122
Pada tuturan 3, Partini sangat menghormat mitra tutur yaitu Ibu. Sebutan Ibu dalam kekerabatan Jawa merupakan sebutan honorifik atau penghormatan, sehingga harus
dihormati apalagi jika hubungannya tidak intim. Penanda penghormatan terletak pada kata
aturi dhahar ’silakan makan‟ yang dikontraskan dengan kata sampun nedha ‟sudah makan‟ untuk penutur Partini, yang menggunakan krama lugu yaitu nedha. Pemakaian
kata ini sebagai wujud penghormatan dengan cara merendahkan kedudukan penutur dari mitra tutur.
Dari contoh di atas dapat dipetik pelajaran bahwa wujud penghormatan pada tuturan Jawa baik pada tingkat tutur ngoko ataupun krama memiliki pola dengan cara
mencampurkan kata ganti dan kata kerja jenis krama inggil pada tuturan yang digunakan. Jikalau demikian sebetulnya tidak ada kesulitan pada pembelajar bahasa Jawa untuk
menggunakan tingkat tutur yang tepat pada saat berkomunikasi. Kuncinya hanya menghafal sejumlah kurang lebih 150-an kosa kata krama inggil untuk disisipkan pada
tuturan yang digunakan sebagai sarana menghormat. Apabila tidak menghormat cukup menggunakan kata-kata ngoko lugu jika berkomunikasi dengan tingkat tutur ngoko, dan
krama lugu jika berkomunikasi dalam tingkat tutur krama. Satu lagi kunci penting jangan pernah menggunakan kosa kata krama inggil untuk diri sendiri.
Seluruh contoh pada uraian tersebut di atas adalah jenis tuturan dialog. Penerapan unggah-ungguh basa dalam wacana lisan tidak hanya digunakan dalam bentuk dialog
saja, tetapi digunakan pula dalam narasi, deskripsi, argumentasi dan lain sebagainya. Disamping digunakan di dalam wacana lisan unggah-ungguh basa juga digunakan dalam
wacana tulis dalam jenis yang sama. Berikut ini akan disampaikan beberapa tipe wacana lisan dan tulis yang menggunakan bahasa Jawa dengan unggah-ungguh yang sesuai
dengan konteks tuturnya.
3. Unggah-ungguh Basa dalam Wacana Lisan dan Tulis
a. Wacana Lisan Dialog
Contoh berikut adalah dialog Wiwaha dengan keluarga R. Hargaprawira, dalam tingkat tutur krama alus hormat, madya krama dan ngoko....
Wiwaha: ”Inggih Bapak namung sasami-sami, kula rumaos kawula ingkang namung sadermi nglampahi, salajengipun kula sumanggakaken dh
ateng Pangeran.”
123
R. Harga: ”O, inggih nak, menika kasinggihan sanget, samenika kepareng boten kepareng panjenengan kula aturi pinarak dhateng pondhok kula. Sepisan
kula kepengin ngkajengaken sedherekan kalian anak, kapingkalih panjenengan ngiras pantes lerem sawetawis, ngentosi dadosing sepedha
motor ingkang bade dipun dandosi rumiyin.”
Wiwaha: ”O, inggih Bapak sakelangkung nuwun. Menawi saestu boten wonten pakewedipun, kula inggih sagah keparenga nedahaken griyaning montir
rumiyin ingkang saged ndadosi sep edha kula.”
R. Harga: ”E, sampun ta, boten sisah panjenengan purugaken piyambak mangke kanjengipun dipunbekta rencang kula kemawan. Kang sopir sepedha motor
niki mangke mang terke ten griyane Amat montir. Mang criyos yen seking kula ngresaya ken disikake
panggarape. Sesuk esuk sageta empun dadi.” Sopir : ”Sendika.”
R. Harga: ”Ayo Ndhuk. Mangga nak nitih oto kula kemawan.” Wiwaha
: ”Kepareng kula sopiri kemawon Bapak. Panjenengan lenggah wingking mawon.” ...
Dikutip dari novel Jodho Kang Pinasthi, halaman 13
b. Wacana Lisan Deskripsi
Wacana ini menggunakan tingkat tutur ngoko. Mungguh ing kutha Purwareja, anake wadon Raden Hargaprawira, opseter alas ing
kutha iku, dadi kekidunganing para mudha. Pancen ora nggumunake amarga R. Rara Hartati tuhu sulistya ing warna. Yen cinandra citrane Sang Rara, meh bisa ngepleki
kaya critane kiyai dalang kang mengkene: Sang Rara adedeg pideksa, pawakan pindha winangun, ora bentrok ora wiwing, weweg gilik awutuh. Pakulitane kuning
tanggung aresik, memanise mandhes mulek muket ati. Rambut dawa semu ngembang bakung. Godheg nguduk turi, athi-athi nyakentik. Alis jalirit ireng menges pindha
cecorekan. Mripat blalak-blalak agilar-gilar lir sesotya. Irung ngrungih, lambe anggula satemlik, mblenger menis-menis gawe gemese kang pada nyawang. Bawane kenya
lagi umur 20 taun mlaku, yen kembanga nedeng megar ambabar gonda amrik minging angambar, maweh brangta kang samiya andulu dasar anom ayu merak ati malatkung,
124
kathik kursusan saka SMP pisan bisa matrabake lan mematut busana kang katrab ing awake. Suwara gandhan atanduk, solahe trepsila araga-raga karana. Mula pantes wae
sang pinda Srikandi ing hargo prawiran dadi ojating para mudha ing kutha Purwareja, dadi kembang lambe ing pasrawungan...
Dikutip dari novel Jodho Kang Pinasthi,halaman 7
c. Wacana Lisan Narasi
Wacana ini menggunakan tingkat tutur ngoko.... Wis wetara patang sasi Raden Hargaprawira manggon ing kutha Kendal. Omahe
dumunung ing sawetan kabupaten let limang surup. Dining alihe mau mung let rong sasi karo lelakon anggone nemu pamitran anyar nom-noman kang meh numbuk anake
wadon mbiye. Sanalika Raden Harga uga kirim kabar bab malihe marang R.M.Wiwaha. Nanging nganti suwe durung ana kabar meneh saka anake temon iku.
Ing sawijining dina Rara Hartati lungguh ana sangarapeng jendela kang menga sumeblak. Kerep wae salahsawijining kulawarga Hargaprawiran lungguh ana ing kana,
amarga yen saka kana mau pada bisa nyawang sesawangan kang endah ngalangut, gawe sengseming pandulu. Nanging nalika samana Rara Hartati ora ngasaake marang
endahing sesawangan, senajan uga nyekel buku wacan kandel, nanging ora diwaca. Sajake Sang Rara nuju kena ing sambang palamunan. Apa baya kang dadi rasaning
atine? Sejati kang digagas-gagas Rara Hartati,dene aneh temen awake meh waras laraning ati anggone diserikkake deneng tilas pacangane. Malah nalika maca
pakabaran anggone Raden Hardana pepacangan kara Rara Srikandani, putrane ingkang wedana ing boja, Rara Hartati ora duwe rasa serik utawa ngrantes ngapa teka
atine bisa ngeklasake kang semana. Apa saka pituture rama lan ibune. Apa jalaran saka keslamur anggone nindaake pagawean baleomah kang luwih abot. Bisa uga kang
jalaran saka iku. Dene sabenere kang dadi tambaning reh atine iku, saka daya kang dumunung ana sajroning kertu pos kawuk, kang saiki dumunung ana ing sajroning laci
meja tulise ramane. Kertu pos mau asli saka Sala, ditulis deneng sawijining jejaka kang meh ngurbanake jiwane kanggo mitulungi Sang Rara.
Dikutip dari novel Jodho Kang Pinasthi, halaman 44
125
d. Wacana Lisan Pidato
Wacana ini menggunakan tingkat tutur krama. Sesorah Pasrah Calon Pengantin Kakung.
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatu. Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat
arupi kesehatan dalasan kalodhangan wekdal, saengga kula, Kangmas Sukarjiya sakkulawarga dalasan panjenengan sami saged sowan wonten dalem ngriki lir ing
rubeda.
Mboten kesupen sholawat dalasan salam katur wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhammad SAW, kulawarga dalasan para sahabat, lumebering para umatipun dumugi
ing samangke.
Para sepuh, adi sepuh, para pangembating praja ingkang tuhu pantes tinulad, Bapak- bapak, Ibu-ibu dalasan para tamu ingkang kula hurmati, keparenga kula matur wonten
ngarsa panjenengan sekaliyan, awit minangkani dhawuhipun Kangmas Sukarjiya sarimbit, kula kapurih matur wonten ngarsanipun Bapak Asngadi sakulawarga,
kepareng anglajengaken atur ingkang sesambetan kaliyan pikajengan nyaketaken pasedherekan sarana handhaupaken anak kula pun Nugraha Kuncara Yekti kaliyan
putra putri panjenengan ingkang sesilih Nimas Ayu Catur Asmarayani.
Awit saking menika, Kangmas Sukarjiyo sakkulawarga ngaturaken sungkem dhumateng para sepuh, salam taklim dhumateng Bapak Asngadi sakkulawarga, saha
pakurmatan dhumateng sagung para lenggah. Atur saklajengipun keparenga Kangmas Sukarjiyo sarimbit lumantar kula, ing titiwekdal menika hamrasrahaken putra
kakungipun ingkang peparab pun Nugraha Kuncarayekti dhateng Bapak Asngadi Sakkulawarga, kanthi panyuwun mugi Bapak Asngadi kersa nampi dalasan
handhaupaken utawi hangijabaken anak kula Nugraha Kuncarayekti kaliyan ingkang putra putri pun Nimas Ayu Catur Asmarayani, jangkep satata lampahipun. Dene atur
saklajengipun Kangmas Sukarjiyo namung saged matur sumangga kersa ing saklajengipun menggah titilaksitaning pahargyan.
Para tamu ingkang tuhu kinurmatan, mekaten menggahing pikajengan ingkang sampun kawedhar, ing saklajengipun Kangmas Sukarjiyo kepareng ndherekaken putra
kakungipun ing samangke, mugi karengkuha kadi putra pribadi wonten kulawarga ngriki, mbokmenawi ing samangke wonten duna dungkaping lampah dalasan kiranging
pangertosan mugia panjenengan kersa hamrenahaken tanpa ringa-ringa ing penggalih.
126
Hamungkasi atur mboten ngaping kalihi, samangke ing purnaning gati Kangmas Sukarjiyo sakkulawarga nyuwun agunging samodra pangaksami mbokbilih anggen kita
sowan wonten solah bawa una-uni ingkang kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan sami, mliginipun kulawarga ageng Bapak Asngadi. Ing wusana, kula
sakgotrah samangke nyuwun pamit madal pahargyan wangsul dhateng Ngayogyakarta, kanthi panyuwun donga pangestu panjengan mugi lampah kula
sedaya kalis sing sambekala.
Para tamu ingkang minulya, mekaten ingkang dados atur kula pinangka talang basa, dene pinangka atur kula pribadi, keparenga kula nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami saking para tamu, dalasan kulawarga ageng Bapak Asngadi, mbokbilih anggen kula matur kirang trawaca dalasan kirang subasita. Wusasaning atur wabilahi
taufik wal hidayah wassalammu’alaikum warahmatullahi wabarakatu.
e. Wacana Tulis Dialog, Deskripsi, Narasi, dan Pidato
Contoh-contoh di atas bisajuga disebut sebagai wacana tulis dialog, deskripsi, narasi, dan pidato. Wacana di atas dapat dikatakan sebagai wacana lisan jika
disampaikan dalam tuturan lisan, tetapi jika dipandang dari penuturan gagasan dalam bentuk tulisan bisa dikatakan sebagai wacana tulis.Wacana di atas bisa digunakan
sebagai contoh dua jenis wacana tersebut sekaligus.
4. Teknik Berlatih Menggunakan Unggah-Ungguh Basa dalam Media Wayang Purwa