60
11. Pirembagan
1. Menapa sebabipun ingkang ngruwat tiyang utawi lare kedah Dhalang Kandha Buwana?
2. Tiyang ingkang damel griya kesupen pasang tutup keyong kalebet tiyang sukerta. Nalaripun menawi griya boten dipunsukani tutup keyong kathah sambekala
antawisipun angin mlebet santen saged ndadosaken sakit ingkang gadhah griya, maling gampil mlebet, kucing, tikus ugi gampil mlebet. Kapadosna 10 tiyanglare
sukerta miwah andharan nalaripun? 3. Manut pamanggih panjenengan kados pundi panganggep sukerta saha ruwatan
ing jaman modern menika?
C. Jamasan Pusaka
Jamas utawi kramas menika ngresiki utawi nyirami mustaka. Kanthi dhasar ngelmu titen , tiyang Jawi taksih kathah ingkang pitados bilih keris, tumbak, pedhang, tuwin cundrik,
menika kalebet tosan aji, lnggih menika kalebet barang tetilaran ingkang ageng pengaosipun, pramila kedah karimat kanhi nastiti, ngati-ati, tuwin premati, amrih tetilaran
menika saged lestari. Kanthi dhasar nastiti, tiyang Jawi wonten ingkang gadhah pamanggih bilih njamasi pusaka menika prayoginipun katindakaken ing wulan Sura, jalaran wulan Sura
menika wulan sepisan tumrap warsa Jawi, pramila sadaya kedah resik, kangge murwakani warsa enggal kanthi alelandhesan kasaenan. Kanthi makaten, menapa kemawon ingkang
katindakaken ing taun ngajeng badhe lumampah kanthi sae, jalaran sadaya ingkang awon ing taun kapengker sampumn dipun icali.. Wonten ugi ingkang gadhah pamanggih bilih
wulanm ingkang sae kangge njamasi pusaka menika wulan Ruwah, jalaran ngajengaken badhe siam, pramila sadaya kedah dipun resiki. Wonten ugi ingkang gadhah pamanggih bili
sadaya dinten menika sae, namung gumantung niyatipun kemawon, jalaran tosan aji menika menawi mboten dipun rimat, gampil nimbrah , pamoripn lajeng mboten katingal. Malah
wonten ugi ingkang gadhah pamangghih, bilih tosan aji kanthi dhapur tartamtu gadhah watak ingkang tartamtu ugi. Tuladhanipun keris dhapur Sabuk Inten menika anggenipun
njamasi Ahad Kliwon. Wondene keris ingkang dhapur Nagasasra, dinten ingkang prayogi kangge njamasi inggih menika dinten Kemis Kliwon. Dinten Jumuwah Kliwon menika prayogi
sanget kangge njanmasi keris dhapur Tilam Sari, Tilam Upih, tuwin dhapur Pandhawa. Dhapur Jalak dinten Setu Paing. Dhapur Sengkelat dinten Setu Wage, Dhapur Jangkung
dinten Senin Pon, Dhapur Sabuk Tampar dinten Selasa Paing, Dhapur Kebo Lajer dinten Selasa Legi, dhapur Semar Mesem dinten Rebo Paing, menawi Cundrik dinten Kemis Pon.
Tuladha dhapur Pusaka Sawatawis 1.
Dhapur Nagasasra 2.
Dhapur Singabarong 3.
Dhapur Tilam Upih 4.
Dhapur Pandhawa ubarampe Jamasan Pusaka
a. toya sekar setaman b. warangan, arsenikum
c. meja alit, sikat alit ingkang alus d. mori pethak
e. jeruk nipis f. lisah cendhana
g. dupa Lampahing Upacatra
a. pusaka kawedalaken saking papan panyimpenan, kabekta
medakl mawi baki kanthi tatacara tartamtu tumuju dhateng papan pasiraman
b. juru jamas lenggah sawingkinging meja alit, lajeng mbesem
dupa,kanthi maos mantra, utawi donga tertamtu.
61
c. pusaka-pusaka ingkang badhe dipun sirami dipun dalaken
saking warangka, kanhi subasita ingkang trep kaliyan masarakat
d. pusaka kalebetakan ing toya, dipun gosok mawi jeram nipis ,
dipun sikati ngantos resik saestu, lajeng kabilas mawi toya sekar, ljemg dipun warangi.
e. Pungkasan menawi sampun atus, lajeng dipun olesi mawi
lisah cendhana, lajeng kalebetaen ing warangka kasimpen malih ing papan panyimpenan.
D. Bersih Desa Miturut dedongenganipun upacara barsih desa menika wonten gegayutanipun kaliyan
cariyos utawi lelampahanipun Dewi Sri inggih menika dewining pangayoman, dewinipun
pantun ingkang dados tedha baken tumraping tiyang Jawi. Mila nboten aneh menawi cariyosipun Dewi Sri menika sumebar kanthi wiyar tebanipun. wonten ing cariyos
pewayangan tuwin ing cariyos masarakat ingkang ngrembaka kanthi lesan. Wonten ing cariyos jaman kina, Dewi Sri asring pikantuk sesebatan Dewi Laksmi, Dewi
Padma, Dewi Kumala tuwin Dewi Indhira. Dewi Sri dipun wastani dewi nasib, kasarasan tuwin kasulistyan. Dewi Sri manjalmi dados Dewi Sinta garwanipun Rama. Wonten cariyos
ingkang langkung enem dados garwanipun Kresna sesilih Rukmini putrining nata negari Kundhina.
Ing cariyos serat Tantu Panggelaran ingkang dipun panggihaken rikala jaman Majapahit, dipuncariyosaken bab peksi klangenanipun Dewi Sri tuwin tuwuhipun pantun. Dewi Sri
kagungan peksi ingkang kawastanan perkutut, puter, derkuku, tuwin dara wungu. Rikala peksi menika mencok wonten satunggaling pang, dumadakan dipungepyok dening Werti
Kandhayan putranipun Werti Kandhihawan.Telihipun peksi menika bedhat, isinipun medal awujud gabah. Telihipun peksi perkutut isi gabah wosipun pethak, telihipun peksi puter isi
gabah wosipun jene, dene telihipun peksi derkuku isi gabah wosipun abrit, tuwin telihipun peksi dara wungu isi gabah wosipun cemeng. Prabu Makukuhan, narendra ing nagari
Purwacarita, mundhut gabah ingkang isi wos pethak, abrit, tuwin cemeng. Gabah warni tiga menika lajeng kadadosaken wiji, katanem, tangkar-tumangkar ngrembaka ngantos wekdal
samenika. Mila ngatos sapriki ing tanah Jawi wontenipun inggih wos pethak, wos abrit, tuwin wos cemeng.Gabah ingkang isi wos jene katanem, thukul dados wit kunir. Ing upacara-
upacara adat, kadhang kala mbetahaken uwos jene, umpaminipun menawi betah sekul punar. Uwos jene sok kangge sawur rikala ngusung kunarpa dhateng kramatan, ngluwari
punagi, tuwin sapanunggalanipun. Salah satunggaling carios rakyat nyariosaken menawi pantun menika asalipun tuwuh saking
kunarpanipun Dewi Sri. Rikala Sri tuwin Sadana ngancik diwasa, kalih-kalihipun kesengsem, kepingin jejodhoan. Bathara Guru mboten marengaken, nanging Sadana adreng anggenipun
badhe ndadosaken Dewi Sri jatukramanipun. Bathara Guru duka, kalih-kalihipun dipun sepatani, wasana pejah. Kunarpanipun Sadana kabucal dhateng seganten, nuwuhaken ulam
tuwin kewan seganten. Kunarpanipun Dewi Sri kapetak ing siti dening Bathara Narada, wasana tuwuh tetuwuhan ingkang dipunwastani pantun. Tetuwuhan wau dipunopeni dening
para tani ing Mendhang Kamulan.Tiyang ingkang pitados dhateng carios menika mestani menawi pantun menika jasatipun Dewi Sri. Kacarios Dewi Sri muksa minggah dhateng
kawidadaren ing Kahyangan, dipunanggep dados pangayoman tuwin dewining pantun. Wonten upacara wiwit ingkang kalampah ing dinten ngajengaken methik pantun ingkang
sepisan, dipunsaranani kanthi methik pantun sawatawis ingkang cacahipun ronggen wulen} miturut gunggung neptuning dinten. Ronggen pantun menika dipunenam utawi dipunklabang
lamenipun,lan dipun tangsuli mawi lawe wenang. Anggenipun damel satunggal pasang, dipungandheng, dipunwastani Sri Sadana. Saumpami upacara wiwit dhawah dinten Rebo
Pon, pantun ingkang dipunpethik kawanwelas rongge kaping kalih.Pantun ingkang dipunwastani Sri Sadana menika dipunemban mawi slendhang sutra utawi bathik, kaboyong
62
wangsul.Salajengipun pantun menika dipunpepe, dipunsimpen ing lumbung ing salebeting upacara minggah lumbung, tuwin dipunpething dados wiji pinilih.
Para maos, kaparenga ngambali perkawis sajen ing upacara Bersih Desa. Menawi naliti wujudipun samukawis ingkang kacawisaken kagem sajen kenging dipundudud, ingkang
baken wujud sekul sekul pethak, sekul punar, utawi sekul jene, sekul gurih utawi sekul wuduk, lelawuhan ingkang dipunolah saking wohing tetanen, mekaten ugi unjukan,
dhedhaharan tuwin ubarampe sanesipun. Wujudipun sekul pethak ingkang dipunpetha piring mengkurep, dipunwastani sekul ambeng. Menika nggadahi suraos menawi wonten
sambetipun kaliyan alangan utawi reribed. Tembung ambengan tegesipun alangan. Dene menawi wujud tumpeng, menika lambang ingkang gadhah suraos kapitadosan babakan
sesambetanipun kawula tuwin Gusti. Dene menawi wujud golong utawi bal bunder, menawi ngemu suraos tuwin sedya ingkang sesambetan kaliyan golong giliking rembag ing
paguyuban, pasederekan, lan sapanunggalipun Ubarampe sanesipun menika minangka kurban ingkang dipunwakili dhateng menapa ingkang kaangkat dados sajen.Ujubing sajen
kacaosaken dhateng arwahipun para leluhur, arwahipun ingkang cikal bakal ing dusun menika, dhanyang ingkang mbaureksa desa lan sapanunggalipun. Bersih Desa ingkang
rowa tuwin pagelaran ringgit purwa kanthi lampah Sri Sadana kaprah dipun remeni dening para petani lan kerep katindakaken wonten ing padusunan. Tiyang-tiyang pitados menawi
Dewi Sri dewining pantun, dewining sandhang tedha, dewi pangayomaning para tani ingkang garap sabin tuwin tegal.
Kajawi Bersih Desa wonten malih upacara Ruwat Bumi tuwin Sesaji Gramawedha Gramameda, ingkang ancas tujuannipun sami kaliyan acara Bersih Desa.Wonten
sawatawis tiyang ingkang nganggep sami, nanging leresipun benten. Upacara menika limrahipun dipuntindakaken menawi ing dusun riku katrajang paceklik, awis sandhang tedha.
Tiyang-tiyang mestani bilih perkawis menika satunggaling sapudhendha, amargi kathah tiyang ingkang lampah dursila, nggangu damel ingkang mbaureksa dhusun, lan
sapanunggilanipun. Mila lajeng sami ngawontenaken sesaji kanthi pagelaran ringgip purwa. Wonten dhusun limrahipun mendhet carios Sri Bibit.
Wonten malih upacara ingkang satunggaltleraman kados Bersih Desa. Ing basa Jawi kino tembung dusun saget tegesipun laladan dhaerah,wilayah. Wilayah ingkang jembar kenging
dipunwastani negari.Upacara sesaji ingkang ancasipun kangge ngresiki negari, wonten carios kina wonren ingkang kasebat Aswameda, tegesipun kurban jaran. Dipunwastani
kurban jaran amargi upacaranipun mawi nyembelih jaran, dagingipun dipuniris-iris kacemplungaken ing prapen minangka kurban. Saderengipun dipunpragad jaran dipunarak
mubeng negari utawi mubeng kitha. Kurban aswameda katindakaken dening kulawarga Pandhawa sasampunipun perang Bratayuda. Kurban utawi sesaji menika ngemu kersa
kangge nglebur dosa tuwin ngresiki negari ingkang risak amargi perang. Wonren ugi carios kina ingkang ngandharaken upacara agung ingkang dipunwastani Rajasuya. Upacara
menika dipun tindakaken dening warga Pandhawa nalika Yudistira bade dados ratu. Sakmenika ugi taksih wonten upacara ingkang kasebat Sesaji Rajasuya. Upacara
katindakaken menawi nagari nandhang duhkita. Kedahipun upacara menika katindakaken ing upacara jumenengan ratu, tuwin saben dinten tanggap warsa tanggal lan dinten
jumenengan ratu. Ing jaman samenika taksih kathah upacara bersih desa , ingkang temtu kemawon kajumbuhaken kaliyan empan papanipun Tuladhanipun Upacara Bersih Desa ing
dhusun Ngino, Seyegan, Godheyan Sleman , Ngayogyakarta. Latihan
1. Mengapa masyarakat Jawa masih melaksanakan „Jamasan Pusaka
“hingga saat ini, dan apa manfaatnya? 2. Bagaimanakah langkah-langkah membersihkan pusaka yang baik?
3. Mengapa orang Jawa masih menganggap pusaka sebagai benda keramat? 4. Jelaskan perbedaan fungsi pusaka pada jaman dulu dengan jaman
sekarang? 5. Berikan beberapa nama dhapur pusaka yang saudara ketahui
dan hari yang baik untuk membersihkannya
63
6. Jelaskan keterkaitan antara bersih desa dengan tanaman padi di Jawa 7. Mengapa Dewi Sri dianggap sebagai Dewi perlindungan?
8. Bagaimana pendapat saudara, apakah upacara bersih desa masih perlu dilestarikan?
9. Berikan contoh upacara bersih desa yang saudara ketahui dan apa fungsinya?
10. Berikan argumentasi saudara tentang upacara bersih desa bagi generasi muda sekarang
BAB VI MENGENAL GAMELAN JAWA
A. Etika Karawitan
l. Menata dan meyiapkan pukul, di atas gamelan, pegangan di sebelah kanan. Pukul tidak diletakkan di bawah, diselipkan dalam gamelan. Kecuali tabuh gong, bisa diletakkan di
depan penabuh, tidak dalam lubang di balik gong. Tabuh gender juga diletakkan ke kanan kiri, agar memudahkan memegang jika hendak mulai.
2. Tidak etis jika melangkahi perangkat gamelan, untuk pindah ke tempat lain. 3. Menabuh sambil bicara,senda gurau, makan,merokok juga kurang bagus.
4. Seperlunya saja geleng-geleng kepala, sesuai irama, jika perlu,agar tidak terkesan kaku.
5. Boleh memejamkan mata, apabila telah mampu menabuh dengan tepat. 6. Tidakmembuang puntung rokok, botol aqua, bungkus makanan,dll.
7. Tak bagus bersin dan batuk yang tak terkendali 8. Tidak berjalan, glojag-glajig ke sana kemari dalam forum gamelan.
9. Cara duduk wanita timpuh, jika pakai celana pajang, bersila yang rapat, tidak ngowoh lebar. Laki-laki tidak jengkeng. Posisi berada di tengah gamelan.
10. Tidak tidur di atas gamelan, sambil menanti tabuhan, antawecana dalang misalnya. 11. Pada waktu jeda, tidak saling berbicara ngalor-ngidul dengan penabuh lain, kecuali
dalam konteks gendhing. 12. Menabuh sebaiknya tidak sambil menyangklong tas atau memangku bukucatatan,
akan mengganggu kebebasan gerak. 13. Minuman sebaiknya ditempatkan tidak di dekat kaki sila, akan tersenggol, tumpah.
Gambar contoh sikap menabuh bonang penerus
B. Cara Menabuh Gamelan
1. Posisi badan tegak menghadap ke depan. 2. Pria, bersila sila tumpang posisi kaki kiri di bawah kaki kanan, untuk putra.
3. Timpuh, posisi kedua kaki di bawah paha untuk putri.