Sesaji Ruwatan Ruwatan Ruwatan menika saking tembung lingga ruwat, rucat, utawi lukat ingkang tegesipun ngresiki

54 ruwatan taksih dipun tindakaken dening masarakat Jawi, jalaran taksih kathah ingkang gadhah pamanggih bilih tiyang-tiyang utawi lare ingkang nandhang sukerta menika suker kotor pramila kedah dipun resiki utawi dipun icali sesukeriopun. 1. Kedadosan-kedadosan tumindak ingkang dipun wastani papacintraka: 1. Tiyang ingkang ndhawahaken dandang piranti kangge bethak uwos 2. Nugelaken sela gilesan Jawi: pipisan 3. Nyukakaken uwos wonten ing lesung piranti kangge nutu pantun 4. Gadhah pakulinan ngobong rikma lan balung 5. Damel pager saderengipun griyanipun dados

2. Sesaji Ruwatan

1. Tuwuhan, arupi pisang raja, cengkir gadhing, tebu wulung, utawi tebu arjuna cacahipun 2 pasang, kapapanaken in g sisih kiwa tuwin sisih tengening kelir 2. Pantun sagedheng dumados saking sekawan iket kaperang dados kalih. 3. Klapa satunggal ingkang sampun ketingal kethosipun bade thukul 4. Ayam babon tuwin jago ingkang dipun cancang ing tuwuhan 5. Kajeng sekawan lonjor panjangipun 40 cm 6. Benang satunggal gulung 7. Klasa ingkang enggal selembar 8. Kupat luar ujar sekawan iji 9. Kajang sirah ingkang enggal setunggal 10. Sisir rikma utawi pethat 11. Serit setunggal 12. Pengilon setunggal 13. Payung setunggal 14. Lisah wangi setunggal botol 15. Ron lontar setunggal gegem 16. Nyamping bathik pitung motif 17. Peso utawi lading 18. Tigan ayam kampung kalih iji 19. Pisang ayu, suruh ayu kapapanaken sesarengan kaliyan krambil grondhil, gendhis setangkep, uwos sapitrah, tuwin ayam panggang setunggal 20. Toya saking pitung sumber dipun campur kaliyan sekar setaman ingkang kapapanaken ing bokor dipun sukani arta receh 21. Benang lawe setunggal iket 22. Lisah klentik kangge lampu blencong 23. Sekul gurih tuwin daging ayam ingkang dipungoreng 24. Badheg utawi legen setunggal gelas 25. Toya sulingan tebu setunggal gelas 26. Tumpeng 7 warni inggih menika tumpeng megana, tumpeng rajeg, tumpeng pucukipun tigan, tumpeng pucukipun lombok abrit, tumpeng tutul, tumpeng sembur, tuwin tumpeng robyong. 27. Jenang warni 7, inggih menika jenang dodol, jenang ketan, wajik, jadah, jenang lahan, jenang sungsum, jenang dlima. 28. Jajan pasar, arupi woh-wohan tuwin tetedhan maneka warni ingkang dipuntumbas ing peken 29. Kupat lepet 30. Jenang abrit, jenang pethak, jenang palang abrit, jenang palang pethak, tuwin jenang baro-baro 31. Rujak legi, rujak crobo 32. Pirantos kangge olah-olah alat-alat dapur 33. Kendhi isi toya ngantos kebak 34. Diyan enggal ingkang murub 55 Upara Ruwatan menika dipun pandhegani dening Dhalang Ringgit Purwa ingkang sampun pengalaman, kanthi mendhet lakon utawi lampahan “Murwakala.”, katindakaken wiwit siang kirang langkung jam 9 ngantos sonten. Kuwajiban tumrapipun ingkang karuwat, boten kenging nilar papan ingkang sampun katetepaken kangge pagelaran ringgit purwa menika ngantos paripurna. Sonten utawi dalunipun saged mendhet lampahan sanesipun ingkang temanipun kajumbuhaken kaliyan ingkang gadhah hajad. 3. Urut-urutaning Upacara Ruwatan 1 Upacara siraman, katindakaken wanci enjing, kirang langkung jam 8.00 WIB, dening ibunipun lare ingkang karuwat. mawi toya suci dipun lebeti sekar setaman utawi sekar pancawarna. Salajengipun lare ingkang karuwat dipunbusanani mawi busana adat Jawi ingkang sampun kasamaptakaken. Lare ingkang badhe karuwat lajeng kakanthi dening Ki Dhalang kadhawuhan sujud dhateng bapa tuwin ibunipun, dipun ampingi dening para pinisepuh saking kulawarganipun. Acara salajengipun inggih menika wilujengan mirunggan , kanthi maos donga mligi ingkang dipun rapalaken dening Ki Dhalang, ing sangajengipun para pinisepuh. Kirang langkung jam 16.00 WIB Jam 4 sonten, ropmbongan ingkang mbekta asesaji dhateng, lajeng kapapanaken ing papan ingkang sapun katemtokaken. Salajengipun rombongan lare ingkang badhe dipunruwat nyusul sawetawis wekdal. Lare ingkang dipun ruwat, bapak tuwin ibunipun sarta sesepuh dipunaturi lenggah wonten papan sanes, pisah. Semanten ugi sesaji ingkang dipun bekta urut-urutan wau dipun tata wonten papan upacara dening Ki Dhalang. Saderengipun gangsa katabuh mawi Ladrang Wilujeng Laras Pelog Pathet 6, Ki Dhalang maringaken 5 potong tebu wulungpanjangipun 40 cm, 21 sekar melati tuwin setunggal tunas klapa. Salajengipun Ki Dhalang ngersakaken rasukan nglebet gadhahanipun lare ingkang dipun ruwat wau. 2 Pagelaran ringgit purwa mawi lampahan Murwakala: Kirang langkung 3 jam wekdalipun Ki Dhalang mbeberaken ringgit purwa kanthi carios Murwakala. Nalika carios meh rampung, Ki Dhalang lerem sekedhap lan kalajengaken kanthi srah-srahan lare ingkang dipunruwat saking bapa tuwin ibunipun dhateng Ki Dhalang. Salajengipun lare ingkang dipunruwat dipunpangkas rIkmanipun kanthi simbolis dening bapa tuwin ibunipun. 3 Upacara Srah-srahan tuwin Pangkas Rikma: Kanthi mbekta gunting alit, kacu saputangan 2 lembar, bapa tuwin ibunipun lare ingkang dipunruwat ngadhep Ki Dhalang ngaturaken menapa niyatipun. Lare menika lajeng kapangku dening Ki Dhalang, bapa tuwin ibunipun nyaketi. Lare ingkang dipunruwat sujud wonten ngarsanipun bapa ibunipun. Salajengipun bapa tuwin ibunipun nggunting rikmanipun lare wau sekedhik lajeng kaparingaken wonten saputangan, lajeng dipun caosaken dhateng Ki Dhalang. Salajengipun Ki Dhalang nerasaken pagelaran ringgit purwa lampahan Murwakala menika ngantos rampung ingkang namung kantun sakedhik cariosipun. Sasampunipun pagelaran ringgit rampung, lare ingkang dipunruwat tuwin bapa ibunipun nyelaki Ki Dhalang ngaturaken panuwun lan salajengipun Ki Dhalang maringaken pangkasan rikma tuwin rasukan nglebet gadhahipun lare ingkang dipunruwat dhateng ibunipun minangka panulaking papacintraka tolakbala ing tembe wingking tuwin salajengipun. 4 Upacara Tirakatan: Sasampunipun upacara ing wanci enjing tuwin siang purna, dalunipun dipuwontenaken acara tirakatan kanthi pagelaran ringgit purwa. Adatipun mawi lampahan ingkang mentes isinipun, ingkang wonten gegayutanipun kaliyan nilai-nilai filsafat, kadosta Bima Gugah, Sentanu Banjut, tuwin sapanunggilanipun. Wonten tiyang Jawi ingkang gadhah kapitadosan bilih ing babagan tartamtu wonten kemawon sengakalanipun sambekalanipun, pepapalangipun, utawi sukretanipun pramila lajeng wonten tradhisi ruwatan. Ruwatan tegesipun ngruwat kangge ngicali sukreta sesuker utawi sial utawi mbucal sial satemah gesangipun ayem, tentrem, kalis saking nasib sial utawi awon. 56 Saleresipun inti ruwatan inggih menika ndedonga utawi nyenyuwun dhumateng Gusti Allah amrih paring rahmat saha berkah satemah kahanan sae, ayem tentrem, kalis saking bancanarubeda, murah sandhang pangan, kahanan adhem ayem, gesang adil makmur, kalis saking sambekala. Ruwatan massal wonten ing Kulon Progo Ruwatan katindakaken kanthi pribadi utawi kanthi sesarengan missal. Tumrap tiyang kuwawai beyanipun ruwatan katindakaken pribadi. Dene amrih entheng ing beya ruwatan ugi saged katindakaken missal. Malah samenika wonten instansi-instansi ingkang nindakaken ruwatan missal kadosta Javanologi, Jarahnitra, saha Yasayan Tamansiswa.

5. Sukerta