ping sewu dhisik yen kongkon mulih. Rasa
serike isih during mendha. Dheweke isih mbutuhake wektu kang dawa kanggo nglalekake atine sing kebacut rengka iku. Apa maneh iki mung
dihubungi liwat tilpun. Huh Aja ngimpi. Aja gembagus dhisik. Ora bakal aku bali lan ngrerepa njaluk diwelasi. Ora bakal najan tanpa priya, aku
bisa urip. Arep dakbuktekake Batine Lintang kemrungsung. Mangkele karo sing lanang pancen tekan mbun-bunan. Nalika Prau Gonjing,
1993: 34.
Sasampunipun nampi tilpun saking Gino ingkang ndhawuhi Lintang kondur piyambak dhateng griyanipun Gino amargi Gino saweg wonten ing Bali,
Lintang dumadakan duka saha mangkel manahipun. Manahipun tetep kaku, boten
purun nuruti menapa ingkang dipundhawuhaken dening Gino. Lintang boten badhe kondur, piyambakipun badhe mbuktekaken bilih piyambakipun saged
gesang tanpa priya wonten ing sisihipun.