Sasampunipun maos sedaya isinipun novel, lajeng data ingkang gayut kaliyan wosing perkawis ingkang badhe dipuntaliti dipunparingi tandha. Data
ingkang sampun
dipunpanggihaken kala
wau dipunmangertosi
saha dipuninterpretasi tumrap ancasipun panaliten.
Cara panaliten salajengipun inggih menika panyeratan data ingkang sampun dipunpanggihaken kala wau wonten ing kartu data. Cak-cakanipun
ingkang dipumlampahi wonten ing teknik panyeratan inggih menika: 1 nyerat asiling deskripsi inggih menika bab perwatakan, wujud konflik psikis, perkawis
ingkang njalari konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga utama, saha cara anggenipun mungkasi konflik psikis ingkang dipunlampahi paraga utama
wonten ing novel Nalika Prau Gonjing, 2 nyerat pethikan-pethikan data wonten ing novel Nalika Prau Gonjing ingkang awujud ukara utawi paragraf.
E. Pirantining Panaliten
Pirantining panaliten inggih menika piranti ingkang dipunginakaken kangge sarana pados saha ngempalaken data. Pirantining panaliten ingkang
dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika kertu analisis data. Kertu analisis data dipunginakaken kangge nyerat data-data pethikan saha narasi
ingkang wonten
ing novel
Nalika Prau
Gonjing. Data-data
ingkang kapanggihaken, ingkang wonten gayutanipun kaliyan wosing perkawis, lajeng
data menika dipunserat wonten ing kertu data. Data-data kasebat dipunanalisis perwatakan, wujud konflik psikis, perkawis ingkang njalari konflik psikis, saha
cara anggenipun mungkasi konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga
utama. Kertu analisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten, kados ing ngandhap menika.
Tabel 1. Data Perwatakan Ingkang dipungadhahi dening Paraga Lintang
wonten ing Novel Nalika Prau Gonjing Anggitanipun Ardini Pangastuti
No. Data
Pethikan Data Seri
Kaca Perwatakan
Struktur Kapribaden ingkang Gadhah
Konflik Psikis Id
Ego Super
Ego 1
11 Nyinyir
√
Katrangan Tabel:
Nomer Data, inggih menika nomer urutipun data ingkang dipunpendhet. Pethikan Data, inggih menika kutipan data ingkang dipunpendhet saking novel
Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti. SeriKaca, inggih menika nedahaken seri saha kaca saking pethikan data ingkang
dipunpendhet. Perwatakan, inggih menika wujud watak ingkang dipungadhahi Paraga Lintang
wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti. Struktur Kapribaden ingkang Gadhah Konflik Psikis, inggih menika nedahaken
jinising watak adhedhasar teori psikologi Sigmund Freud inggih menika Id, Ego, saha Super Ego.